Lingkungan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Lingkungan iku kombinasi antara kondhisi fisik sing nyakup kahanan sumber daya alam kayadéné lemah, banyu, energi surya, mineral, sarta flora lan fauna sing tuwuh ing sandhuwuré lemah utawa ing segara, sarta kalembagaan sing ngliputi ciptaan manungsa kayadéné kaputusan cara migunakaké lingkungan fisik kasebut.

Lingkungan dumadi saka komponèn abiotik lan biotik. Komponèn abiotik ikuapa waé sing ora duwé nyawa kayata lemah, udhara, banyu, iklim, kalembaban, cahya, swara. Déné komponèn biotik iku apa waé sing duwé nyawa kayata tetanduran, sato kéwan, manungsa lan mikro-organisme (virus lan bakteri).

Èlmu sing nyinaoani lingkungan ya iku ilmu lingkungan utawa ékologi. Èlmu lingkungan iku cabang saka ilmu biologi.

[sunting] Konsèp lingkungan ing Indonésia

Lingkungan, ing Indonésia kerep uga disebut "lingkungan urip". Contoné ing Undhang-Undhang no. 23 taun 1997 ngenani Pengelolaan Lingkungan Hidup, dhéfinisi Lingkungan Urip ya iku sakabèhané ruang kanthi kabèh barang, daya, kahanan, lan makhluk urip, kalebu manungsa, lan perilakuné, sing mengaruhi kelangsungan kauripan lan kasajahtran manungsa sarta makhluk urip liyané.

[sunting] Kalembagaan

Sacara kalembagaan ing Indonésia, instansi sing nata masalah lingkungan urip ya iku Kamentrian Lingkungan Urip (biyèn: Mentri Negara Kependudukan lan Lingkungan Urip) lan ing dhaérah utawa provinsi ya iku Bapedal. Déné ing Amérika Sarékat ya iku EPA (Environmental Protection Agency).

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lingkungan&oldid=574694"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès