Mansur Samin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mansur Samin

Mansur Samin inggih punika salah satungaling sastrawan Indonésia ingkang miyos wonten ing Batang Toru, Tapanuli Selatan, Sumatera Utara, 29 April 1930).

Riwayat Pagesanganipun[besut | besut sumber]

Mansur Samin ingkang minangka adhik kandhungipun H. Ali Husin Samin Sirgegar, déné bapakipun inggih punika Ahmad Amin Siregar inggih ugi asring dados juru main teater saha ing sapérangan ndhèrèk terjun ing dunya filem. Nama Samin piyambak pikantuk saking namanipun simbahipun, inggih punika Ahmad Samin Siregar.[1] Mansur Samin naté sinau wonten ing SMA Sala. Piyambakipun sampun naté dados guru, redaktur Siaran Sastra RRI solo, redaktur minggon Adil, (Sala), wartawan harian Merdeka (Jakarta), saha redaktur kalawarta Cerpen.

Asiling Karya[besut | besut sumber]

Sajakipun ingkang kanthi irah-irahan “Raja Sisingamaraja”, pikantuk bebungah juara kaping kalih saking kalawarta Sastra ing taun 1963. Déné karya-karya sanèsipun ing antawisipun inggih punika:

  • Perlawanan (kumpulan sajak, 1966)
  • Kebinasaan Negeri Senja (drama, 1968)
  • Tanah Air (kumpulan sajak, 1969)
  • Dendang Kabut Senja (kumpulan sajak, 1969)
  • Sajak-Sajak Putih (1969)
  • Sontanglelo: Sajak-Sajak Cerita Rakyat (1996).
  • Srabara (1996)

Kajawi nyerat puisi, mansur Samin ugi kathah nyerat cariyos kanggé laré-laré. Bebungah Alam, Hidup ya iku Kerja, Kesukaran Terkalahkan, Percik Air Batang Toru, Warna dan Kasih, saha Urip yang Tabah.[2] Mansur Samin ugi naté nyerar cariyos kanggé laré-laré alit kanthi irah-irahan “Kuto Anak Désa Terasing”. Déné cariyos kasebat nyariosaken satunggaling guru ingkang rawuh ing satunggaling désa ing Sumatera. Satunggaling agen modernitas ingkang dipuntugasaken nagara kanggé dadosaken murid-murid ing sekolah punika langkung gadhah adab. Lare-laré punika asalipun saking suku ingkang taksih asing lan taksih dipunanggep ndésa lan tebih saking gaya pagesangan ingkang modhèren. Cariyos punika ingkang sapunika ugi saged dipuntingali saking novèl “Laskar Pelang” karyanipun Andrea Hirata.[3]

Mansur Samin ugi nilar kathah karyanipun ingkang kapacak wonten ing kathah bukunipun, ing antawisipun:

  • kamus Basa Angkola/ mandailing-Indonesia (1978),
  • kumpulan pertalan sastra angkola/ mandailing (1992),
  • Morfologi dan Sintaksis Basa Nias (1984),
  • kamus isitilah seni drama (1985),
  • kamus Karo-Indonesia (1985),
  • khazanah, biografi sastrawan Sumatera utara (1986),
  • struktur sastra lésan Melayu Serdang (1990) saha
  • sastra lésan karo (1993),
  • apresiasi puisi (1994) lan
  • Genta, Guru Besar dan Sarjana USU Baca Puisi, kumpulan Puisi dan Essay (1997).

Déné tuladha sajak-sajakipun inggih punika kados makaten:

  • Pernyataan
  • Pidato Seorang Demonstran
  • November (Gelora, 1962)
  • Buku Harian prajurit (Konfrontasi, 1959)
  • Agustus (Mimbar Indonesia, 1960)
  • Tentang Hari Tua
  • Perawan

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1] Biografi Mansur Samin (dipunundhuh tanggal 24 Januari 2013)
  2. [2] BIODATA SASTRAWAN** INDONESIA (dipunundhuh tangga 24 Januari 2013)
  3. [ http://www.pergerakankebangsaan.org/?p=432] Mansur Samin: Modernisasi Sebelum Andrea Hirata (dipunundhuh tanggal 24 Januari 2013)