Le Havre

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Koordinat: 49°29′24″N 0°06′00″E / 49.49000°N 0.100000°E / 49.49000; 0.100000

Commune of Le Havre

Le Havre Vue Plage 14 07 2005.jpg
Location
Le Havre is located in France
{{{alt}}}
Le Havre
Time zone CET (UTC +1)
Administration
Country France
Region Upper Normandy
Department Seine-Maritime
Arrondissement Rouen
Intercommunality CODAH
Mayor Edouard Phillippe (UMP)
(2010 - 2014)
Statistics
Land area1 4.695 km² (1,813 sq mi)
Population2 179.751  (2007)
 - Ranking 12th in France
 - Density 3.829 /km2 (9,920 /sq mi)
Urban spread
Urban area 18.245 km² (7,044 sq mi) (2006)
 - Population 246,195 (2006)
Metro area 61.539 km² (23,760 sq mi) (2006)
 - Population 291,765 (2020)
1 French Land Register data, which excludes lakes, ponds, glaciers > 1 km² (0.386 sq mi or 247 acres) and river estuaries.
2 Population sans doubles comptes: residents of multiple communes (e.g., students and military personnel) only counted once.
Le Havre, the City Rebuilt by Auguste Perret*
Situs Warisan Donya UNESCO
Tipe {{{Type}}}
Kriteria ii, iv
Referensi 1181
Wilayah Europe and North America
Sajarah prasasti
Prasasti resmi 2005  (Sèsi 30th)
* Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya.
Miturut klasifikasi resmi UNESCO.

Le Havre (pocapan Prancis: [lə ɑvʁ]) inggih punika salah satunggaling kitha wonten ing Seine-Maritime departemèn ing Prancis saking Haute-Normandie wonten ing dhaérah Prancis.[1] Le Havre mapan wonten ing Prancis sisih lèr radi ngilèn, wonten ing sisih tengen saking kali Seine ing English Channel.[1] Le Havre menika dhaérah ingkang paling kathah populasinipun Komune Prancis wonten ing dhaérah Haute-Normandie, sanajan cacahipun pendhudhuk ingkang paling kathah ing konurbasi La Havre inggih langkung sekedhik tinimbang cacahipun pendhudhuk ing dhaérah Rouen[1]. La Hevre ugi dados suprefaktur ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis sasampunipun kitha Reims[1]. Kitha punika ugi minangka kitha bisnis ingkang paling gayeng ing Prancis sasampunipun kitha Marseille[2].

Sujarah[sunting | sunting sumber]

Le Havre nate dipungantos namanipun dados Franciscopolis nalika taun 1517 wekdal dipunpimpin Raja Francis I.[2] Satunggaling kapal ingkang misuwur minangka Notre-Dame-de-Grace ("Our Lady Grace") wonten ing situs sadèrèngipun kitha punika dipunbangun, lajeng denominasi ngampilaken nama kasebut dados nama satunggaling pelabuhan, ingkang dipunsebut Le hable de Grâce (lan sasampunipun taun 1489 namanipun dados "Plabuhan Grace").[2] Nama ingkang dawa punika lajeng dipuncekak dados Le Havre, kados nama ingkang dipunginakaken ing zaman modhèren, ingkang namung dipunalih aksarakaken dados port utawi pelabuhan[2].

Le Havre kala rumiyin misuwur minangka kitha ingkang mblawur lan boten cetha.[1] Manut ilining wekdal, pendhudhuk ing kitha punika lajeng sami sengkut gumregut anggenipun makarya kanggé ngéwah-éwahi hawa lan swasana sereng saking kitha punika.[1]

Nama Le Havre sejatosipun inggih namung ateges plabuhan utawi port (utawi ing basa Inggris kuna ateges "swarga").[3] Le Havre dipunbangun minangka plabuhan énggal kanthi pamarèntahan saking kerajaan, lan sapérangan inggih kanggé nggantosaken kawontenanipun pelabuhan ingkang gadhah sujarah ing Prancis inggih punika Harfleur lan Honfleur ingkang sampun dados langkung praktis amargi wontenipun dhaérah ingkang dipundamel langkung ngandhap.[3] Kitha punika dipunbangun ing taun 1517, kanthi nama Franciscopolis sasampunipun pamaréntahanipun Francais I saking Prancis lan lajeng gantos namanipun dados Le Havre-de-Grace ("Harbour Grace") sasampunipun wonten kapal ingkang wonten saking Notre-Dame-de-Grace ("Our Lady of Grace").[3]

Nalika tanggal 20 April 1564, kitha punika dados satunggaling pelabuhan saking departemèn ing Perancis saking ekspedisi ingkang dipunpandhegani déning René Goulaine de Laudonnière dhateng satunggaling dunya énggal ingkang dipundamel déning piyambakipun ing wekdal sepisanan dados koloni Perancis wonten ing Fort Caroline, caket sak punika kaliyan kitha Jacksonville, Florida[3]. Satunggaling artis ingkang ugi misuwur inggih punika Jacques le Moyne de morgues ugi gabung kaliyan Laudonnière kanggé ngupiya lan nyipta kolonisasi sepisanan ingkang nggambarakane satunggaling gambar artistik ingkang lajeng sampun dipunmangertosi déning pendhudhuk asli Amerika ing dunya ingkang énggal, mliiginipun Timicua, suku-suku wilayah modhèrn ingkang wonten ing sisih wetan radi lor saking Florida lan ing sisih wetan radi [[kidul] saking negara bagéyan Georgia.[3]

Ing abad kaping 18, Le Havre inggih wiwit tuwuh dados kitha dagang saking India Barat ingkang lajeng terus tambah ngantos dumugi Perancis lan Eropa[3]. Ing taun 1759, kitha punika dados titik kanggé mahargyakaken Rencana invasi Perancis ing taun 1759[3]. Déné ing perang ewunan tentara, jaran, lan kapal sami kempal dados setunggal namung kanggé ngrusak kathah tongkang wonten ing plabuhan ing Raid on Le Havre lan salajengipun invasi kedah dipuntilar sasampunipun angkatan laut Prancis kasoran ing pasukan Quiberon[3].

