Lombok rawit
| Lombok rawit | |
|---|---|
| Lombok rawit | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiosperms |
| (unranked): | Eudicots |
| (unranked): | Asterids |
| ordo: | Solanales |
| kulawarga: | Solanaceae |
| Genus: | Capsicum |
| Species: | Frutescens |
Lombok rawit utawa cabe rawit, iku woh-wohan lan tanduran anggota genus Capsicum. Saliyané ing Indonésia, uga tuwuh lan populèr minangka bumbu masakan ing negara-negara Asia Kidul-Wétan liyané. Ing Malaysia lan Singapura tanduran iki diarani cili padi, ing Filipina siling labuyo, lan ing Thailand phrik khi nu. ing Kerala, India, ana masakan tradhisional sing migunakaké lombok rawit lan dijenengaké kanthari mulagu. Jroning basa Inggris dikenal kanthi jeneng Thai pepper utawa bird's eye chili pepper.
Woh lombok rawit owah wernané saka werna ijo dadi abang nalika wis tuwa. Senadyan ukurané luwih cilik saka varietas lombok liyané, nanging lombok rawit dianggep cukup pedhes amarga kapedhesané ngancik 50.000 - 100.000 jroning skala Scoville. Lombok rawit biasa didol ing pasar-pasar bebarengan karo varitas lombok liyané.