Madidihang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Madidihang
Status konsèrvasi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Actinopterygii
ordo: Perciformes
kulawarga: Scombridae
Genus: Thunnus
Species: T. albacares
Jeneng binomial
Thunnus albacares
Bonnaterre, 1788

Madidihang utawa tongkol sirip kuning (Thunnus albacares) yaiku sajenis iwak pelagis gedhé kang ngumbara ing segara tropika lan ugahari ing ndonya. Iwak iki salah sijiné jenis tuna kang paling gedhé, senajan isih kalah karo tongkol sirip biru lan tongkol mata bélo. Madidihang uga arupa iwak tangkapan samudra kang penting amerga nilai ékonomi kang duwur. Sajroné perdagangan ing dunya, Iwak iki dikenal minangka yellowfin tuna (Ingg.) lan uga albacore (Pr. lan Sp.).

Pangenalan[sunting | sunting sumber]

Madidihang diwasa nduwèni awak kang ukurané gedé, kanti dawa saka moncong nganti pucuk percabangan sirip buntut (FL, fork length) nganti 195 cm; nanging umumé nganti 150 cm. Bentuké gilig dawa mèh kaya torpédo (fusiform), rodok gèpèng saka sisèh maring sisèh.[1]

Thalb u0.gif

Sirip geger (dorsal) kasusun saka rong berkas, kapisah déning celah kang cilik baé; berkas kang kapindo di barengi déning 8–10 sirip-sirip tambahan ukurané cilik (finlet). Sirip anal dibarengi déning 7–10 finlet. Ing spèsimen kang ukurané gedhé, sirip geger kapindo lan sirip anal iki kadang-kadang dawa nganti 20% FL. Sirip dada (pectoral) lumayan dawa (22–31% FL), biasané nganti pojok bagiyan ngarep sirip dorsal kapindo, nanging ora ngléwati pangkal bagiyan mburiné. Ana loro lipatan kulit (tonjolan interpelvis) ing antarané sirip-sirip weteng.[1]

Gegeré warnané biru peteng metalik, suwi-suwi berubah dadi kekuningan utawa kepérakan ing bagiyan weteng. Sirip-sirip punggung kapindo lan anal, sarta finlet-finlet kang mbarengi, wernané kuning cerah, kang dadi asal jenengé. Bagian weteng kadang-kadang dihiasi déning sekitar 20 garis pedhot-pedhot kang mèh vertikal arahé.[1]

Madidihang isa nyandak bobot luwih saka 300 pon (136 kg), senajan mengkono iki isih adoh sak ngisoré tuna sirip biru (Thunnus orientalis) kang isa nduwèni bobot luwih saka 1000 pon (454 kg), lan uga sitik sak ngisoré tuna mata belo (Thunnus obesus) dan tatihu (Thunnus maccoyii). Ukuran madidihang ang kacatet sajroné literatur yaiku nganti dawa 239 cm lan bobot 200 kg.

Habitat[sunting | sunting sumber]

Segerombolan madidihang ing laut

Madidihang arupa iwak epipelagis kang manggoni lapisan duwur perairan samudra ing duwuré lapisan termoklin. Panelitian nuduhaké senajan madidihang akèh-akèhé ngarungi lapisan kolom banyu 100 m paling duwur, lan langka nembus lapisan termoklin, nanging iwak iki mampu nyelem adoh marang kejeroan laut. Madidihang kang diteliti ing Samudra Hindia ngentèkaké 85% wektuné ing kedalaman kurang saka 75 m, nanging kecatet kaping telu nyilem nganti kedalaman 578 m, 982 m lan kang paling èkstrim nganti 1.160 m.

Tuna sirip kuning iki nduwèni pakulinan renangé cepet lan nggerombol bareng iwak kang padha ukurané, kadang-kadang uga campur karo tuna jenis liané. Musim manaké biasané berlangsung ing musim panas. Iwak-iwak iki mangan manéka jenis iwak, krustasea, lan uga cephalopoda.[1] Ing laut Halmahera lan Sulawesi, madidihang utamané mangan iwak (malalugis lan teri), urang lan kepiting; kanti iwak malalugis (iwak layang) manggoni porsi paling gedhé[2].

Panyebaran lan produksi[sunting | sunting sumber]

Madidihang dimuat marang trek berpendingin di Palabuhanratu, Sukabumi

Madidihang ditemokaké ing kabèh perairan tropis lan ugahari ndonya ing antarané garis lintang 40° LU lan 40° LS. Iwak iki arupa komoditas nelayan kang penting; buku FAO Yearbook of Fishery Statistics ngelaporaké antarané 1990 nganti 1995 tangkapan madidihang ing perairan Pasifik barat-tengah kira-kira antara 323.537 nganti 346.942 ton per taun.[1]

Indonesia yaiku panggonan ketemuné stok madidihang saka Samudra Hindia lan Samudra Pasifik; kemungkinan panggonan ketemuné rong kelompok iku yaiku ing sekitar Laut Flores lan Laut Banda.[3] Potensi tuna sirip kuning yang terbesar di Indonesia memang diperkirakan berada di Laut Flores dan Selat Makassar, kanti amba panggonan penangkapan sekitar 605 ewu km². Alat tangkap ang akeh digunakake pancing pancing huhate (pole and line), pancing ulur (hand line), pancing rawai (long line) lan pukat cincin (purse seine).

Para pemancing madidihang.

Madidihang dipasaraké sajroné bentuk iwak seger, tuna beku, utawa dikalèngaké[1]. Iwak iki disenengi sajroné pira-pira macem masakan, kalebu kanggo dipanggang lan didadèkaké sashimi.

Cathetan[sunting | sunting sumber]

Sajroné perdagangan, kang disebut minangka albacore sajroné basa Inggris yaiku jenis tuna kang liya, yaiku tuna albakora (Thunnus alalunga). Iwak iki luwih cilik saka madidihang (ngati 120 cm FL), kanti wernané kang mèh padha kejaba finletnya kang wernané peteng. Sirip dadana dawa ngati ngléwati pangkal sirip punggung kapindo, biasané pucuk nganti finlet punggung kang kapindo.

Pranala Jaba[sunting | sunting sumber]

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f Flag of Austria Austria. 2001. FAO Species Identification Guide: The Living Marine Resources of The Western Pacific. Vol. 6 : 3753. Food and Agriculture Organization, Rome.
  2. ^ Balai Riset Perikanan Laut - Muara Baru. 2005. Riset kelimpahan sumberdaya ikan pelagis besar di laut Halmahera dan laut Sulawesi. (abstrak) (Kaunduh 11/11/12)K.
  3. ^ Flag of Austria Austria 1987. Laut Nusantara. Penerbit Djambatan, Jakarta. Hal. 293
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Madidihang&oldid=834453"