Negara Jerman inggih nguaosi pendhudhuk ing kitha Le Havre ing sadangunipun wonten invasi saking Normandia ing Perang Dunya II ingkang asilipun inggih saged damel tiwas 5.000 tiyang lan cacahipun kirang langung 12.000 griya kagunganipun warga kitha kasebut risak tumemen, mliginipun amargi serangan saking udara ingkang dipuntindakaken déning Sekutu[4]. Sanajan ta makaten, Le Havre inggih dados satunggaling lokasi ingkang dados salah satunggaling papan Depot ingkang paling ageng dipungantos utawi Repple Depples wonten ing operasi teater Eropa ing Perang dunya kaping II punika[4]. Èwunan tentara Amerika ingkang nyuliri kawontenanipun tentara sekutu dipundhatengaken ing kitha punika kanggé nggantosaken sapérangan papan ingkang risak sadèrèngipun dipunprentah kanggé merangi operasi ingkang wonten.[4]

Le Havre inggih dipunkurmati kanthi wontenipun bebungah Legion of Honor ingkang dipuncaosaken ing tanggal 18 Juli 1949[4]. Sasampunipun perangipun rampung, kitha punika lajeng dipunbangun malih kanthi gaya ingkang langkung modhèrn malih ingkang dipunrancang déning Auguste Perret[4]. UNESCO lajeng paring uninga bilih punjering kitha Le Havre inggih dados salah satunggaling bandha tilaran sujarah ing dunya Situs Warisan Dunya utawi World Heritage Site ing tanggal 15 Juli 2005, kanggé ngurmati kitha punika minangka kitha ingkang gadhah potensi ingkang nyata lan saged langkung inovatif malih[4]. Wontenipun siti kothong kanthi ambanipun saged dumugi 133 hektar, miturut tim UNESCO inggih minangka satunggaling tuladha blih kitha punika gadhah arsitektur saha tata kitha ingkang dipunrencanakaken kanthi saé ing jaman sasampunipun kaleksenan perang[4]. Punika inggih ingkang minangka salah satunggaling situs warisan dunya kontemporer ingkang arang dipunpanggihaken ing Eropa[4].

Rekonstruksi[sunting | sunting sumber]

Kitha plabuhan Le Havre kenging risak ingkang parah ing sadangunipun kènging memala nalika kadadosan Perang dunya kaping kalih[5]. Kados kitha-kitha pesisir sanèsipun ing Prancis, plabuhan Le Havre saged dipunrebat lan dipunkuaosi déning negara Jerman ing taun 1940[5]. Èwunan masarakat sami ngungsi dhateng pos-pos pengungsèn, dhateng kitha-kitha ing sakéring tengenipun lan ing papan pengungsen samantara ing sadangunipun wekdal punika[5]. Sapérangan ageng pendhudhuk milih kanggé ngungsi ing wekdal énjing mumun kanthi mlampah, mawi pit onthel utawi nganggé grobak, lan namung purun wangsul ing wekdal siyang sasampunipun pihak Sekutu ngebom dhaérah kasebut saking udhara[5]. Anggènipun ngancuraken kitha Le Havre, puncakipun inggih nalika wonten pertepuran Normandia[5]. Ing tanggal 5 lan 6 Desember 1944, pasukan Sekuti miwiti seranganipun kanggé mbébasaken kitha[5]. Sapérangan ageng, saking 132 bom dipunjeblugaken wonten ing kitha punika ing salebeting perang, lan kahanan punika asring dipungambaraken minangka pajeblug wesi lan geni[5]. Ing pungkasanipun, kitha punika saged dipunbebasaken saking jajahanipun Jerman ing tanggal 12 Desember 1944[5].

Le Havre ingkang minangka kitha plabuhan ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis, kénging risak ingkang ageng tinimbang kitha sanes ing negara punika[6]. Langkung saking 90% saking kitha punika inggih ancur tumemen ingkang kasisa namung runtuhan bangunannipun[6]. Sedaya bangunan publik ingkang wigati ing punjering administrasi kalebet bursa saham, bale kitha, lan kantor pos, saha gréja, kalih griya sakit, sekolah, toko-toko, lan perumahan ugi sami remuk[6]. Plabuhan punika inggih sampun boten saged dipunginakaken malih amargi bangké kapal kasebar mblokir saluranipun lan ugi boten wonten akses tumuju dhateng dermaga[6]. Kebakaran ingkang ageng njeblug ing kitha punika ing dinten-dinten salajengipun, ngancuraken punapa sekedhik ingkang kasisakaken saking makna sujarahipun[6]. Listik saha toya ing kitha punika sampun dipunicalaken amargi dipunbom déning RAF, saéngga tugas kanggé nyirnakaken geni ingkang mburap-mburap boten saged dipuntindakaken[6]. Ing pungkasaning perang, cacahipun warga sipil ingkang tiwas inggih dumugi 500 tiyang, 12.500 bangunan ancur lan 80.000 tiyang boten gadhah papan dumunung[6]. Sapérangan ageng wosing bumi punika ugi dipunkeruk ngantos telas, margi ingkang asli dipunbusak saking memori fisik[6]. Sapérangan ageng saham perumahan ing pinggiran sisih lor lan wetan Aplemont lan Graville sampun sedaya dipunbubrah lan dpunremuk[6]. Tugas kanggé ndandosi malih lan ngrekonstruksi kitha punika badhé mbetahaken rencana ingkang ageng, saé niku saking pihak lokal utawi saking pihak Paris piyambak[6]. Lan sak punika inggih sampun dumugi tahap ngrencanakaken lan damel kabijakan kanggé ndandosi kitha Le Havre ingkang risak[6].

Kitha Le Havre ingkang risak ing salebeting perang dunya kalih ing musim asrep taun 1944-1945

Satunggaling pamanggih lan rencana kanggé ndandani kitha Le Havre supados tatanan ruang kithanipun langkung saé inggih sampun dipunsamektakaken tebih-tebih dinten sadèrèngipun wonten peran dunya kaping kalih[7]. Pamarèntah Prancis sampun netepaken bilih saben kitha ingkang cacahipun pendhudhuk langkung saking 10.000 tiyang kedah dipunwontenaken satunggaling rencana kanggé ndandosi lan ngrembakakaken kitha punika supados langkung saé malih[7]. Kalebet ugi plabuhan Le Havre punika ingkang kedah tumemen rekaos njangkepi sedaya kekirangan ingkang taksih kathah ing kitha-kitha ing Éropa ing wekdal punika[7]. Sasampunipun zaman revolusi indhustri ing abad kaping sangalas, gunggungipun pendhudhuk kitha punika tambah langkung kathah tanpa manggihaken kahanan kitha ingkang nembé dipuntata malih[7]. Wontenipun standar ingkang radi medèni bab resikipun lingkungan lan kahanan gesangipun warga ingkang wonten, ndadosaken latar ing sangajenging griya langkung ciyut, kathah polusi udhara, lan basement ing sakitering lingkungan perumahanipun warga kènging banjir[7]. Anggènipun ngrencanakaken kanggé nata kitha adhedhasar wontenipun spekulasi properti ingkang ngasilaken kualitas konstruksi andhap saking bangunan-bangunan lan mergi ing kitha punika[7]. Wonten sekedhik pangrembakan ingkang kadadosan nalika perang inggih punika kanthi wontenipun pamanggih lan panyaruwé wontenipun rencana kanggé nindakaken sanitasi ingkang badhé dipunsamektakaken déning pihak swasta[7]. Pamarèntah Vichy ugi ngawontenaken malih master plan ing sadangunipun perang kanggé mbangun mali kitha ingkang sapun risak ing taun 1941 ing sak ngandhapipun lembaga CRI kanggé ngrekonsruksi kitha punika, déné ingkang dipuntunjuk kanggé mandhegani lampahing perkawis kanggé nata kitha punika inggih Felix Brunau[7]. Amargi kitha Le Havre punika sampun risak lan bubrah total, mila rencana ingkang sampun dipunsusun punika lajeng dipunsimpen malih dumugi tanggal 16 Desember 1944, nalika pamarèntah Prancis mbentuk kamentrian rekonstruksi lan perncanaan (MRU) kanggé ndandosi kitha ingkang sampun risak parah punika[7]. Perkawis ingkang medal salajengipun inggih punika bab kanggé damel perumahan samentara ing tanah pribadinipun ingkang lajeng badhé dipunpadosi dalan tengahipun kanthi medal saking pamarèntahan lan kedah ngurbanaken negara kanggé nguaosi sedaya perkawis ingkang wonten[7]. Auguste Perret (1874–1954), satunggaling arsitek formatif ingkang ugi minangka ingkang dados designer tata rancang kitha dipunparingi tugas kanggé ngawasi rekontruksi punjering kitha lan ngrampungaken anggènipun nata kitha ing sasi Januari 1945 déning Raoul Dautry saking MRU.[5] Dewan kitha Le Havre nyuwun supados Brunau damel bagéyan perencanaan ing tim ingkang ngrancang kanggé nata kitha punika, ananging lajeng sapérangan wekdal candhakipun malah nilar tugasipun amargi piyambakipun gadhah perkawis babagan idé kreatif kanggé nata kitha kaliyan Perret.[6] Kanthi tradhisional dipunbangun wonten ing sak nginggiling siti ingkang minangka tilas rawa-rawa, déné grid énggal Le Havre ingkang dipunangen-angen déning Perret inggih badhé dipunangkat déning beton ingkang kandelipun 3,5 meter.[7] Sanajan ta rencana punika boten saged dipunkasilaken amargi wragad ingkang dipunbetahaken ageng sanget lan ugi bahan ingkang dipunginakaken kanggé mbangun kitha punika kira, mila tilasing ambruking bangunan ing kitha punika lajeng dipunginakaken kanggé ningkataken punjering kitha[7]. Anggènipun ngginakaken beton kanggé lulangipun sedaya bangunan ing kitha punika lajeng perkawis punika ingkang meksakaken kekiyataning karakter lan dominasi plabuhan[7]. Kanthi akses relatif bebas kanggé siti lan ruanganipun, Perret lan tim ipun ingkang kapérang saking 60 arsitek lan perencana kitha gadhah kaprigelan kanggé napsiraken turahan ambanipun kitha kados ingkang dipunbetahaken kémawon[7].

Papan Administratip[sunting | sunting sumber]

Le Havre inggih kalebet subfaktur saking negara Perancis ingkang paling ageng nomer kalih lan minangka punjering kitha ingkang ngiteri komune Sainte-Adresse[8]. Le Havre inggih mapan wonten ing sisih kidul radi kulon saking dhaérah Pays de Caux[8]. Kitha punika inggih dipunkiteri kaliyan panté English Channel ing sisih kulon, muara kali Seine ing sisih kidul, lan panté Seine ing sisih lor[8]. Ing sujarahipun, kali Seine inggih minangka wates alami ingkang ngiteri antawisipun Haute-Normandie lan Basse-Normandie; kitha Honfleur sampun asring dipunsebut déning Havrais minangka pante sanèsipun[8]. Minangka kitha plabuhan, temtu pante punika ugi kapérang saking rawa-rawa ing sapérangan bagéyan pantenipun, Le Havre sampun dangu kènging sebutan gadhah siti ingkang kirang saé[9] · [10]. Margi kanggé ngubungaken dhaérah setunggal kaliyan dhaérah sanèsipun ingakng énggal inggih sampun dipundamel lan ing antawisipun margi ingkang paling wigati inggih punika Pont de Normandie, ingkang ngubungaken kalih gigiring kali Seine saéngga saged ngirangi wekdal mlampah saking Honfleur lan Le Havre kirang langkung saged suda ing atawisipun 15 menit[9]. Le Havre kanthi alami inggih dipunpisah saking kalih dhaérah déning tebing ingkang inggil[11].

