Masakan Jepang
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Masakan Jepang (日本料理 nihon ryōri, nippon ryōri?) yaiku panganan kang dimasak nganggo cara masak kang tuwuh ngrembaka kanthi unik ing Jepang lan migunakaké bahan pangan saka Jepang lan sakupengé. Ing basa Jepang, panganan jepang diarani nihonshoku utawa washoku. Sushi, tempura, shabu-shabu, lan sukiyaki mujudaké panganan Jepang kang kawentar ing manca nagara kalebu ing Indonesia.
[sunting] Bahan lan bumbu
[sunting] Bahan panganan wiwit jaman kuna
- Palawija, janganan, kacang-kacangan, (kedhelé), soba, woh, lan pala kapendhem.
- Tanduran liar, jamur, rumput laut
- Endhog pitik, panganan laut
[sunting] Bumbu wiwit zaman kuna
- Uyah
- Cuka
- Miso
- Shōyu
- Wasabi
- Jaé
- Andaliman (sanshō)
- Unclang (jinis unclang kang gagangé luwih akèh kang wernané ijo(aonegi) dianggo ing Kansai, yèn unclang kang gagangé akèh kang wernane putih (nebukanegi) disenengi ing tlatah Kanto
- Godhong shiso minangka bumbu panyedhep.
- Lombok abang sithik, mligine kanggo campuran bubuk shichimi
- Dashi