Lion Air

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lion Air
Barkas:Lion air.jpeg
IATA ICAO Kode panggil
JT LNI LION INTER
Didegaké 19 Oktober 1999
Hub Papan Anggegana Internasional Soekarno-Hatta, Jakarta
Kutha fokus
Program frequent flyer Lion Pasport Club
Lounge penumpang Lion King Lounge
Aliansi Wings Air
Ukuran armada 90(+327 pesanan)
Kutha tujuan 61
Perusahaan induk PT Lion Mentari Airlines
Kantor pusat Jakarta, Indonésia
Wong wigati Rusdi Kirana, Présidhèn Direktur
Situs web www.lionair.co.id

Lion Air ya iku jeneng salah sijiné maskapé pamaburan kanti biaya murah kang asalé saka Indonésia. Maskapé iki nglayani penerbangan domestik utawa internasional. Lion Air wujud maskapé pertama ing Indonésia kang nggunakaké armada jinis Boeing 737-900ER kanti jumlah kang akèh. Armada maskapé mau minangka penerbangan domestik lan internasional (Singapura, Kuala Lumpur, Ho Chi Minh).[1].

Kode Data[besut | besut sumber]

  • Kode IATA: JT
  • Kode ICAO: LNI
  • Callsign: LION INTER

Armada[besut | besut sumber]

Armada Lion Air per April 2012 kasusun saka:

Armada Lion Air dalam pemesanan terdiri dari:

Pesawat Berdinas Pesanan Penumpang Catatan
Bisnis Ékonomi Total
Boeing 737-300 2 0 0 149 149 Keluar Dari Armada 2013
Boeing 737-400 7 0 8 150 158 Keluar Dari Armada 2013
Boeing 737-800 12 0 0 189 189 Pengalihan dari seri 900ERs diperkirakan untuk Batik Air
Boeing 737-900ER 67 126 0 / 10 213 / 195 213 / 205 Pengguna Pertama Didunia
Boeing 737 MAX 9 0 201 ? ? ? Pengguna Pertama Boeing 737 MAX 9 Lan Pengguna Pertama Di Asia (to delivery 2017)
Boeing 747-400 2 0 22 484 506
Total 90 327 Update Terakhir 1 Januari 2013

Mantan Armada[besut | besut sumber]

Yakovlev Yak-42 duwéne Lion Air ing Papan Anggegana Internasional Changi Singapura taun 2001
Jinis Pesawat Total
Airbus A310 1
Boeing 737-200 1
McDonnell Douglas MD-82 13

Sajarah[besut | besut sumber]

Perjalanan kang wis ditempuh Lion Air kawiwitan saka penerbangan domestik kang cilik. Sawisé 13 taun pengalaman ing bisnis wisata kang ditandai kanti kesuksesan biro perjalanan Lion Tours, kakang-adi Kusnan lan Rusdi Kirana duwé tekad ddekke impian dhèwèké kanggo duwé usaha penerbangan dadi kasunyatan. Dibekali ambisi kang dhuwur lan modal awal 10 juta dolar Amérikah Sarékat, Lion Air kanthi hukum didegake nalika wulan Oktober taun 1999. Nanging pengoperasian nembé dimulai nalika tanggal 30 Juni taun 2000, kanti nggunakaké pesawat Boeing 737-200. Saiki, Rusdi Kirana minangka salah siji pemilik Lion Air nyekel kalungguhan minangka Présidhèn lan uga Direktur.

Nganti pertengahan 2005, bebarengan karo penerbangan internasional liyané, Lion Air manggoni Terminal 2F Papan Anggegana Soekarno-Hatta; wondene perusahaan penerbangan lokal utawa penerbangan domestik manggoni Terminal Siji. Faktor mau, sakliyne mampu mènèhi kalodangn para penumpang penerbangan sambungan marang Indonésia utawa saka Indonésia marang tujuan internasional liyané, uga mènèhi keuntungan punjul segi prestise. nanging Lion Air dipindahake marang Terminal 1A lan penerbangan marang Pulau Sumatera, Batam, Pangkalpinang, lan Palangkaraya dioperasikake ing terminal 1B(wiwit 11 Oktober 2010)nganti saiki. Wondene sekabehane penerbangan internasional Lion Air dilayani saka terminal 2E.

Nalika 2005, Lion Air duwé 24 pesawat penerbangan kang kasusun saka 19 seri McDonnell Douglas MD-82 lan 5 pesawat DHC-8-301. Kanggo memenuhi layanan kang endek biaya, armada Lion Air didominasi déning MD-80 amarga efisiensi lan kenyamanane. sajrone upaya negonmake armadane, Lion Air wis pesen 178 Boeing 737-900ER kang bakal diterake bertahap saka 2007 nganti 2014. Lion Air duwé rencana bersaing karo Garuda Indonésia utawa Saudi Arabian Airlines kanggo maburi rute-rute umroh utawa haji kanti pesawat Boeing 747-400. 2 Pesawat Boeing 747-400 wis lumebu sajrone armadane.

