Maher Zain

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Maher Zain

Latar wuri
Jeneng Maher Zain
Lair 16 Maret 1981 (umur 31)
Tripoli, Lebanon
Asal Tripoli
Génré R&B, Musik jiwa, Musik pop, Musik dunia, Musik akustik
Pegawéyan Penyanyi, musisi, penulis lagu, komposer
Taun aktif 2009–sapunika
Label Awakening Records, Sony Music[1]

Maher Zain (Basa Arab: ماهر زين‎ – lair 16 Maret 1981; umur 31 taun) adalah penyanyi R&B Swedia, penyanyi saka Swedia uga produser musik saka Lebanon.[2] Album pisanan judulé "Thank You Allah" saka 13 tembangan lan 2 tembangan bonus dirilis nalika tanggal 1 November 2009.[2] Musik vidioné ning Youtube wis dikolektif lan luwih saka 4 juta didelengi.[2]

Maher Zain, lair ning Libanon.[2] Keluargané pindah maring Swedia nalika umure 8 taun, ning kana dheweké ngelanjutké sekolah.[2] Maher Zain mampu nguasani keybord pisanan nalika umur sepuluh taun.[2] Dheweké nuli mlebu universitas lan olih gelar sarjana ning Aeronautical Enginering ning masa mudané, dheweké bebarengan karo kancané sasekolahan nganti bengi kanggo dolanan musik, rap, nulis lan nyoba-nyoba karo musik lan kabeh kang ana hubungané karo bab musik.[2] Musik kang ditembangaké dening Maher Zain diinspirasi saka bapané kang dadi musisi kondhang ning Tripoli, Lebanon.[2]

Bakat musik wis ketok nalika dheweké esih enom buktiné, dheweké dadi produser musik ning Swedia.[2] Ananging jaré Maher Zain, dunya musik kang isiné mung kamewahan anggawé uripé ana sing kurang.[2]

Ning akiré Maher Zain nemuni keraguan ning jeroné babagan musik nalika nggabung ning komunitas muslim kang ana ning Stockholm.[2] Mulia kuwi Maher aktif ning kegiatan-kegiatan kang dilakukaké ning masjid lan anggawé dheweké ngerasa ning kene iki sing jenengé omah.[2]

Sawisé dadi produser musik, Maher Zain dikenalaké marang RedOne, produser musik ning dunya musik saka Swedia.[2] [3] Maher Zain mulai kerja karo RedOne lan pindah ning New York.[3] Ning wulan Januari 2009, Maher Zain mulai kerja karo Awakening Records kanggo nyetak album.[2] Maher pernah partisipasi ning konser gratis ning Bahrain, lan ning konser Spring ning Universitas Amerika ning Kairo, Mesir.[2] Album Maher Zain kang kapisanan judulé "Thank You Allah" olih peringkat kapisan ning Dunia Amazon grafik Musik lan 9 tempat ning chart R & B.[2] Ning wulan Januari 2010, tembang kang judulé "Ya Nabi Salam Alayka" saka Maher Zain bisa menang lan didadikaké tembang paling apik kang temané religius ning taun 2009 ning kontes musik kang dianakaké dening Nujoom FM.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. Maher Zain di Sony Music Indonesia
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q (id)Biografi Maher Zain dipununduh tanggal 14 Juni 2011
  3. a b (id)artikel Maher Zain dipununduh tanggal 15 Juni 2011

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Maher_Zain&oldid=678119"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès