Manuk Kenari
-
Artikel punika mboten magepokan kaliyan Kenari.
| Manuk Kenari | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Aves |
| ordo: | Passeriformes |
| kulawarga: | Fringillidae |
| Genus: | Serinus |
| Species: | S. canaria |
| Jeneng binomial | |
| Serinus canaria (Linnaeus, 1758) |
|
Panemu Manuk Kenari inggih menika pelaut saking Perancis, ingkang nggadhahi asma Jead de Berthan Cout watawis abad 15 ing kepulauan Canary, Azores, lan Madeira.[1] [2] Manuk Kenari nggadhahi ukuran ngantos 14cm.[2] Prawakanipun saking badan nggadhahi warna kuning sitrun kanthi garis ingkang radi peteng.[3] Awaké arupa kuning sitrun kanthi garis kang luwih peteng. [2] Wulunipun lan buntutipun nggadhahi warnanipun cemeng ingkang pinggiranipun warna ijem semu kuning.[2] Ing ngandhapipun badan warnanipun radi kuning.[2] Wujudipun Manuk Kenari menika alit ugi nggadhahi swanten ingkang saé.[1]
[sunting] Jinis
Wiwit gangsal abad kepengker, manuk kenari asring kawin silang kaliyan jinis manuk kenari sanèsipun, dadosaken manuk kenari piyambak nggadhahi pitung jinis kadosta:[1]
- Kenari Norwich, menika jinis ingkang nggadhahi sejarah bènten kaliyan jinis manuk kenari sanèsipun.[4][5] Rikala semanten kathah tiyang nenun saking bangsa Flam ingkang ngingu manuk kenari jinis menika lan asring dipunasta pindah dhateng Inggris amargi dipunjajah dening bangsa Spanyol.[4][5] Penenun-penenun menika manggèn wonten dhaérah Norwich ing Norflok (Inggris).[4][5] Pratandha saking manuk kenari jinis menika wulunipun ingkang kandel lan wujudipun bunder.[1][4][5] Dadanipun amba, gegeripun cekak ugi amba,wulunipun cekak lan buntutipun ugi cekak.[4][5] Manuk menika nggadhahi warna ijem. .[4][5] Dawanipun kinten-kinten 15-16cm.[4][5]
- Kenari Cinnamon, menika mèmper kaliyan Kenari Norwich.[1][5] Manuk menika nggadhahi wulu ingkang kandel lan wujud ingkang sarwa bunder.[4][5]
- Kenari Border, jinis menika ingkang paling misuwur ing kalangan kenari sanèsipun.[1][4][5] Manuk jinis menika asalipun saking Cumberland Fancy, lan saking Sempadan (Border) antawisipun lnggris lan Scotland.[4][5] Wujudipun bunder sedaya menawi dipuntingali saking pundi kemawon.[4][5] Dawanipun namung ngantos 14 cm.[4][5]
- Kenari Lancashire, menika jinis paling ageng ing negara Inggris.[1][5] Jaman saniki Kenari spesies jinis menika ugi angèl dipuntemoni.[4] Manuk jinis menika namung ketingal menawi nembé ngempal kaliyan jinis kenari sanèsipun.[4][5] Pratandha jinis kenari menika nggadhahi mahkota utawi jambul ingkang dipunwastani Lancashire Coppy.[4] Ingkang wujudipun bunder ingkang dipunwastani Lancashire Plain Head.[4]
- Kenari Gloster, kenari jinis menika paling alit saking jinis kenari sanèsipun.[1][4][5] Dawanipun boten langkung 11cm.[4][3] Kenari Gloster warnanipun kuning lan wulunipun warna pethak semu ijem sami kaliyan buntutipun.[4][5] ing sirah wonten ingkang nggadhahi jambul wonten ugi ingkang boten nggadhahi jambul.[4] Manuk jinis menika ingkang boten nggadhahi jambul saged dipunwastani Consort.[4][5]
- Kenari London Francy, menika jinis kenari ingkang paling sepuh lan ugi sampun punah.[1][4][5] [5] Manuk jinis menika saé sanget wujudipun.[4][5] Wulu lan buntutipun werni semu emas lan hiasan warni cemeng.[4][5]
- Kenari Fite Francy,Manuk jinis menika nembé dipuntepang dèning masyarakat.[4][5] miturut kapitadosan masyarakat jinis menika renkarnasi saking jinis kenari london francy ananging nggadhahi ukuran langkung alit.[1][4][5] Kanthi wulu ingkang alus lan buntutipun warna pethak.[4][5] [5] Dawanipun ugi boten langkung 11 cm.[4][5]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c d e f g h i j (id)Jenis-jenis burung kenari(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
- ↑ a b c d e (id) Soeseno, Ari.1993. Burung Hias Aneka Jinis dan Perawayannya. Jakarta: PT Penebar Swadaya. Hal 124
- ↑ a b (id)Jenis Kenari(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab (id)Jenis Kenari yang Umum(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y (id)Jenis-Jenis Kenari(dipunundhuh tanggal 26 April 2011)