Marek Edelman
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Marek Edelman (1919 utawa 1922 – 2 Oktober 2009) iku sawijining tokoh pulitik Polandia. Saliyané iku dhèwèké uga minangka ahli jantung. Edelman iku katurunan Yahudi Polandia. Dhèwèké dadi misuwur amerga nalika ing Perang Donya II mèlu ngréwangi Pambalèlan Ghetto Warsawa lan dadi pamimpiné sakwisé Mordechaj Anielewicz tiwas. Dhèwèké uga mèlu perang nalika ing prastawa Pambalèlan Warsawa ing taun 1944. Nalika tilar donya ing Oktober 2009, dhèwèké iku pamimpin pungkasan Pambalèlan Ghetto Warsawa sing paling suwé gesangé.
Sakwisé perang, dhèwèké panggah manggon ing Polandia lan dadi sawijining ahli jantung misuwur. Sakliyané iku dhèwèké dadi aktivis sosial Polandia.