Lee Kuan Yew
| Lee Kuan Yew | |
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 12 Agustus 2004 – 14 Mei 2011 |
|
| Présidhèn | S. R. Nathan |
| Perdhana Mentri | Lee Hsien Loong |
| Didhisiki déning | Boten wonten, Jabatan ènggal |
|
|
|
| Mangsa jabatan 28 November 1990 – 12 Agustus 2004 |
|
| Présidhèn | Wee Kim Wee Ong Teng Cheong S. R. Nathan |
| Perdhana Mentri | Goh Chok Tong |
| Didhisiki déning | S. Rajaratnam |
| Diganti déning | Goh Chok Tong |
|
|
|
| Mangsa jabatan 3 Juni 1959 – 28 November 1990 |
|
| Présidhèn | Yusof bin Ishak Benjamin Henry Sheares C. V. Devan Nair Wee Kim Wee |
| Deputi | Toh Chin Chye (1959-1968) Goh Keng Swee (1968-1985) Goh Chok Tong (1985-1990) S. Rajaratnam (1980-1985) Ong Teng Cheong (1985-1993) |
| Didhisiki déning | Boten wonten, Jabatan ènggal |
| Diganti déning | Goh Chok Tong |
|
|
|
| Miyos | 16 September 1923 (umur 89) Singapura |
| Partai pulitik | PAP |
| Garwa | Kwa Geok Choo |
Lee Kuan Yew (miyos ing Singapura, 16 September 1923) inggih menika tilas Perdhana Mentri Singapura wekdal taun 1959-1990.[1] Sadangunipun dados pangarsanipun negari kasebat ingkang dangunipun ngantos tigang dasawarsa, Singapura saged ngrembaka saking negari golongan Donya Katiga dados salah satunggalipun negari majeng ing donya, kamangka negari kasebat nggadhahi sakedhik padunungipun lan ugi sumber daya alam ingkang sakedhik.[1] Lee asring ngendikan, bilih satunggalipun sumber daya alam Singapura inggih namung pedunungipun lan sengkut anggénipun nyambut damel.[2] Panjenenganipun dipunurmati padunung Singapura.[2] Lee dipunakeni minangka arsitek kamakmuran Singapura ing wekdal samangke, sasanesipun ugi wonten pambiyantunipun Wakil Perdana Mentri Goh Keng Swee ingkang ahli ékonomi.[2]
Pendidikan [sunting]
Lee Kuan Yew sekolah ing SD Telok Kurau, Raffles Institution, lan Raffles Colloge.[2] Kuliahipun nate kandheg amargi wonten Perang Donya II lan panjajahan Jepang ing Singapura ing taun 1942-1945.[2] Nalika wekdal semanten, panjenenganipun sadena stikfas, satunggalipun lem ingkang kadamel saking glepungan.[2] Lee remén maos lan wasis ing bab basa.[2] Lee ugi tumbas buku-buku mirah lan rémen ngentosi duginipun kapal ingkang mbekta kalawarti abasa Inggris.[2] Sasampunipun perang pungkasan, Lee mendhet jurusan hukum ing Fitzwilliam College, Inggris.[2] Panjenenganipun kondur dhateng Singapura ing taun 1949 lan nyambut damel dados pengacara ing biro Laycock lan Ong.[2] Ing taun 1954, kaliyan klompok rekan kelas manengah ingkang nate sekolah ing Inggris damel Parte Aksi Rakyat (PAP) kagem damel negari Singapura ingkang mardika saengga kolonialisme Inggris saged ical.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
- (en) Biografi TIMEAsia