Le Havre ingkang katutup salju
  • Villa basse utawi kitha ngandhap, kaperng saking plabuhan, punjering kitha, lan dhaérah perifer[12]. Dhaérah punika dipunbangun saking dhaérah rawa ing jaman kuno ingkang lajeng dipunsat ing abad enem welas[12]. Sitinipun inggih kapérang saking jinis alluvium ingkang muasalipun saking kali Seine[12]. Punjering kitha punika lajeng dipunbangun malih sasampunipun Perang dunya II, madeg ing siti ingkang langkung inggil setunggal mater (3,3 kaki) saking runtuhan bangunan ingkang sampun dipunratakaken[12].
  • Villa haute utawi kitha nginggil, inggih kapérang saking dhaérah kitha ingkang sènsitip utawi PDI (Mont-Gaillard, Caucriauville, lan Mare-Rouge[13]). Dhaérah ingkang sugih inggih mapan ing sisih lor dumugi kulon saking kitha nginggil inggih punika dhaérah (Sainte-Adresse lan Dollemard) inggih punika dhaérah ingkang aling inggil ingkang mapan wonten ing siti ingkang dhuwuripun ing antawisipun 90 dumugi 115 meter[14].

Satunggaling trowongan marfi, lan satunggaling tram kabel sepur ingkang dipunbangun wiwit taun 2012 damel trem trowongan punika langkung nggampilaken kanggé alat transportasi ing antawisipun kitha nginggil lan kitha ngandhap[12].

Walikota[sunting | sunting sumber]

Mayor Term start Term end   Party
René Cance Januari 1956 Maret 1959 bgcolor=Cithakan:French Communist Party/meta/color| PCF
Robert Monguillon Maret 1959 Maret 1965 bgcolor=Cithakan:French Section of the Workers' International/meta/color| SFIO
René Cance Maret 1965 Maret 1971 bgcolor=Cithakan:French Communist Party/meta/color| PCF
André Duromea Maret 1971 Oktober 1994 bgcolor=Cithakan:French Communist Party/meta/color| PCF
Daniel Colliard Oktober 1994 Juni 1995 bgcolor=Cithakan:French Communist Party/meta/color| PCF
Antoine Rufenacht Juni 1995 Oktober 2008 bgcolor=Cithakan:Union for a Popular Movement/meta/color| RPR, UMP
Édouard Philippe Oktober 2008 sak punika bgcolor=Cithakan:Union for a Popular Movement/meta/color| UMP

Iklim[sunting | sunting sumber]

Data iklim untuk Le Havre
Sasi Jan Feb Mar Apr Mei Jun Jul Ags Sep Okt Nov Des Taun
Rata-rata paling dhuwur °C (°F) 6
(43)
6
(43)
8
(46)
10
(50)
13
(55)
16
(61)
18
(64)
18
(64)
17
(63)
13
(55)
9
(48)
7
(45)
12
(54)
Rata-rata paling asor °C (°F) 3
(37)
3
(37)
5
(41)
7
(45)
12
(54)
15
(59)
13
(55)
7
(45)
9
(48)
Sumber: [15]

Amargi papan dumunung kitha punika ingkang celak kaliyan panté Channel, mila kitha Le Havre gadhah iklim samodra[16]. Boten wonten dinten tanpa wontenipun angin. Maneka jinis angin temtu kadadosan ing kitha punika. Angin punika saged sumilir ajeg saben taunipun amargi kenging pangaribawa mianangka dhaérah maritim[16]. Miturut cathetan saking stasiun cuaca singkang wonten ing Cap de la Hève ing taun 1970 - 1999, temperatur suhunipun mandhap ing sak ngandhaping Cithakan:Unit 24 dinten saben warsanipun, lan minggah ing sak nginggiling Cithakan:Unit 14 dinten saben warsanipun[16]. Déné dangunipun cahya srengenge rata-rata saben taunipun inggih dumugi Cithakan:Unit jam saben warsa[16].

Presipitasi cahyaning srengéngé dipunsebaraken saben taun, kanthi presipitasi maksimal kadadosan ing musim gugur lan musim asrep[16]. Déné ing sasi Juni lan Juli inggih asring kadadosan badai[17]. Déné angin ingkang wonten sumilir saking sektor sisih kulon radi kidul inggih wonten angin ingkang kenceng-kenceng lan angin kanthi posisi andhap saking sisih lor dumugi wetan[18]. Lan angin ingkang ageng asring kadadosan ing musim asrep mliginipun ing sasi Januari[17]. Bantering angin ingkang dipunukur paling banter ingakng kadadosan ing Le Havre ingkang kacathet wonten ing aglomerasi inggih kadadosan ing tanggal 16 Oktober 1987 ingkang tumuju dhateng Cape Le Have kanthi bantering angin Cithakan:Unit saben jam[19].

Déné marabaya saking alam ingkang paling mbebayani lan asring kadadosan inggih kanthi wontenipun banjir ingkang kadadosan saking wontenipun angin ageng lan Badai Surge utawi glombang pasang laut[20]. Déné sansaya andhap posiis satunggulaing kitha lajeng saged dipunginakaken kanggé ngadani ski ing siti[21].

