Malcolm X
| Malcolm X | |
|---|---|
Malcolm X, March 12, 1964 |
|
| Lair | 19 Mei 1925 Omaha, Nebraska, U.S. |
| Pati | 21 Februari 1965 (umur 39) New York City, U.S. |
| Jeneng liya | Malcolm Little, El-Hajj Malik El-Shabazz |
| Organisasi | Nation of Islam, Muslim Mosque, Inc., Organization of Afro-American Unity |
| Kapengaruhan déning | Elijah Muhammad, Marcus Garvey |
| Political movement | Black nationalism, Pan-Africanism |
| Agama | Sunni Islam |
| Tapak asma | |
Malcolm X (lair 19 Mei 1924 ing Omaha, Nebraska, Amerika Serikat) inggih menika salah satunggalipun tokoh muslim saking bangsa Afrika-Amerika ingkang misuwur kados dene Dr.Martin Luther King ing tansah mbudidaya ngicalaken sedaya dhiskriminasi mliginipun tumrap kaum Afrika-Amerika ingkang asring dipunkonotasikaken kaliyan bangsa negro ingkang tansah dipundhiskriminasi.[1] Nalika yuswa 20 taun Malcom X dipunkunjara ngantos yuswa 27 taun amargi kasus nyolong.[2] Ing pakunjaran menika Malcom X manggihi pencerahan, inggih amargi sampun wiwit tepang kaliyan agami Islam.[2] Malcom X mangertos bab Islam amargi asring rayinipun ingkang sampun mlebet agami Islam.[2] Amargi wonten pakunjaran ugi, Malcom X tepang kaliyan organisasi NoI lan tokoh Islam saking Amerika Serikat, Elijah Muhammad.[2] Nalika yuswanipun 39 taun Malcom X tindak haji dhateng tanah Mekkah, awit menika Malcom X wiwit mangertos werdinipun keadilan tumrap sedaya tiyang, tanpa mbentenaken werni kulit, bangsa, lan sapiturutipun.[2] Malcolm X damel organisasi Afrika-Amerika ing tanggal 28 Juni 1964.[2] Nalika tanggal 21 Februari 1965, nalika taksih maringi ular-ular utawi ceramah ing salah satunggalipun hotel ing New York, Malcom X tilar donya amargi dipunbedhil dening 3 tiyang saking bangsa Afrika-Amerika.[2] Malcom X sampun nyebaraken visi antirasisme lan nilai-nilai Islam.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
(id)Malcom X