Luwing
| Millipede | |
|---|---|
| Trigoniulus corallinus | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Arthropoda |
| Subfilum: | Myriapoda |
| kelas: | Diplopoda De Blainville dalam Gervais, 1844 [1] |
Luwing utawa millipede (kelas Diplopoda, sadurungé uga diarani Chilognatha) yaiku artropoda kang nduwéni rong pasang sikil saben segmen, ananging segmen sepisanan kang manggon ing buri endhas lan 2 segmen sawisé iku mung nduwé sikil kang cacahé siji.[2] Luwing ora nggunakaké sungut kang ana wisané kanggo njaga awaké saka mungsuh.[2] Ananging nalika rumangsa ana mungsuh kang mbebayani, luwing banjur nggulungaké awaké.[2] Ana uga kang nganggo cara kanthi ngetokaké zat kang nduwéni racun.[2] Zat racun iki arupa hydrogen sianida liwat pori-pori ing awaké.[2] Zat iki bisa mbakar eksoskeleton kewan-kewan cilik liyané kayata srangga kang ukurané cilik umpamané semut.[2] Luwing seneng urip ing panggonan kang lembab.[2] Luwing awaké kasusun dening endhas kang diarani chepalo lan weteng utawa abdomen, luwing ora nduwé dhadha utawa thoraks.[2] Ing endhasé ana antèna kang cacahe sepasang.[2] Antèna iki gunané kanggo peraba lan sepasang mata tunggal kang arané ocellus.[2] Nalika ganti kulit jumlah sègmèn bakal tambah.[2] Luwing nduwé alat gerak kang arupa rong pasang sikil ing saben segmen ing wetengé.[2]
Luwing urip ing panggonan kang peteng lan lembab lan ngandhut tanduran kang wis bosok. [2] Luwing akéh urip ing dhaérah tropis lan urip ing dharat khususé ing panggonan kang ngandhut sampah kayata ing kebon lan ing ngisor-ngisor watu. Kéwan iki mangan sayuran, vegetasi kang wis mati lan lumut.[2] Awaké luwing bentuké silindris lan ana ruas-ruasé kang kasusun kurang luwih 25-100 segmen.[2] Ing ruas kaping pitu, siji, utawa kaping pindho, sikilé ngalami modifikasi dadi organ kopulasi.[2] Ing endhasé ana sepasang antèna cendhek.[2] Luwing nduwéni respirasi kang jenengé trakea kang ora ngepang.[3] Alat ekskresiné arupa saluran malphigi kang cacahé loro.[3]
[sunting] Chatetan suku
- ↑ Diplopoda DeBlainville in Gervais, 1844 (Class). SysTax. Universität Ulm, Ruhr-Universität Bochum. URL diaksès tanggal 2011-06-27
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q /(id)tempo.co.id(dipunundhuh tanggal 27 Juni 2011)
- ↑ a b (en)situs trubus(dipunundhuh tanggal 27 Juni 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.