Boten wontenipun kali ing salebeting kitha mila boten wonten ingkang saged nahan wontenipun banjir ageng ingkang mlebet dhateng kitha[21]. Ing pante Le Havre ugi radi arang kènging banjir utawi ingkang asring dipunsebut minangka banjir ingkang kadadosan merga wontenipun angin banter[21]. Perkawis punika saged kadadosan amargi wontenpun gabungan saking angin banter, glombang inggil lan ageng saking laut ingkang dadosaken wontenipun koefisien pasang surut[21]. Déné saking paningalan wontenipun pemanasan global lan rainipun laut ingkang paling inggil ingkang mindhak, mila prastawa punika saged lajeng tambah kiyat ing jaman wekdal ngajeng[21].


Mois Jan Feb Mar Apr Mei Jun Jul Ags Sep Okt Nov Des Taun
Températur (°C) 4,6 4,9 6,8 8,8 12,1 14,8 17 17,2 15,7 12,6 8,2 5,6 10,7
Précipitasi (mm) 62,6 49 54,3 42,9 52,7 52,6 50,2 48,5 64,5 74,1 88,1 69,4 708,6
rata-rata (h) 62,9 87,7 136,2 179,5 214,6 224,4 237,8 218,5 168,3 124,5 74,7 56,7 1.878 Source : Infoclimat[22]

Lingkungan Sakiteripun[sunting | sunting sumber]

Satunggaling studi kanthi mnandhingaken Aphekom lan sedaya kitha ing Perancis nedahaken bilih Le Havre inggih minangka satunggaling kitah ingkang boten patos kenging kathah polusi ing Perancis[23]. Le Havre ugi minangka kitha ingkang paling ageng nomer tiga ing Perancis ing sadangunipun pendhudhukipun saged ngonversi kualitas udharanipun ngantos 100000[24]. Nalika gas karbon dipunrembakakaken ing taun 2009 saged nedahaken bilih kitha punika kanthi otomatis saged nolak konversi 32.500 ton CO2 saben taunipun[25]. Ing taun 2011, rilis saben taunipun kanggé rata-rata wontenipun gas sulfur dioksida ingkang dipunasilaken déning indhustri- indhustri ingakng wonten inggih ing antawisipun tigang mikrogram saben meter kubik ing punjering kitha Le Havre ngantos kalih welas mikrogram saben meter kubik ing lingkungan sakiteripun Caucriauville[26]. Lan pamarèntah kitha LE Havre piyambak sampun netepaken target kanggé ngirangi emisi gas CO2 saben taunipun ngantos 3%[25]. Kanggé ndhukung program punika, mila sampun dipunpasang panel surya ing sapérangan bangunan kitha inggih punika ing Balé Kitha Le Havre, ugi Hanging Gardens (Le Havre)[27].

Wiwit taun 2008, Le Havre inggih minangka bagéyan saking jaringan Energy Cities utawi energi kitha lan ing konteks punika inggih sampun netepaken tata cara ingkang sampun kaserat wonten ing agenda 21 lan mawi pendhekatan lingkungan saking wontenipun urbanisme[26]. Kitha punika sampun pinaringan label Energi Wekdal Ngajeng ing sapérangan wekdal déning eco-label saking taun 2009 - 2011, label ènergi ingkang terus lumampah ing taun taun 2009[26]. Wiwit taun 1998, panté Le Havre inggih nampi saben taunipun gendéra biru minangka tandha matur nuwun dhateng sedaya fasilitas ingkang sampun dipunsamektakaken dhateng kitha punika ingkang dipundawakaken ngantos 3000 m2[28]. Le Havre ugi sampun damel lahan ijem ingkang ambanipun dumugi (Cithakan:Unit utawi 41 m2 saben kapita, déné kalih siti ijem ingkang paling ageng inggih punika wonten ing alas Montgeon lan Taman Roulles, ingkang kekalihipun mapan wonten ing kitha nginggil[28]. Taman-taman Priory Graville lan Hanging Gardens ugi nyamektakaken pemandhangan kitha bagéyan ngandhap ingkang ugi saé[28]. Ing punjering kitha Le Havre piyambak, alun-alun Saint-Roch lan taman bale kitha Le Havre ugi nyamektakaken satunggaling papan kanggé piknik ing dhaérah kitha[28]. Ekosistem miscellaneous ingkang dipunwakili déning wontenipun taman panté Le Havre lan taman Hauser (gua Hauser)[27]. Ing pungkasanipun, sèt Dollemard inggih dipundadosaken minangka dhaérah sènsitip ing negara alam utawi Sensitive in Country Natural Area nalika taun 2001 kanggé njagi postur lan konstruk ekosistem dindhing tebing jurang[27]. Déné ing sak pinggiring margi inggih dipunkiteri déning manéka warna jinis wit-witan ingkang béda-béda ingkang ngantos 150 varietas kanthi cacahipun tanduran ngantos 13000 wit[29].

Demografi[sunting | sunting sumber]

