Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Maejan yaiku kayu utawa watu cacah siji utawa loro kang kaselehake ana ing kuburan nalikane jenasah nembe wae dikubur, minangka dadi tetenger. Maejan umume kapasang ing kuburan kang isih anyar, lan menawa wis pirang-pirang taun banjur diganti sekaran utawa kijing.