Lonthong cap go mèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Lontong Cap Go Meh)
Lonthong dipunsajèkaken kaliyan opor ayam, sayur lodèh, sambel gorèng ati, pindang tigan, bubuk koya, sambel, lan krupuk
Lonthong Cap Go Mèh
Lonthong Cap Go Mèh
Lonthong Cap Go Mèh
AjanganSajian utama
Panggonan asalIndonesia
DigawéTionghoa Indonesia ing Pulo Jawa
Hawa ajanganPanas utawi suhu ruangan
Woworan pokokLontong dipunsajèkaken kaliyan opor ayam, sayur lodèh, sambel gorèng ati, pindang tigan, bubuk koya, sambel, lan krupuk
Buku masakan: Lonthong Cap Go Mèh  Médhia: Lonthong Cap Go Mèh

Lonthong Cap Go Meh inggih punika masakan adhaptasi Peranakan Tionghoa Indonesia dhumateng masakan Indonesia, mliginipun masakan Jawa. Sajian punika wonten lonthong kaliyan opor ayam, jangan lodeh, sambel gorèng ati, acar, pindhang tigan, abon sapi, bubuk koya, sambel, lan krupuk. Padatanipun lonthong Cap Go Meh dipundhahar kulawarga Tionghoa Indonesia nalika karaméan Cap go meh, inggih punika gangsal welas dinten bibar Imlek.[1] Nanging sapunika dhaharan punika asring dipunsajèkaken kapan kemawon boten namung nalika cap go meh.

Asal mula[besut | besut sumber]

Prabawa masakan Tionghoa katingal kanthi cetha ing adhaptasinipun dhateng masakan Indonesia, tuladhanipun mi gorèng, lumpia, bakso, lan siomay. Tiyang ingkang saking Tionghoa kapisan mapan wonten ing kutha-kutha pelabuhan ing pasisir ler Jawa, tuladhanipun wonten ing Semarang, Pekalongan, Lasem, lan Surabaya. Pérangan punika kalampahan saking jaman Majapahit. Kala punika namung kaum kakung ètnis Tionghoa ingkang merantau dhateng Nusantara, lajeng kagarwa tiyang èstri Jawa saéngga nglairaken campuran antawisipun budaya Peranakan-Jawa. Kanggé ngrayakaken Imlek, nalika Cap go meh, kaum peranakan Jawa nggantos sajian yuanxiao (bola-bola glepung beras) kaliyan lonthong ingkang kajangkepi kaliyan sajian tradhisional Jawa kados opor ayam lan sambel gorèng. Wonten pitaodosan bilih sajian punika minangka lambang asimilasi utawi semangat campuran antawisipun kaum Tionghoa kaliyan penduduk pribumi di Jawa.[2] Dipunpitadosi ugi bilih lonthong cap go meh dados lambang kabegjan, tuladhanipun lonthong ingkang padet dipunanggep kuwalikan kaliyan bubur ingkang èncèr. Wonten kapitadosan tradhisional Tionghoa ingkang ngubungaken bubur kaliyan dhaharan tiyang mlarat utawi tiyang ingkang gerah, awit saking punika wonten larangan dhahar bubur nalika Imlèk lan Cap go meh amargi dipunanggep ciong utawi mbeta sial. Wujudipun lonthong ingkang dawa ugi minangka lambang dawaning umur. Tigan ingkang wonten kabudayan pundi kemawon minangka lambang kabegjan, déné duduh santen ingkang dipunparingi kunir minangka lambang emas lan kabegjan.[2]

Lonthong Cap Go Meh punika dipunmangertosi kaum Peranakan-Jawa; kaum peranakan ingkang wonten ing Ujung Malaya, Sumatra, lan Kalimantan boten tepang kaliyan dhaharan punika. Tradisi nedhi lonthong boten dipunmangertosi nalika karaméan Imlèk masarakat Tionghoa ing Kalimantan.[2] Nanging sajian punika wonten gegayutanipun kaliyan karaméan Imlèk wonten ing pecinan ing kutha-kutha Pulo Jawa mliginipun Semarang. Amargi Suku Betawi tepang kaliyan kabudayan peranakan Tionghoa, Lonthong Cap Go Meh ugi dipunwastani minangka salah satunggaling masakan Betawi.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Indra Furwita (02 Fèbruari 2011). "Khas Imlek: Lontong Cap Gomeh (resep)" . Kompasiana. Diarsip saka sing asli ing 2012-08-30. Dibukak ing 2013-03-18. {{cite web}}: Check date values in: |date= (pitulung)
  2. a b c Josh Chen. "Asal-usul Lontong Cap Go Meh" . Liburan.info. Diarsip saka sing asli ing 2012-10-01. Dibukak ing 2013-03-18.