Madhuri Dixit

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Madhuri Dixit

Madhuri Dixit on Nach Baliye (2007).
Lair Madhuri Shankar Dixit
15 Mei 1967 (umur 45)
Mumbai, Maharashtra, India
Pakaryan Actress
Taun aktif 1984–2002
2007–present
Garwa Dr Shriram Madhav Nene (1999–present)

Madhuri Dixit (माधुरी दीक्षित) (jeneng lair Madhuri Shankar Dixit lair ning tanggal 15 Mei 1967 (umur 45)), yakuwi artis saka India.[1] Dheweké saiki tinggal ning Denver, Colorado, USA.[1] Madhuri miwiti aktingé liwat film ABODH, film kang dirilis ning taun 1984 namung meranaké dadi 'selintas lalu'.[1] Ananging, dheweké olih pujian lan bisa diomong sukses ning filmé kang kaping pisananané.[1] Amarga kasuksesané ning filmé kang kaping pisan, dheweké olih tawaran kjanggo mbintangi peran utamané ning film kang judulé TEZAAB, dirilis ning taun 1988.[1] Dheweké tambah sukses lan tambah kondhang ning masarakat.[1]

Tawaran kanggo merankaé peran utamané terus teka, kayata kasuksesané mainaké peran ning film kang judulé Ram Lakhan, dirilis nalika taun 1989, Parinda nalika taun 1989, Tridev nalika taun 1989, Kishen Kanhaiya nalika taun 1990, Dil nalika taun 1990, Saajan nalika taun 1991, Beta nalika taun 1992, Khalnayak nalika taun 1993, Hum Aapke Hain Kaun! nalika taun 1994 lan Raja nalika taun 1995.[1] Dheweké tambah kondhang nalika mainaké peran Pooja ning film arahan dening Yash Chopra, Dil To Pagal Hai kang dirilis ning taun 1997.[1] Liwat film kuwi uga dheweké olih bebungah nganti kaping papaté ning nominasi Best Actress dari Filmfare Award, sawisé kuwi, dheweké uga olih bebungah ning film kang judulé film Dil, dirilis nalika taun 1990, Beta ning taun 1992 lan Hum Aapke Hain Kaun dirilis ning taun 1994.[1] Ora namung kuwi, dheweké uga tau olih bebungah Best Supporting Actress amarga film kang judulé Devdas (2002).[1]

Ning sasi Agustus taun 2011, Madhuri Dixit menangaké Vogue Beauty Legend Award India.[2] Pemenang saka bebungah iki, pemenangé dippilih dening Dia Mirza , Adhuna Akhtar, Simone Singh, Priya Tanna, [[Mickey Contractor]].[2] Kanggo kategori liyané, pemenagé yakuwi Anushka Sharma olih bebungah Fresh Face Award, Aishwarya Rai olih bebungah Global Beauty Icon.[2]


[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j (id)Biografi Madhuri Dixit dipununduh tanggal 25 Agustus 2011
  2. a b c (id)berita Madhuri Dixit dipununduh tanggal 25 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Madhuri_Dixit&oldid=677672"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès