Omah Limasan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Limas)
Omah Limasan iku salah siji wangun umah adat Jawa sing payoné awangun limas. Omah Limasan iki kaciri saka payoné sing nduwèni 4 (papat) bidhang sisi, nganggo dudur. Akèh-akèhé kanggo papan padunungan. Perkembangan saka wangun iki yèn ditambah èmpèr utawa serambi, sarta sawetara ruangan bakal kacipta wangun-wangun sinom, kutuk ngambang, lambang gantung, trajumas, lan liya-liyané[1].
Jinis omah limasan [sunting]
- Limasan Lawakan
- Limasan Gajah Ngombe
- Limasan Gajah Njerum
- Limasan Apitan
- Limasan Pacul Gowang
- Limasan Cere Gancet
- Limasan Trajumas
- Limasan Gajah Mungkur
- Limasan Klabang Nyander
- Limasan Lambang Teplok
- Limasan Semar Tinandu
- Limasan Lambang Sari
- Limasan Semar Pinondhong, conto Bangsal Kama, Kraton Cirebon