Maliyabara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Malioboro)
Dalan Maliyabara

Maliyabara (Jawa: ꦢꦭꦤ꧀ꦩꦭꦶꦪꦧꦫ, basa Indonésia: Jalan Malioboro) iku papan pariwisata wujud dalan gedhé ing Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Ing dalan iki éntèn Gedhong Agung, Pasar Beringharja, lan Musiyum Bèntèng Vredeburg sing marai dalan iki dadi dalan strategis ing Kutha Yogyakarta.[1] Dalan iki duwé watès karo Dalan Mangkubumi ing sisih ngalor, Dalan Trikora ing sisih Kidul, Dalan Abu Bakar Ali lan Dalan Senopati ing sisih Wétan, Dalan Pasar Kembang lan K.H. Ahmad Dahlan ing sisih ngulon.[2] Dalan iki mujur saka Kraton Ngayogyakarta tèkan Sètasiyun Tugu. Dalan iki dadi papan panggon manéka warna aktipitas masyarakat kaya dodolan, jasa, lan pariwisata.[3]

Sujarah[besut | besut sumber]

Awalé Dalan Maliyabara digawé kanggo kapèntingan acara-acara kraton, kaya acara nyambut gubernur jendral utawi nyambut tamu-tamu sing ngunjungi kraton. Dalan Maliyabara ugi dadi bagiyan sumbu filosofis Kraton Ngayogyakarta saka Panggung Krapyak-Kraton Ngayogyakarta-Tugu Yogyakarta sing duwé makna sangkan paraning dumadi utawi asal lan tujuané urip.[4]

Akéh pendapat babagan asalipun jènèng Maliyabara. Miturut cathètan saking pihak kapujanggan kraton, jènèng Maliyabara dijupuk saking salah sawijining jènèng pesanggrahan Jayanegara ing roman Jawa-Islam populer. Miturut C. C. Berg, jènèng Maliyabara dijupuk saking basa Sangsekerta yaiku malyhabara sing duwé arti yaiku "dalan sing dihiasi kembang". Miturut garis filosofi Kraton Ngayogyakarta saking Panggung Krapyak nganti Tugu Yogyakarta, jènèng Maliyabara katuran saking malia sing duwé arti wali lan bara katuran saking ngumbara.[4] Uga ana pendhapat sing nyebut jeneng Maliyabara kapundhut saking jènèng basa Inggris yaiku Marlborough, nanging teori iki dibantah dening sejarawan Peter Carey amarga mboten nawi jènèng dalan utama kanggo kraton kapundhut saking basa Inggris. Miturut Peter Carey, jènèng Maliyabara kapundhut saking jènèng pesanggrahan sing dianggo dening Jayengrana ing Hikayat Amir Hamzah utawa Crita Menak ing basa Jawa.[5]

Aktipitas Ing Maliyabara[besut | besut sumber]

Ing kiwa tengen dalan Maliyabara akèh bakul kang dodolan manéka warna barang kas Yogyakarta kaya bathik lan panganan kas Yogyakarta kaya gudheg, bakpia, lan dodolan angkringan sing dodolan kanthi didhasaraké ing lemah (lèsèhan).[6] Nanging wiwit taun 2022, kabéh bakul ing sisih dalan sampun dipindhah mènyang Teras Maliyabara 1 lan Teras Maliyabara 2.[7] Bakul-bakul dipindhah amarga Maliyabara mlèbu kawasan sumbu filosofis Kraton Ngayogyakarta sing lan bakal diusulake dadi salah sawijining warisan budaya dunya déning UNESCO.[8]

