Mark Twain
| Samuel Langhorne Clemens | |
|---|---|
| Jeneng samaran | Mark Twain |
| Lair | 30 November 1835 Florida, Missouri, AS |
| Séda | 21 April 1910 (usia 74) Redding, Connecticut, AS |
| Pagawéan | Pengarang |
Samuel Langhorne Clemens (lair 30 November 1835 – tilar donya 21 April 1910 kanthi yuswa 74 taun), luwih dikenal miturut jeneng sesinglon Mark Twain, yaiku novelis, penulis, lan guru kabangsan Amérika Sarékat.[1] Karyané kang paling terkenal yaiku The Adventures of Huckleberry Finn, The Adventures of Tom Sawyer, The Prince and the Pauper, A Connecticut Yankee in King Arthur's Court lan buku non-fiksi kang judhulé, Life on the Mississippi.[1]
Mark Twain dilahirké ing taun 1835.[1] Mark digedhèké ning Hannibal, Missouri, kutha cilik ing pinggir kali Mississippi, ing Amérika Sarékat.[1] Nalika remaja dhéwéké seneng kapal-kapal uap kang liwat ana ing kali gedhé kang ana ing Amerika Serikat kuwi.[1]
Nalika isih nom, Twain wis kerja dadi juru cétak ing percétakan, lan uga nulis ing koran.[2] Minangka nom-noman kang nembé umur las-lasan, Twain wis dadi nakhoda kapal kali lan 4 taun ning kali Mississippi.[2]
Nalika Perang Sadulur Amérika pecah ing taun 1860, Mark pindhah menyang dhaérah kulon yaiku California.[2] Nalika kuwi dhéwéké wiwit ganti jeneng dadi "Mark Twain" kang tegesé "rong dhepa jeroné".[2] Kuwi yaiku istilah kang dienggo para awak kapal nalika ngukur jeroné banyu.[2]
Cathetan suku [sunting]
- Mark Twain Hakkında (Basa Turki)