Machu Picchu
| Historic Sanctuary of Machu Picchu* | |
|---|---|
| Situs Warisan Donya UNESCO | |
|
Huayna Picchu menara kang ana ing ndhuwur reruntuhan Machu Picchu |
|
| Tipe | Mixed |
| Kriteria | i, iii, vii, ix |
| Referensi | 274 |
| Wilayah† | Latin America and The Caribbean |
| Sajarah prasasti | |
| Prasasti resmi | 1983 (Sèsi Seventh) |
| * Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya. † Miturut klasifikasi resmi UNESCO. |
|
| Pitu Kaajaiban Donya Kuna |
|---|
Machu Picchu ("Gunung Tuwa" jroning basa Quechua; kerep uga disebut "Kutha Inca sing ilang") iku sawijining lokasi reruntuhan Inca pra-Columbus sing dumunung ing wilayah pagunungan, sawatara 2.350 m sadhuwuring segara. Machu Picchu dumunung ing dhuwur lembah Urubamba ing Peru, watara 70 km lor-kulon Cusco.
Sajarah [sunting]
Situs iki minangka simbul Krajaan Inka sing misuwur. Dibangun watara taun 1450, ananging ditinggalaké satus taun saanjuré, nalika bangsa Spanyol kasil naklukaké Krajaan Inka. Situs iki naté dilalèkaké déning donya internasional, nanging ora dilalèkaké déning masarakat lokal. Situs iki ditemokaké manèh déning arkéolog saka universitas Yale Hiram Bingham III ing taun1911. Wiwit wektu kuwi, Machu Picchu dadi obyjèk wisata sing narik kawigatèn para turis lokal lan manca.
Machu Picchu dibangun mawa gaya Inka kuna nganggo watu témbok diplitur. Bangunan utamané yakuwi Intihuatana, Kuil Srengéngé, lan Ruangan Telu Jendhéla. Papan panggonan iki minangka Distrik Sakral ing Machu Picchu.
Situs kasebut wis ditetepaké minangka Situs Warisan donya UNESCO wiwit taun 1983, Machu Picchu uga dadi salah siji saka Pitu Kaajaiban Donya anyar, uga ényuk kawigatèn amarga karusakan saka pariwisata (cacahing pengunjung nganti 400,000 ing taun 2003). Ing sasi September taun 2007, Peru ngayahi upaya legal kanthi asil anané pasetujon karo Universitas Yale supaya mbalèkaké artifak-artifak sing tau digawa déning Bingham saka situs kasebut ing wiwitan abad kaping 20.
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
|
|||||