Kitha ngandhap ing Le Havre

Cacahipun pendhudhuk ing Le Havre ing taun 1999 inggih kirang langkung 191.000 tiyang, ingkang daml kitha punika inggih kitha nomer kalih welas ingkang kathah pendhudhukipun ing Prancis lan kitha ingkang paling kathah pendhudhukipun ing Haute-Normandie (sananjan to cacahipun pendhudhuk ingkang ageng ing Le Havre inggih langkung sekedhik tinimbang cacahipun pendhudhuk ing Rouen)[30]. Cacahipun pendhudhuk ingkang ageng pnika lajeng saged mandhap saking taun 1975 - 1982; ingkang ing sadangunipun taun punika, indhustri ingkang wonten ing mriki sami bangkrut, lan cacahipun pendhudhuk suda ngantos 18.000 tiyang[30]. Ing sadangunipun taun 1980-nan, cacahipun pendhudhuk ing kitha punika lajeng minggah malih sanajan ta boten patos cepet sanget anggènipun mindhak[30]. Kitha Le Havre paring watesan dhateng cacahipun pendhudhuk ing taun 1999 inggih kirang langkung 249.000 tiyang (cacahipun pendhudhuk ingkang paling ageng nomer selangkung ing Prancis) lan dhaérah urban inggih gadhah pendhudhuk kirang langkung 297.000 tiyang[31]. Kanthi sudanipun cacahipun pendhudhuk ing kitha punika ingkang dumugi 20% ing sadangunipun wekdal 20 taun, kitha Le Havre mila inggih kaangep taksih enem; kanthi cacahipun pendhudhuk ugi tambah suda[30]. Déné cacahipun pendhudhuk ingkang asalipun saking ngamanca ingkang miyos wonten ing kitha punika inggih kirang langkung wonten 8.200 tiyang utawi kirang langkung 4% saking total pendhudhuk ingkang wonten[30]. Amargi wonten éwah-éwahan saking bidhang ekonomi ingkang mratah kitha punika, mila jinising pakaryan ingkang wonten ing masarakat ugi lajeng ngalami ewah-ewahan ingkang ageng ing taun 1980 nan; ing antawisipun taun 1982 lan 1999, cacahipun tiyang kerah biru ingkang makarya suda lipet ping tiga inggih ngantos 11.000 tiyang[30]. Ing wekdal ingkang sami, cacahipun tiyang ingkang makarya ing pabrik utawi kantor lan para profesionalis inggih mindhak ngantos 25%, ingkang sapéranganipun inggih minangka asiling dipuncipta lan dipunbangunipun Universitas Le Havre[32].

Wisata utama[sunting | sunting sumber]

Satunggaling griya sepuh ing Le Havre, ingkang sak punika dados Musée du Vieux Havre
Biara Graville, Le Havre
Greja Saint-Vincent
Lapangan Saint Roch

Le Havre inggih dados dhaérah ingkang dipunbom nalika Perang dunya kaping kalih. Mila kathah bangunan ingkang gadhah sujarah ingkang inggil ingkang wonten lajeng sami ical amargi sami ambruk.

Greja[sunting | sunting sumber]

  • Katedral Le Havre : Watu ingkang sepisanan ingkang kanggé mbangun inggih dipunsukakaken sepisanan ing taun 1536[33]. Punika inggih minangka papan panggenanipun uskup ing Le Havre[34].
  • Greja St. Joseph, Le Havre, salah satunggaling simbol kitha ingkang paling misuwur[34]. Beltower inggih kalebet salah satunggaling menara ingkang paling inggil ing Prancis, minggah inggih dhuwuripun ngantos 107 meter. Menara punika inggih dipunrancang déning Auguste Perret[34].
  • Gereja St. Michael[34]
  • Gereja St. Vincent [Eglise St. Vincent:[34]
  • Greja St. François [Eglise St. François:[35]
  • Greja St. Anne [Eglise St. Anne:[36]
  • Greja St. Marie[34]
  • Kapel St. Michel d'Ingouville (ingkang dipunbangun ing abad 15) [St. Michel Chapel:[37]
  • Biara Graville, satunggaling biara ingkang dipunbangun kanggé ngurmati Sainte Honorine, ingkang dipuntetepaken ing lebet dhasar ing pinggiring lor kali Seine[37].
  • Greja Presbyterian Reformasi (Eglise Reformee), 47 rue Anatole France ingkang dipunbangun ing taun 1857, lajeng dipunbom ing taun 1941m lan atap saha langit-langit greja dipunbangun malih ing taun 1953 déning kalih arsitèk kantor ingkang misuwur inggih punika Auguste Perret: Jacques Lamy lan Gérard Dupasquier[37]. Namung setunggal bangunan ing kitha punika ingkang dipunanggep saé: bangunan kina lan arsitek sekolah Perret ingkang énggal ingkang dipunbangun ing wekdal ingkang sami[37]. Kantor sucinipun inggih bikak saben dinten Minggu enjing jam 10.30[37].

Musèum[sunting | sunting sumber]

  • Musèum des Beaux-Arts André Malraux : museum punika gadhah satunggaling koleksi seni ingkang dipunkempalaken wiwit abad kaping gangsal, ingkang kapérang saking; lukisan- lukisan ingkang impresionis inggih ingkang paling amba bangunanipun ing Perancis sasampunipun Museum Orsay ing Paris[38]. Ing mriki wonten lukisan-lukisan karyanipun Claude Monet lan pelukis sanèsipun ingkang dumunung saha makarya wonten ing dhaérah Normandia[38]. Sapérangan lukisan sanèsipun inggih kagunganipun Eugène Boudin, Eugène Delacroix, Gustave Courbet, Edgar Degas, Édouard Manet, Pierre-Auguste Renoir, Georges Seurat, Raoul Dufy, lan Alfred Sisley[38]. Salah satunggaling bandha ingkang paling énggal dipuntumbas déning pihak museum inggih punika Vague, par temps d'orage déning Gustava Courbet. Koleksinipun Oliver Senn (1864 - 1959), dipunparingaken dhateng museum punika ing taun 2004, ingkang ngewrat langkung saking 205 lukisan[38].
  • Musèum du Vieux Havre[38]
  • Musèum d'histoire naturelle (Museum of Natural History)[38]. Musèum punika inggih risak amargi wonten perang dunya kaping kalih[38]. Museum Natural History punika inggih madeg wonten ing dhaéreh tilas pengadila Le Havre ingkang dipunbangung ing tengahing abad kaping wolulas, ingkang rai ngajeng lan undhak-undhakanipun ingkang monumental kadhaptar dados tandha tilas sujarah[38]. Kolèksi musèum ingkang wonten ing dipunrekonstruksi malih sasampunipun geni ngrisak bangunan punika ing taun 1944 nalika kitha punika nembé dipunbom[38]. Museum punika dipunbangun déning pihak kitha ing taun 1838; ingkang nawaraken bab mineralogi, zoologi, ornotologi, paleontologi, lan departemèn pra sujarah, saha koleksi lukisan purwaning abad kaping sangalas déning naturalis lokal lan ugi wisatawan Charles-Alexandre Lesueur (1778-1846)[38]. Musèum punika dipunremuk malih kanthi dipunbom saking nginggil ing tanggal 5 September 1944[38]. Perpustakaanipun ical, semanten ugi koleksinipun ingkang wonten ingkang kapérang saking asiling fotografi, pirantos spesimen pengetahuan ingkang langka lan arsip[38]. Mineral lan koleksi geologi ingkang wonten ugi remuk, kalebet ugi koleksi spesimen langka spesimen mineral lokal Normandia[38]. Anggènipun ngancuraken museum punika inggih kiyat sanget, bilih ngantos sedaya katalog, dhaptar sumbangan, dhaptar asiling bandha ingkang dipuntumbas lan arsip sanèsipun dipuncegah ngantos inventaris ingkag leres saking sedayanipun ugi ical.[38]


