Manuk kuthilang
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 71 dinten 1340 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Sooty-headed Bulbul | |
|---|---|
| Burung Kutilang sedang memakan buah | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Passeriformes |
| kulawarga: | Pycnonotidae |
| Genus: | Pycnonotus |
| Species: | P. aurigaster |
| Jeneng binomial | |
| Pycnonotus aurigaster (Vieillot, 1818) |
|
Manuk kuthilang utawa manuk thilang yaiku sejenis manuk saka suku Pycnonotidae.[2] Wong Sunda nyebuté kanthi jeneng Cangkurileung, mèloni suwarané kang khas.[2] Ing sjroning Bahasa Inggris disebut Sooty-headed Bulbul, wondéné jeneng ilmiahé yaiku Pycnonotus aurigaster.[2] Manuk thilang isa didakake kewan ingon-ingon kang lucu lan nggemesake.[3] Yen diengu knit apik apa maneh yen saka anakan, manuk thilang bakal dadi lulut lan cumbu.[3] Manuk thilang kagolong kewan kang mituhu karo kang nduwe.[3]
Ciri-ciri [sunting]
Manuk kang ukurané sedeng, dawa awak saka cucuk nganti pucuk buntut kira-kira 20cm.[2] Bagéyan duwor awaké (geger, buntut) warnané coklat klawu, ngisoré (gulu, dada, weteng) putih klawu.[2] Bagéan ndas wernané ireng.[2] Lan wulu kang nutupi bokong wernané kuning. Cucuk lan sikil wernané ireng.[2]
Habitat [sunting]
Habitaté manuk kutilang ana ing panggonan kang padang, kayata pinggir dalan, kebon, glagahan, lan alas.[4] Manuk tilang uga kerep ditemokaké urip sacara bébas ing taman-taman kota.[4] Karakter manuk thilang yaiku biasa urip nggrombol, bisa iku pas golèk pakan utawa pas gelut, karo jenisé dhéwé utawa jenis liyané. Manuk thilang kerep mabur sambi ngocèh.[4] Manuk thilang seneng banyu, kanggo ados utawa kanggo ngombé.[4] Amerga kerep ngombé mangka manuk thilang kagolong manuk kang kerep ngisèng.[4] Susuh manuk thilang bentuké kaya cawan wondéné bahané saka godhong lan suket, Manuk thilang biasané ngendog nganti 2-3 iji, wernané endogé rodok jambon ana bintik-bintiké klawu.[4] Manuk iki gawé susuh ing saben taun kajaba wulan November.[4] Kanggo mbédakaké antarané manuk thilang lanang lan wédok ana pira-pira cara kang isa dienggo kayata, yèn suwarané banter mangka iku isa dipastékaké manuk thilang iku jenisé lanang.[5]
Manuk thilang kuduné isa didadèkaké manuk lomba kanggo kategori manuk ngocèh. Saut-sautan suwara kang dikasélaké banter banget lan nduwèni variasi suwara kang apik yèn diolah kanti trep. Manuk thilang kagolong manuk kang pinter. Dèwèké isa dilatih pira-pira suwara manuk liya. Yèn diajari saben dina sajroné itungan minggon bakal isa niru apa kang diajaraké. Nanging éman banget, amerga manuk thilang isih dianggep manuk kang kelasé isih endèk tumprapé para pangingu manuk. Bab iki mungkin disebapaké endèké préstasi manuk iki.[3]