Lila Downs
| Lila Downs | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Ana Lila Downs Sánxhez |
| Génré | Latin pop, Rock en español, pop rock, alternative, world, dance, urban |
| Pegawéyan | Penyanyi-penulis lagu, musisi, produser rekaman, philanthropist, penari, aktris |
| Instrumèn | Vokal, gitar[1] drum, perkusi |
| Taun aktif | 1992–saiki |
| Label | Xquenda Producciones (1997-2000) Narada (2001-2007) EMI (2008-2010) Sony Music (2011-saiki) |
| Situs wèb | www.liladowns.com |
Ana Lila Downs Sánchez (lair ing Meksiko, 19 September 1968; umur 43 taun) kondhang karo jeneng Lila Downs, yakuwi penyanyi saka Meksiko, penulis lagu, musisi, produsèr rekaman, penari, dhèwèké lair lan gedhé ing Tlaksiaco, Oaxaca, Wanita kang kondhang dadi musisi, bintang film lan penari iki populèr liwat album Border, karo hit kang kondhang ing tlatah negara liyané Border lan single Sad one (2001). Debut albumé, Ofrenda nalika taun 1994 dirilis nalika umuré nembé 24 taun. [2] Senadyan album kasebut ora éntuk sambutan saka para panggemaré, Downs tetep nerusaké profesiné dadi penyanyi, lan ngrilis album manèh yakuwi Trazos nalika taun 1998, lan wusanané antuk sambutan kang lumayan apik saka panggermaré.[2]Ananging nalika kuwi dhèwèké kudu ngrampungaké sekolahé lan istirahat saka dunia hiburan.[2]
Lila Downs bali manèh ing dunya musik karo rilisé yakuwi album kang judhulé La sandunga album kuwi dirilis taun 1999.[2] Nyusul sawisé kuwi Tree of life (ririlis nalika taun 2000), Border (dirilis nalika taun 2001), One blood utawa Una sangre (dirilis nalika taun 2004), La cantina (dirilis nalika taun 2006), Shake away ( dirilis nalika taun 2008), The very best of Lila Downs (dirilis nalika taun 2007) lan albumé kang paling anyar yakuwi Lila Downs y la Misteriosa en París-Live a FIP (dirilis nalika taun 2010).[2]
Ora namung kuwi, dhèwèké uga tau mbintangi film Frida, yakuwi film babagan musisi Elliot Gondentall, kang dirilis nalika taun 2002.[2]
[sunting] Diskografi
- Otros álbumes y EP
- 1994: Ofrenda
- 1998: Trazos
- 1999: La Sandunga
- 2000: Árbol de la vida
- 2001: La Línea
- 2004: Una Sangre
- 2006: La Cantina
- 2008: Ojo de Culebra
- 2011: Pecados y Milagros
[sunting] Cathetan suku
- ↑ Baltin, Steve Nota con Lila Downs. Rolling Stone. November 11, 2008. Retrieved January 14, 2012.
- ↑ a b c d e f (id)biografi Lila Downs dipununduh tanggal 26 Juli 2011