Mahinda Rajapaksa
|
Mahinda Rajapaksa
|
|
|
Presiden Sri Lanka ka-6
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 19 November 2005 – Sekarang |
|
| Pejabat sadurungé | Chandrika Kumaratunga |
| Pengganti | Sedang Menjabat |
|
|
|
| Lair | 18 November 1945 (umur 66) Weerakatiya, Hambantota, Sri Lanka |
| Partai pulitik | United People's Freedom Alliance, Partai Kebebasan Sri Lanka |
| Pasangan | Shiranthi Rajapaksa |
| Agama | Buddha |
Percy Mahendra 'Mahinda' Rajapaksa (uga bisa dieja Rajapakse, lair ing Weerakatiya, Hambantota, Sri Lanka, 18 November 1945; umur 66 taun) yaiku Presiden Republik Demokratik Sosialis Sri Lanka lan sawijining Politikus Sri Lanka.[1] Rajapaksa mimpin negarane dadi Perdana Menteri nalika tanggal 6 April 2004 nganti tekan 21 November 2005.[1] Dheweke nikah karo Shiranthi Rajapaksa lan duwe anak telu, yaiku Namal, Yoshitha, lan Rohitha.[1] Rajapaksa kerja ana ing sawijining perpustakaan sadurunge dheweke sinau babagan ukum.[1] Perkara iki tetep dilakone dheweke sanajan dheweke kapilih dadi anggota parlemen kanggo Parte Kemerdekaan Sri Lanka (SLFP: Sri Lanka Freedom Party) kanggo wilayah pamilihan Beliatta ing Distrik Hambantota.[1] Bapake uga tau makili daerah pamilihan kang padha ana ing periode 1947-1960.[1] Nalika taun 1974, dheweke entuk gelar ukum saka Colombo Law College lan dadi pengacara hak asasi kamanungsan.[2] Rajapaksa lair saka sawijining keluwarga saka suku Sinhala kang nganut agama Buddha ing Weeraketiya, distrik sisih wetan Hambantota.[2] Bapake duwe jeneng Don Alwin Rajapakse yaiku sawijining politisi kang misuwur lan ahli anggone pidato kemerdekaan.[2] Rajapaksa sekolah ana ing Richmond College, Galle, Nalanda College lan Thurstan College ing Colombo.[2]
[sunting] Delengen Uga
[sunting] Pranala njaba
- (en) Situs resmi
- (en) mahinda4srilanka.org
- (id) "Rajapakse memenangkan pemilu Sri Lanka", BBC Indonesia, 18 November 2005
- (id) "Rajapakse Jadi Presiden", KOMPAS, 19 November 2005
- Sri Lankan President's Official Website
- Mahinda Rajapaksa's Web Site
- "Mahinda 4 Sri Lanka" A website with Mahinda Rajapaksa Biography, Photos, News and Critics
- BBC report on the election victory