Lennox Lewis
| Statistics | |
|---|---|
| Real name | Lennox Claudius Lewis |
| Nickname(s) | The Lion |
| Rated at | Kelas berat |
| Height | 6 ft 5 in (1.96 m) |
| Reach | 84 in (2.13 m) |
| Nationality | Inggris/Kanada[1] |
| Birth date | 2 September 1965 (umur 46) |
| Birth place | West Ham, London, Inggris |
| Stance | Ortodoks |
| Boxing record | |
| Total fights | 44 |
| Wins | 41 |
| Wins by KO | 32 |
| Losses | 2 |
| Draws | 1 |
| No contests | 0 |
Lennox Claudius Lewis CM, CBE (lair ing tanggal 2 September 1965) inggih menika satunggalipun tilas petinju profesional kelas abot saking Inggris (kebangsaanipun Kanada, ananging lair lan ageng London, Inggris).[2] Lennox Lewis mbekta bendera Kanada nalika Olimpiade ananging menawi adu tandhing ingkang umum Lennox mbekta bendera Inggris.[2] Karier paling inggil ingkang sampun kacepeng Lennox inggih menika minangka juwara sejati tinju ingkang boten saged dipunkalahaken (undisputed champion), satunggalipun gelar ingkang dipunparingi dhumateng petinju ingkang saged nggabungaken gelar WBA kaliyan kalih gelar sanesipun saking WBC / WBO / IBF.[2] Sawetawis petinju misuwur ingkang sampun nate dipunkalahaken dening Lennox Lewis inggih menika Mike Tyson, Evander Holyfield, Hasim Rahman, lan Riddick Bowe.[2] Lewis nggadhahi inggil 195 cm lan abot 112 kg lan misuwur minangka spesialis tinju jap kiwanipun ingkang cepet.[2] Lewis nggadhahi rekor 41 menang, 2 kalah, 1 imbang, kanthi menang KO cacah 32.[2] Lennox nate pikantuk medali emas ing Olimpiade Seoul 1988.[3] Nalika semanten Lennox menang KO saking petinju Riddick Bowe (salah satunggalipun tilas juwara tinju kelas abot).[3]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ Mee, Bob. "Angry Lewis caught in the crossfire", The Daily Telegraph, Telegraph Media Group, 2001-04-18. diaksès tanggal 2007-03-22.
- ↑ a b c d e f (id)Angry Lewis caught in the crossfire dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
- ↑ a b (id)[1] dipunundhuh tanggal 29 Juli 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.