Sanèsipun[sunting | sunting sumber]

  • The Shipowner home (dipunbangun ing abad kaping 18)[38].
  • The former tribunal (dipunbangun ing abad kaping 18)[38].
  • The town Hall : belfry modhèrn ingkang ngewrat kantor-kantor ing lebetipun[38].
  • Tha "Volcan", pusat budaya ingkang dipun bangun déning Oscar Niemeyer[38].
  • Taman Jepang[38].

Transportasi[sunting | sunting sumber]

Le Havre ugi sampun ngginakaken kekiyatan saking kahanan pantenipun kanthi radi saé, anangin tetep kémawon dhaérah punika ugi tetep kalebet dhaérah ingkang radi dipunisolasi[39]. Perkawis punika ingkang ndadosaken para tiyang ingkang sami netepaken kawicaksanan (déné sapernagan ageng inggih minangka kamar dagang lan indhustri Le Havre) sampun ningkataken akses kitha lan margi dhateng plabuhan saking jalur A131 ( E05) ingkang ngubungaken Le Havre dhateng A13 (margi tol Normandi) déning wontenipun Jembatan Tancarville[39]. Lan wekdal ingkang dipunbetahaken dhateng kitha inggih setunggal jam saking Rouen lan sepalih jam saking Île-de-France[39]. Ing wekdal tembe pungkur punika, margi ageng A29 (E44, margi ageng muara) ngubungaken Le Havre aglomerasi ing sisih lor Perancis lan dipunpungkasi ing Pont de Normandie, ingkng lajeng mapanaken Amiens ing sisih wetan radi lor ngantos dangunipun kalih jam lan Caen (saking kidul tumuju kulon]] ing satunggaling wekdal tartamtu[39].

Le Havre sampun ngrembaka kanthi saé saking margi nasional ingkang dipunbangun, jalur sepur lan udharanipun (ingkang kabukti kanthi wontenipun Bandara Octeville ing Le Havre) lan saged dumugi kitha Paris namung kanthi wekdal kalih jam nitih sepur kanthi pikantuk layanan ingkang cepet dhateng Gare du Havre[39]. Transportasi lokalipun inggih adhedhasar saking jaringan bis ingkang wiyar lan wiwit sasi Desember 2012 sampun wonten jaringan trem[39]. Satunggaling layanan kapal feri dhateng Portsmouth ing Inggris ugi lumampah kanthi saé saking terminal de la Citadelle[39]. Layanan punika inggih dipunoperasikaken déning LD Lines[39]. Dangunipun wekdal kanggé nyebrang inggih saking gangsal setengah jam dumugi wolung jam.[40] Jalur alternatif ingkang dipunremeni déning masarakat dhateng dhaérah-dhaérah ingkang caket kaliyan LE Havre inggih nglimputi Newhaven tumuju dhateng Dieppe, lan Poole tumuj dhateng Cherbourg[41].

Plabuhan Le Havre inggih minangka plabuhan laut wonten ing toya ingkang paling ageng wonten ing Perancis[39]. Koneksi kapal feri ingkang lintas dhaérah sesambunganipun kaliyan Portsmouth ing sisih kidul Inggris déning P & O Ferries inggih mandheg ing tanggal 30 September 2005 ingkang badhé dipunpendhet déning LD Lines ingkang sampun ngalami éwah-éwahan ing konfigurasinipun[39]. Kalih link dhateng Portsmouth punika inggih dipunsamektakaken saben dinten[39]. Déné link dhateng pulo Irlandia inggih sampun dipunpindhah dhateng purwakaning plabuhan Cherbourg[39].

Ferry (LD Lines) dans le port du Havre.

Jaringan sepur ugi ngrembaka kanthi saé ing kitha Le Havre. Kanthi mekaten, TER sampun dipundamel langkung modhèrn kanthi dipundamel garis LER ing taun 2001 lan saged nindakaken sesambungan langsung kaliyan Fécamp ing taun 2005[39]. Tigang welas mobil coral utawi kreta coral saking Paris - Le Havre inggih nglayani dhateng stasiun- stasiun sanèsipun kados ta Honfleur-Breaute, Yvetot Rouen, lan saking Saint Lazare[39]. Kejawi saking punika, TGV ugi paring layanan saben dintenipun ing Le Havre, ingkang ngubungaken kitha Le Havre dhateng kitha Marseille[39]. Wiwit sasi Desember 2004 stasiun paring layanan dhateng Rouen, [[Gare de Mantes-la-Jolie | Mantes-la-Jolie] ], Versailles, Massy, Part-Dieu, Avignon, Aix-en-Provence, lan saking St Charles[39]. Ing taun 2002, link TGV dhateng Paris saged ketingal ing Grand Paris lan mapanaken Le Havre udakawis setunggal jam langkung sak pro sekawan saking ibukota kaliyan stasiun terminal baru Pertahanan[41].

