Liam Gallagher
| Liam Gallagher | |
|---|---|
| Lair | 21 September 1972 (umur 40) Manchester, Inggris |
William "John Paul" Gallagher utawi Liam Gallagher (lair 21 September 1972; umur 40 taun) ing Burnage, Manchester, inggih menika salah satunggalipun musisi lan pangripta lagu saking Inggris.[1] Panjenenganipun dados tetunggulipun band Oasis.[1] Ananging band-ipun William ingkang samenika inggih menika Beady Eye.[1] Panjenenganipun menika dados salah satunggalipun tiyang ingkang misuwur ing jagad musik Inggris modhèrn amargi gaya nalika nyanyi.[2]
Awit Oasis dipuntilar déning Noel nalika Agustus 2009, William pungkasanipun lajeng nglajengaken kariripun ing jagad musik kaliyan Gem Archer, Andy Bell, Chris Sharrock, Jay Darlington kanthi damel band ingkang naminipun Beady Eye.[1]
Kulawarga [sunting]
William miyos ing Burnage, Manchester.[1] Panjenenganipun menika putra kaping tiga lan pungkasan saking pasangan Thomas lan Peggy Gallagher.[1] Nalika semanten ramanipun, Thomas, asring ngawontenaken cecongkrahan ing kulawarganipun, kalebet dhumateng William lan kalih kangmasipun, Noel lan Paul.[1] Cecongkrahan menika banget anggènipun mangaruhi William lan dados inspirasi kanggé dados seniman.[1]
Nalika taksih alit, William menika nggadhahi sipat nakal.[1] Panjenenganipun dipumedalaken saking sekolah nalika yuswanipun 15 taun amargi gelut. Ngantos panjenenganipun naté nyolong pit, ananging pungkasanipun panjenenganipun remen kaliyan jagad musik.[1]
Tanggal 7 April 1997, William palakrami kaliyan Patsy Kensit.[1] Saking palakrami menika panjenenganipun kagungan putra setunggal ingkang asmanipun Lennon Francis ingkang miyos ing wulan September 1999. Ananging satunggal taun salajengipun William kaliyan Patsy pegatan.[1]