Masjid Babri
| Masjid Babri | |
|---|---|
Rear view of the Babri Mosque |
|
| Koordinat: 26°47′44″N 82°11′40″E / 26.7956°N 82.1945°EKoordinat: 26°47′44″N 82°11′40″E / 26.7956°N 82.1945°E | |
| Lokasi | Ayodhya, India |
| Madeg | Constructed - 1527 Destroyed - 1992 |
| Informasi arsitèktur | |
| Arsitèktur | Tughlaq |
Masjid Babri (Basa Urdu: بابری مسجد, basa Hindi: बाबरी मस्जिद), utawi Masjid Babur inggih menika satunggalipun masjid ingkang dipundamel déning Kaisar Mughal ingkang kapisan India, Babur, ing Ayodhya nalika abad kaping 16 Masehi.[1] Sadéréngipun warsa 1940-an, masjid menika nggadhahi nama Masjid-i Janmasthan (masjid papan kalairan).[1] Masjid menika jumeneng ing bukit Ramkot (saged ugi dipunsebat Janmasthan (papan kalairan)).[1] Masjid Babri dipunrisak déning sawetawis 150.000 tiyang saking kaum nasionalis Hindu ing tanggal 6 Desember 1992, wonten ing satunggalipun prastawa ingkang sadéréngipun sampun dipunrencanakaken, sanajan sadéréngipun Mahkamah Agung sampun nyegah wontenipun prastawa kasebat.[2][3]
Kaum nasionalis Hindu pitados bilih panglima perang Babur, Mir Baki sampun ngancuraken satunggalipun kuil Hindu ingkang sadéréngipun mapan ing situs masjid, kuil kasebat pinitados dipunwangun kangge méngeti miyosanipun Rama, inkarnasi saking Wisnu lan ugi panguwaosipun Ayodhya.[3] Ingkang unik masjid menika jéjéran kaliyan kuil rama.[3] Masjid Babri inggih menika masjid ingkang paling ageng ing dhaérah Uttar Pradesh, salah satunggalipun negari bagian India ingkang nggadhahi populasi muslim 31 juta tiyang.[4] Sanajan wonten sawetawis masjid sanèsipun ingkang langkung sepuh ing Kutha Ayodhya, satunggalipun dhaérah kanthi populasi muslim ingkang kathah, kalebet Masjid Hazrat Bal ingkang dipundamel ing wekdal jaman raja-raja Shariqi.[4]
Pranala Njawi [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c (en)[Sayyid Shahabuddin Abdur Rahman, Babri Masjid, 3rd print, Azamgarh: Darul Musannifin Shibli Academy, 1987, pp. 29-30.]
- ^ (en)Babri mosque demolition case hearing today dipunundhuh tanggal 21 Agustus 2011)
- ^ a b c (en)Tearing down the Babri Masjid - Eye Witness BBC's Mark Tully dipunundhuh tanggal 21 Agustus 2011)
- ^ a b (en)Indian Census dipunundhuh tanggal 21 Agustus 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.