Mary Robinson
- Kanggé penyair, pirsani Mary Robinson (1757-1800)
- Kanggé "The Maid of Buttermere, pirsani Mary Robinson (1778-1837)
|
Mary Robinson
|
|
![]() Mary Robinson, wulan Agustus 2009 |
|
|
Présidhèn Irlandia kaping 7
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 3 Desember 1990 – 12 September 1997 |
|
| Pejabat sadurungé | Patrick Hillery |
| Pengganti | Mary McAleese |
|
|
|
| Lair | 21 Mei 1944 (umur 69) Ballina, County Mayo |
| Partai pulitik | Independent (mawi dhukungan Partai Buruh) |
| Pasangan | Nick Robinson |
| Profèsi | Barrister, mantan Senator |
Mary Robinson (basa Irlandia: Máire Mhic Róibín), lair ing Ballina, County Mayo, 21 Mei 1944; umur 69 taun), dipunpilih minangka présidhèn wanita sepindhah ing Irlandia nalika taun 1990. Antawis taun 1997 lan 2002 panjenenganipun dados komisaris PBB kanggé urusan HAM.
Panjenenganipun nempuh pendhidhikan ing Trinity College lan King's Inns ing Dublin, lan salajengipun ing Harvard, Amérika Sarékat. Lajeng panjenenganipun wiwit mucal mata kuliah hukum internasional ing Trinity College. Panjenenganipun tetep wonten mriku dumugi taun 1990, nalika panjenenganipun dipunangkat minangka présidhèn. Panjenenganipun wonten ing Labour Party lan dipundhukung déning Green Party lan Worker's Party. Minangka présidhèn panjenenganipun nyambut damel kanthi temen kanggé gambaran modhèrn kanggé donya internasional.
| Didhisiki déning: Patrick Hillery |
Présidhèn Républik Irlandia 1990-1997 |
Diganti déning: Mary McAleese |
