Manuk kepodhang
| Kepodhang | |
|---|---|
| kepodang dewasa di Hyderabad, India. | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Passeriformes |
| kulawarga: | Oriolidae |
| Genus: | Oriolus |
| Species: | O. chinensis |
| Jeneng binomial | |
| Oriolus chinensis Linnaeus, 1766 |
|
Manuk kepodhang utawa podhang iku kalebu manuk kang negel (Passeriformes).[1] Manuk iki nduwéni wulu kang éndah lan uga dikenal manuk kang katon apik, éndah lan resik.[1] Manuk podhang kalebu manuk kang angèl dibedaké endi sing lanang lan endi sing wadon miturut bentuk awaké.[2] Manuk podhang kalebu manuk kang kurungan, amarga manuk iki biyasané dadi manuk rerenggan ing omah-omah pedunung.[1] Manuk kepodhang dadi manuk kang payu didol saéngga populasiné saya suda.[3]
[sunting] Panyebaran
Manuk podhang asalé saka daratan Cina lan nyebar wiwit saka India, Asia Kidul-wétan, kapuloan Philipina, uga ing Indonésia yaiku ing pulo Sumatra, Jawa, Bali, Kalimantan, Sulawesi lan Nusa Tenggara. [4] Manuk iki urip ing alas-alas khususé ing dhaérah tropis lan uga ing dhaérah sub tropis.[4] Manuk podhang biyasané urip kanthi pasang-pasangan.[4] Ing Pulo Jawa lan Bali manuk podhang uga diarani kanthi jeneng podhang emas.[5]
[sunting] Morfologi
Manuk podhang ukurané wiwit saka buntut nganti cucuk kurang luwih 25 cm[1] Manuk iki wernane ireng lan kuning.[1] Manuk podhang nduwé sirip kang wernané ireng.[1] Sirip iki ngliwati mata lan tengkuk.[6] Werna wuluné manuk podhang rata-rata ireng. [6]Awake kang ngisor rupané putih kanthi lurik ireng.[6] Bentuk cucuké lincip lan rada mlengkung mengisor.[6] Ukuran cucuké kurang luwih 3 cm.[6] Manuk podhang nduwé sikil kang wernané ireng.[7] Manuk podhang urip ing alas, alas, alas ing panté, lan ing alas mangrove.[7]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e f (id)Situs Harian Sumut Pos(dipunundhuh tanggal 26 Juni 2011)
- ↑ (id)[ Van Balen dan Ismu. 1993. Burung Kepodang sebagai identitas daerah Jawa Tengah dan pengembangannya dari aspek sosial dan ekonomi. Sarasehan Flora dan Fauna Identitas Jawa Tengah. Semarang, 28 Agustus 1993]
- ↑ (id)Situs I-dus: Burung Kepodang(dipunundhuh tanggal 26 Juni 2011)
- ↑ a b c (en)[Mackinnon. J. 1990. Field guide to the birds of Java and Bali. Gadjah Mada University Press. Yogyakarta.hal 223]
- ↑ (en)[Tonny whitten (26 Juni 1999). Ekologi Jawa dan Bali. Jakarta: Prenhallindo. hlm. 232. ISBN 979-683-007-8.]
- ↑ a b c d e (id)Situs IWF: Kepodang(dipunundhuh tanggal 26 Juni 2011)
- ↑ a b (en)[King, B.F., Martin, W. and Dickson, F.C. 1975. A field guide to the birds of South East Asia. Collins-Crafton Street, London. hal 87]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.