Insiden kang ngenani Lion Air[besut | besut sumber]

  • 14 Januari 2002, Lion Air Penerbangan 386 PK-LID, Boeing 737-200 rute Jakarta-Pekanbaru-Batam gagal mengudara (take off) lan terjerembab sawisé punjul lima mèter awak pesawat ninggal landasan pacu ing Papan Anggegana Sultan Syarif Kasim II, Pekanbaru. Pitu wong penumpange luka-luka.
  • 31 Oktober 2003, Lion Air Penerbangan 787, MD-82 rute Ambon-Makassar-Denpasar, metu jalur nalik mendarat ing Papan Anggegana Hasanuddin, Makassar.
  • 3 Juli 2004, Lion Air Penerbangan 332, MD-82 rute Jakarta-Palembang mendarat ora sampurna ing Papan Anggegana Sultan Mahmud Badaruddin II, Palembang.
  • 30 November 2004, Lion Air Penerbangan 538 PK-LMN, MD-82 rute Jakarta-Sala-Surabaya kagelincir nalika nglakokaké pendaratan ing Papan Anggegana Adisumarmo, Sala. 26 orang penumpange tewas.
  • 10 Januari 2005, Lion Air Penerbangan 789, MD-82 gagal take off ing Papan Anggegana Wolter Monginsidi, Kendari akibat salah siji bane kempes.
  • 3 Fèbruari 2005, Lion Air Penerbangan 791, MD-82 rute Ambon-Makassar kagelincir nalika mendarat ing Papan Anggegana Hasanuddin, Makassar.
  • 12 Fèbruari 2005, Lion Air Penerbangan 1641, MD-82 rute Mataram-Surabaya nalika arep take off ing Papan Anggegana Selaparang, Mataram. Roda pérangan ngarep kagelincir metu landasan, sakiwa-tengené setengah mèter ing pérangan lor saka pinggir landasan pacu.
  • 6 Mèi 2005, Lion Air Penerbangan 778, MD-82 rute Jakarta-Makassar pecah ban nalika mendarat ing Papan Anggegana Hasanuddin, Makassar. Akibate, juru anggegana kapeksa ngendeg pesawat ing landasan pacu sadurungé tekan lapangan parkir.
  • 24 Dhésèmber 2005, Lion Air Penerbangan 792, MD-82 rute Jakarta-Makassar-Gorontalo kagelincir nalika nglakokaké pendaratan ing Papan Anggegana Hasanuddin, Makassar.
  • 18 Januari 2006, Lion Air Penerbangan 778, MD-82 rute Ambon-Makassar-Surabaya kagelincir nalika nglakokaké pendaratan ing Papan Anggegana Hasanuddin, Makassar.
  • 4 Maret 2006, Lion Air penerbangan 8987, MD-82 rute Denpasar-Surabaya kagelincir nalika mendarat ing Papan Anggegana Juanda, Surabaya amarga cuaca èlèk.
  • 7 April 2006, Lion Air Penerbangan 391, MD-82 rute Pekanbaru-Jakarta batal lepas landas amarga gangguan nalika roda kiwa ing Papan Anggegana Sultan Syarif Kasim II, Pekanbaru. Pesawat iku ora dadi lepas landas amarga roda kiwane ora obah sanajan wis diobahake saka apron tumuju pucuk landasan lan siyap mabur.
  • 24 Dhésèmber 2006, Lion Air Penerbangan 792,PK-LIJ Boeing 737-400 rute Jakarta-Makassar-Gorontalo kagelincir nalika nglakokaké pendaratan ing Papan Anggegana Hasanuddin, Makassar.
  • 19 Maret 2007, Lion Air Penerbangan 311, MD-82 rute Banjarmasin-Surabaya batal lepas landas sanajan wis meluncur ing landasan pacu Papan Anggegana Sjamsudin Noor, Banjarmasin.
  • 23 Fèbruari 2009, Lion Air Penerbangan 972 PK-LIO, MD-90 rute Medan-Batam-Surabaya mendarat darurat ing Papan Anggegana Hang Nadim Batam akibat macete roda ngarep. Kabèh penumpang slamet. [1]
  • 9 Mèi 2009, MD-90 Lion Air PK-LIL kagelincir di Papan Anggegana Soekarno-Hatta
  • 3 November 2010, Lion Air Penerbangan 712 ,PK-LIQ Boeing 737-400 rute Jakarta-Pontianak-Jakarta kagelincir ing Papan Anggegana Supadio Pontianak.
  • 14 Fèbruari 2011, Lion Air Penerbangan 598, Boeing 737-900ER rute Jakarta-Pekanbaru kagelincir nalika mendarat ing Papan Anggegana Sultan Syarif Kasim II, Pekan Baru. Kabèh Penumpang slamet nanging hal iku ditanggepi déning Dirjen Perhubungan Darat kanti mretelakake yèn kabèh pesawat jinis Boeing 737-900ER ora éntuk Mendarat ing Kota Pekanbaru yèn landasan teles. Lion Air memutuskan nggunakaké pesawat Boeing 737-400 kanggo layani rute mau (Hal iki kemungkinan bakal nunda niyat Lion Air kanggo mensiunake Boeing 737-400)
  • 15 Fèbruari 2011, Lion Air tujuan Medan-Pekanbaru-Jakarta dengan nomer penerbangan JT 0295 kanti jinis Boeing 737-900 ER kagelincir ing Pekanbaru nalika jam 17.00 WIB. Sekabehane roda pesawat metu saka lintasan papan anggegana.
  • Nalika 17 February 2011 salah sijiné Lion Air Boeing 737-900 ER nalika di surung traktor ing papan anggegana Jakarta lan tanpa sengaja arah marang pesawat Lion liyané. Pesawat mengalami kerusakan ing stabilizer pérangan mburi. Ora ana laporan kurban luka.[2]
  • nalika tanggal 23 Oktober 2011, Lion Air JT 673 kagelincir ing Papan anggegana Sultan Aji Muhammad Sulaiman, Kota Balikpapan, Kalimantan Timur sakiwa-tengené jam 07.24 Wita [3].

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Maskapé penerbangan Indonésia