Marshanda

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Marshanda
Marshanda.jpg
Marshanda
Miyos 10 Agustus 1989 (umur 23)
Flag of Indonésia Jakarta, Indonesia
Taun aktif 1997—sekarang
Sisihan Ben Kasyafani
Tiyang sepuh Rianti Sofyan - Irwan Yusuf

Andriani Marshanda jeneng undhang-undhangané "Caca" utawa "Chacha" (lair ing Jakarta, 10 Agustus 1989; umur 23 taun) kuwi salah sijining artis, bintang sinetron, bintang iklan, penyanyi, lan presenter, Dheweké kondhang amarga mbintangi Lala ning sinetron BIDADARI, karo Marini Zumarnis kang dadi ibu periné.[1] Kenya ayu kang sering disapa Chacha iki ngakiri masa lajangé lan nikahi Ben Kasyafani, priya kang dipacarai dening Chacha nganti suwené telung taun dipacari ning dina Setu, tanggal 2 April 2011 tabuh 11.25, ning Hotel Sofyan Betawi, Menteng, Jakarta.[2]

Chacha mulai kariré ning dunya hiburan, awit kelas 1 SD, ora disengaja nalika ngancani Chintya Rustam (mantan model iklan sabun) lunga marang biro iklan [[Citra Lintas.[1] Nganti dijaluki casting kanggo mbintangi iklan Bank Danamon.[1] Sawisé kuwi dheweké mbintangi Filma, Cadbury Eclairs, Supermi Ayam Bawang, Es Mony, Tango Wafer, Chicken Nuggets, Carvil Millenium, lan Susu Bendera.[1]

Kanggo urusan kademis, Marshanda olih penghargaan 'The Most Brilliant Person' ning Asian Award 2004 ning dina Pendidikan Nasional 3 Mei 2004, lan dadi Duta Lingkungan Hidup nalika taun 2006.[1]

Kenya ayu iki putri sulung saka pasangan Irwan Yusuf lan Riyanti Sofyan iki ora namung bisa akting, dheweké uga bisa nyanyi, dheweké ngelibataké ning album kompilasi, kaya album religi ALLAH YANG KUCINTA taun 2002, BEST OF FEMALE IDOL , BROKEN HEART, {{NOW AND FOREVER]], DUA BELAS LAGU ISLAMI TEERBAIK uga rong album solo BIDADARI lan MARSHANDA 2005.[1]

Sukses ning I, Chacha mbintangi BIDADARI 2 ananging namung 104 episode.[1] 98 episode saterusé Chacha digantikaké karo pemain liyané, amarga masalah ning pihak Marshanda lan Multivision Plus.[1]

Sinetron-sinetron kang tau dibintangi dening Marshanda[1]:

  • BIDADARI,
  • KELUARGAKU MATA HATIKU,
  • KISAH SEDIH DI HARI MINGGU,
  • KISAH KASIH DI SEKOLAH,
  • KISAH KASIH DI SEKOLAH II,
  • ADAM DAN HAWA, MANIS DAN SAYANG, dan
  • PENDIDIKAN BAHASA INGGRIS (film layar lebar)
  • PETUALANGAN 100 JAM karo Joshua Suherman (film layar lebar).

Cathetan Suku[sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i (id)biografi Marshanda dipununduh tanggal 7 Juli 2011
  2. ^ (id)berita Marshanda dipununduh tanggal 7 Juli 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Marshanda&oldid=831022"