MNCTV
| TPI PT Cipta Televisi Pendidikan Indonesia |
|
|---|---|
![]() |
|
| Jeneng sadurungé | TPI |
| Slogan | "Selalu di Hati" |
| Diluncuraké | 23 Januari 1991 (minangka TPI) 20 Oktober 2010 (minangka MNCTV) |
| Sing duwé | Media Nusantara Citra (2001-saiki) Cipta Lamtoro Gung Persada (1991-2001) |
| Kantor pusat | Jakarta, Indonésia |
| Saluran afiliasi | RCTI (2003-saiki) Global TV (2003-saiki) MNC News (2006-saiki) MNC Entertainment (2006-saiki) MNC Music (2006-saiki) SUN TV (2007-saiki) SCTV (2000-2001) TVRI (1991-1998) MetroTV (2000-2003) |
| Situs web | http://www.mnctv.com |
| Kasumadyan Nasional | |
| Siaran terestrial | |
| Bandung | 62 UHF |
| Jakarta | 37 UHF |
| Cirebon | 44 UHF |
| Garut | 28 UHF |
| Semarang | 31 UHF |
| Madiun | 38 UHF |
| Surabaya | 32 UHF |
| Makassar | 29 UHF |
| Palu | 25 UHF |
| Banda Aceh | 34 UHF |
| Medan | 25 UHF |
| Batam | 41 UHF |
| Yogyakarta | 26 UHF |
| Denpasar | 33 UHF |
| Bandar Lampung | 24 UHF |
| Palembang | 38 UHF |
| Padang | 41 UHF |
| Pekanbaru | 34 UHF |
| Pontianak | 37 UHF |
| Samarinda | 53 UHF |
| Banjarmasin | 36 UHF |
| Tegal | 61 UHF |
| Purwokerto | 43 UHF |
| Malang | 36 UHF |
| Manado | 36 UHF |
| Kediri | 61 UHF |
| Sukabumi | 26 UHF |
| Palangkaraya | 41 UHF |
| Mataram | 52 UHF |
| Bengkulu | 40 UHF |
| Siaran satelit | |
| Indovision | 82 |
| Palapa D | 4184 V 6700 FEC 3/4 |
| Siaran kabel | |
| First Media | 12 |
MNCTV (dhisik jenengé TPI) yaiku stasiun tivi swasta Indonésia kang nyiaraké kanthi cara terestrial saka Jakarta.[1] Jeneng MNCTV wiwit digunakaké nalika 20 Oktober 2010.[1]
MNCTV kang sadurungé dikenal kanthi jeneng TPI, kalebu stasiun tivi swasta nomer telu ing Indonésia sawisé SCTV.[1] TPI digawé karo Mbak Tutut lan dhisik sahamé akéh dinduwéni dening PT Cipta Lamtoro Gung Persada.[1] Nalika taun 2009 nganti taun 2010, MNCTV ora nyiaraké acara olahraga.[1] Ananging wiwit taun 2010 TPI wis nyiaraké acara olahraga manéh yaiku Liga Utama Inggris.[1]
Bab lan Paragraf |
TPI sawisé pertengahan 1990-an [sunting]
TPI misah saka TVRI ing pertengahan 90-an.[1] Saiki, program édukasi iku wis kagusur, lan TPI fokus ing program acara musik dangdut.[1] Nalika iku motto TPI kang uniné makin Indonesia malah ketutup karo acara-acara dangdut ing TPI. [1]
Ing website resmi TPI, diterangké yèn TPI yaiku Televisi Paling Indonesia, jumbuh karo misiné kang anyar, TPI nyiaraké acara-acara khas Indonésia kayata acara sinetron lokal lan musik dangdut.[1] TPI tau entuk penghargaan awit wis suwé nyiaraké acara kuis dangdut kang sepisanan ing Indonésia yaiku Kuis Dangdut. [1]Kuis iki dipandu déné Jaja Miharja lan Dorce Gamalama.[1] Ing Festival Sinetron Indonesia 1997, serial "Mat Angin" (Deddy Mizwar) kang ditayangaké TPI entuk 11 penghargaan, ditambah karo 5 penghargaan manéh ing taun candhaké.[1] Saliyané iku ana uga acara paling favorit ing Indonesia yaiku Santapan Nusantara kang dipandu karo Enita Sriyana, pakar kuliner.[1]
Program Kontes Dangdut Indonesia kang kalebu versi dangdut saka kontes "American Idol" lan "Indonesian Idol" dadi program unggulan TPI nganti saiki.[1] Wiwit Maret 2001, 75% saham TPI dinduweni karo Media Nusantara Citra, kalompok prusahaan media kang uga nduwéni RCTI lan Global TV. [1]Diréktur utama TPI nalika iku yaiku Mayjen. TNI. (purn.) Sang Nyoman Suwisma lan Komisaris Utama TPI yaiku Dandy Nugroho Rukmana, kang dadi anak mbarep Mbak Tutut.[1]
Ganti jeneng [sunting]
Wiwit 20 Oktober 2010, TPI resmi ganti jeneng dadi MNCTV.[2] Owahing jeneng iki amarga TPI ora jumbuh karo konteks tertulis ing tv iku yaiku dadi salah siji tivi kang nyiaraké pandhidhikann ing Indonésia.[2] Mulane TPI diganti dadi MNCTV kanggo ngowahi citra TPI ing masyarakat.[2]
Galeri logo [sunting]
-
Logo MNCTV sejak 20 Oktober 2010
Chatetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
