Lee Hyori
| Lee Hyori | |
|---|---|
| Lair | Lee Hyori |
| Pakaryan | Singer, actress, dancer, model, designer |
| Taun aktif | 1998–2002 (with Fin.K.L)2003–present (solo) |
| Lee Hyori | |
|---|---|
| Hangeul | 이효리 |
| Hanja | 李孝利 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | I Hyo-ri |
| McCune–Reischauer | Yi Hyori |
Lee Hyori (이효리) lair ning tanggal 10 Mei 1979 (umur 34) yaiku artis lan penyanyi musik R&B lan musik Hip hop Korea. Dheweké kondhang ing Korea amarga ayuné lan panampilané. [1] Hyori kuwi anak paling enom. Kariré diwiwiti saka ngisoré Daesung entertainment.[1] Dheweké dadi anggota grup vocal wanita kang jenengé Fin K.L kang miwiti debut kaping pisanan ing tanggal 22 Mei 1998.[1] Fin K.L kuwi maksuté Fine Killing Liberty; grup musik kuwi ngrilis rong album kang sukses ing Korea.[1] Sawisé Fin K.L bubar, Hyori miwiti karir soloné.[1] Setaun sawisé album kaping papat Fin K.L dirilis, album solo kaping pisanan Hyori uga dirilis ing pungkasane taun 2003 kanthi judul STYLISH ….E. Album iki bisa anggawe Hyori nyabet panghargaan-panghargaan ing ajang Daesang Award 2003, lan bisa nggawa pitung panghargaan.[1]
Ora mung nyanyi, Hyori uga njegur ning donya film. Dheweké tau mainaké peran ing drama seri THREE LEAF CLOVER nganti 16 episode.[1] Februari 2006, dheweké ngrilis album kaping loroné kanthi judul DARK ANGEL kanthi tetembangan pisanan judulé Get Ya.[1] Ing tetembangan kasebut, dheweké dituduh niru laguné Britney Spears, Do Somethin’. [1] November 2006, Hyori nampa kontrak karo M-Net Entertainment lan dadi artis wanita kanthi gaji paling gedhe ing Korea.[1] Hyori ngluncuraké album digital kanthi judul IF IN LOVE LIKE THEM ing tanggal 6 Maret 2007.[1] Drama kang dibintangi dening dheweké, IF IN LOVE LIKE THEM dipenging tayang miturut komite penyiaran Korea lan stasiun televisi kasebut njaluk ngapura karo para penontoné.[1] Ora mung ing Korea, dheweke uga nyoba karir ing Jepang lan nayangaké IF IN LOVE LIKE THEM ing sawijining stasiun televisi Jepang.[1] Dheweké uga diundhang menyang Jepang kanggo mromosikaké drama kasebut.[1] Sasuwené vakum nyanyi, Hyori dadi panatacara kanggo acara televisi TIME MACHINE lan HAPPY TOGETHER.[1] Dheweké uga dadi anggota kanggo reality show kang judulé FAMILY OUTING. [1]
Albumé kaping telune judulé IT’S HYORISH kang diluncuraké tanggal 16 Juli 2008.[1] Sawisé nganti rong taun, dheweké ngrilis album kang kaping papaté , H-LOGIC tanggal 13 April 2010.[1] Pitung lagu kang ana ning album kasebut dituduh njiplak.[1] Ning tanggal 21 Juni 2010, dheweké kabukti njiplak.[1] Saliyane nyanyi, dheweké uga dadi presenter, model iklan Samsung, Calvin Klein, lan Adidas.[1] Taun 2007, dheweké dadi bintang ing perusahaan kosmetik Isa Knox bebarengan karo Jessica Alba.[1] Ing taun 2011, Hyori dadi model ing sawijining produk mode kondhang, Calvine Klein.[2] Sadurungé kuwi, dheweké mlebu ing salah siji saka 100 bintang paling seksi ing donya, bebarengan karo bintang-bintang liyané kayata Beyonce, Kate Moss, lan Zhang Ziyi. [2]
Diskografi[sunting]
Ripta[sunting]
| Album information | Track listing |
|---|---|
Stylish...E
|
|
Dark Angel
|
|
It's Hyorish
|
|
H.Logic
|
|