Dalan iki ugi dadi papan panggonan aktipitas-aktipitas masyarakat Yogyakarta kaya acara jathilan, konser gamelan karo sindhen, lan dina bebas kendaraan utawa car free day saben dina minggu.[9] Saben dina selasa wage, mboten enten bakul sing dodolan ing Dalan Maliyabara.[10] Tradisi iki diwiwiti awit taun 2017. Dina selasa wage dipilih marga dina iki dadi dina pasaran utawa dina lair Sultan Hamengkubuwana X.[11] Ing selasa wage, aktipitas dodolan ing Maliyabara diganti karo kerja bhakti reresik kawasan Maliyabara dening bakul-bakul ing kawasan Maliyabara.[12] Saliyane reresik uga ana kegiyatan selasa wagen sing diisi karo acara pentas seni lan pentas busana tradisional.[13]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Pemerintah, Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta (2022-08-11). "Sejarah Jalan Malioboro". Teras Malioboro. Dibukak ing 2023-09-15.
  2. Mahadi, Khairul Ishak; Budiarti, Fitria (2016-11-01). "STRATEGI PENATAAN KAWASAN MALIOBORO MENJADI KAWASAN PEDESTRIAN". Jurnal Planesa (Planologi) (ing basa Inggris). 7 (02). ISSN 2087-2151.
  3. Wahyu, Firda; Amalia, Khorina Dwi Disti; Wahyu, Gusti Kinanti; Maulana, Irham Zulfi; Susila, Rheynaldi Lintang (2021-09-02). "Pengembangan Kawasan Pariwisata Malioboro dengan Menggunakan Konsep Heritage dan Teras Budaya". MATRAPOLIS: Jurnal Perencanaan Wilayah dan Kota. 2 (1): 16–32. doi:10.19184/matrapolis.v2i1.26808. ISSN 2745-8520.
  4. a b Fauziah, Siti Mahmudah Nur (2019-05-07). "Dari Jalan Kerajaan Menjadi Jalan Pertokoan Kolonial: Malioboro 1756-1941". Lembaran Sejarah (ing basa Indonesia). 14 (2): 171–193. doi:10.22146/lembaran-sejarah.45438. ISSN 2620-5882.
  5. Carey, Peter (1984). "Jalan Maliabara ('Garland Bearing Street'): The Etymology and Historical Origins of a much Misunderstood Yogyakarta Street Name". Archipel. 27 (1): 51–62. doi:10.3406/arch.1984.1879.
  6. Putra, R. "Jalan Malioboro, Jantung Kota Jogja yang Menawan". www.goodnewsfromindonesia.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-16.
  7. Wicaksono, Pribadi (2022-06-24). "PKL Sudah Pindah ke Teras Malioboro Yogyakarta, Ini Daftar PR yang Belum Tuntas". Tempo. Dibukak ing 2023-09-15.
  8. Citra Rosa, Maya (2022-02-05). "Ini Alasan Pemindahan dan Lokasi Baru PKL yang Ada di Malioboro". KOMPAS.com. Dibukak ing 2023-09-15.
  9. Saraswati, Titien (2019-10-16). "Perspektif Jalan Malioboro di Yogyakarta pada Era Revolusi Industri 4.0". RUANG: Jurnal Lingkungan Binaan (SPACE: Journal of the Built Environment) (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 6 (2): 187–200. doi:10.24843/JRS.2019.v06.i02.p07. ISSN 2355-570X.
  10. "Portal Berita Pemerintah Kota Yogyakarta - Tiap Selasa Wage Kawasan Malioboro Bersih Dari PKL". warta.jogjakota.go.id. Dibukak ing 2023-09-16.
  11. Wicaksono, Pribadi (2019-06-20). "Sebab PKL Malioboro Yogyakarta Tak Berjualan pada Selasa Wage". Tempo. Dibukak ing 2023-09-16.
  12. "Pedagang Malioboro Meliburkan Diri Setiap Selasa Wage". CNN Indonesia (ing basa Indonesia). 2017-09-12. Dibukak ing 2023-09-16.
  13. Hakim, Luqman (2022-07-12). "Kegiatan seni-budaya "Selasa Wagen" kembali digelar di Malioboro". Antara News. Dibukak ing 2023-09-16.