Lenga gas
Lenga gas (basa Indonésia: minyak tanah, basa Inggris: kerosene utawa paraffin) iku cuwèran hidrokarbon sing tanpa werna lan gampang kobong. Dat iki diasilaké kanthi cara distilasi fraksional saka petroleum ing suhu 150 °C lan 275 °C (ranté karbon saka C12 nganti C15). Jaman dhisik dat iki kerep dianggo muinangka bahan bakar lampu lenga nanging saiki utamané dianggo bahan bakar mesin jet (luwih teknikal Avtur, Jet-A, Jet-B, JP-4 utawa JP-8). Sawijining wangun saka lenga gas dikenal minangka RP-1 dibakar nganggo oksigen cair minangka bahan bakar rokèt. Jeneng kerosene diudhunaké saka tembung basa Yunani keros (κερωσ, malam).
Kagunan liya [sunting]
Ing Indonesia, lenga gas dipigunakaké kanggo ngusir koloni serangga sosial, kaya semut, utawa ngusir kecoa. Saliyané iku, sawetara pembasmi serangga uga migunakaké lenga gas minangka komponèné.
Jeneng umum [sunting]
- coal oil
- kerosene (Amérika Sarékat lan Australia)
- kerosine
- paraffin utawa paraffin oil (Britania Raya lan Afrika Kidul)
- Turbosina (ing Spanyol)