Boten wonten jalur sepur ingkang kanthi langsung saged ngubungaken kitha setunggal dhateng papan sanèsipun[39]. Ananging, Le Havre Caen, gadhah kathah proyek kanggé nyamektakaken jalur punika inggih ingkang misuwur kanthi sebutan "garis kidul mangulon", ingkang saged ngubungaken kitha Le Havre tumuju dhateng bank sisih kering ing bagéyan kali Seine paling ngandhap saking Rouen, celak kaliyan muara kali, ingkang nembé dipunsinaoni ing sepalih wekdal kaping sangalas lan ing purwakaning kalih dasa, ananging malah punika boten wonten ingkang saged ipuntindakaken amargi kirangipun pepenginan ing bidhang pulitik lan minangka asiling prahara saking wontenipun pihak oposiis ingkang kiyat sanget inga pamarèntahan saking otoritas plabuhan Rouen[39]. Déné menawi badhé ngginakaken angkutan umum, saéngga wisatawan saged nelasaken kitha Rouen mawi sepur utawi bis ingkang ngginakaken baris ingkang cacahipun kalih dasa saking bis ingkang ijem. Pelatih abu-abu dhateng Etretat lan Fécamp lan VTNI kanggé ancas tindakan dhateng lembah Seine lan Roune ugi nyamektakaken layanan ing antawisipun kitah setunggal lan kitha sanèsipun kanthi ngginakaken nama Departemèn Umum (Perancis) saking Seine-Maritime[41]. Ing pungkasanipun, perusahaan AirPlus inggih nyamektakaken angkutan tumuju dhateng stasiun sepur lan bandhara Paris[41]. Kanggé transportasi jalur udhara, kitha punika gadhah Le Havre Octeville Airport ingkang mapan tebihipun 5 km saking sisih lor ngantos kulon saking Havre wonten ing Perancis umum saking Octeville-sur-Mer, ingkang dipunkelola déning CODAH[42]. Ing taun 2007, cacahipun tiyang ingkang ngginakaken montor mabur kelas bisnis, montor mabur kelas komersial, lan boten komersial inggih ngalami indhak-indhakan[42].

Ancas ingkang paling wigati inggih punika kanggé paltform korespondensi saking Lyon[42]. Kathah papan ingkang asring dipuntuju saben mangsa prèinan ingkang dipuntawaraken inggih punika dhateng Tunisia, Baléares, Portugal, Yunani, Bulgaria, lan sapanunggalanipun[42]. Mawi agen perjalanan lokal inggih saged mawi montor mabur ingkang dipunsewa piyambakan[42]. Kanthi wontenipun dhamé kaliyan Deauville mila lajeng nembé dipuntimbang-timbang kanggé damel punjering papan kanggé latiyan mabur lingkup regional ingkang langkung kiyat[42]. Bandhara punika inggih ingkang asring dipunsebut "Le Havre / Deauville"[42].

Transportasi ing Kitha[sunting | sunting sumber]

Kitha lan wilayah ing metropolitan gadhah jaringan transportasi ingkang padhet[42]. Perkawis punika ingkang lajeng mangsuli pitakenan, punapa kitha punika naté leren, punapa malih kanthi wontenipun kitha ngandhap lan kitha nginggil[42]. Kalih kitha punika anggenipun sami hubungan kedah mawi transportasi ingkang dipunhubungaken déning wontenipun margi ingkang dawa, lajeng dalanipun kathah ingkang nikuk, kathah undhak-undhaknipun, wonten tram kabel Havre lan ing pungkasanipun wonten terowongan Jenner[42].

Jaringan transportasi umum ingakng wonten ing komunitas aglomerasi LE Havre utawi CODAH inggih dipunsebat "Lia" ingkang dipunoperasikaken déning Perusahaan Angkutan saking gerbang laut inggih punika CPTO, anak perusahaan saking Veolia Trasportasi[43]. Nalika jaringan bis dipundandosi ing taun 2008, lajeng saged mbiyantu mesthekaken layanan ingkang langkung sae malih kangge sedaya kitha ingkang wonten ing wilayah metropolitan[43]. CPTO punika ngoperasikaken jaringan bis ingkang kapérang saking 19 larik jalut kitha reguler lan enem larik ing bagéyan dalu ingkang asring kasebut bis wengi[43]. Aglomérasi wonten ing Le Havre inggih dipunlayani dening 165 kendharaan lan 41 jalur bis reguler ingkang saben dintenipun rata-rata saged ngangkut penumpang cacahipun 100.00 tiyang[43].

Wiwit sasi Januari 2011, agen transportasi punika nawaraken layanan antar jemput reguler mliginipun kanggé dhaérah indhustri lan plabuhan Le Havre, saéngga saged nambah layanan VTNI mawi Trans Estuaire[39] Kanthi wontenipun tram kabel havre ingkang dipunbangun wiwit taun 1890 mila lajeng saged damel mungkin wontenipun sesambungan ing antawisipun kitha nginggil dhateng kitha ingkang langkung andhap kanthi wekdal namung sekawan menit mawi kabin ingkang dipungèrèk[44]. Kanthi wekdal langkung saking 75 taun, Le Havre sampun gadhah jaringan trem saking Prancis ingkang paling wiyar lan paling modhèrn[44]. Déné ing wekdal punika, masarakat ing dhaérah kitha sampun ngupiya kanggé ngrembakakaken pasokan transportasi ing dhaérah kitha[44]. Solusi saking rel trem inggih ingkang dipunpilih kanggé ngrampungaken perkawis ingkang wonten[44]. Rel trem punika wiwit sepisanan mlebet ing layanan inggih ing tanggal 12 Desember 2012 lan gadhah 23 stasiun ing total dawanipun margi 13 km[45]. Larik ingkang sepisanan ingih ngubungaken panté tumuju dhateng stasiun, cacahipun dhaérah ing bagéyan kitha nginggil kaliyan trowongan énggal, celak kaliyan trowongan Jenner, kanggé mérang dados kalih, inggih ingkang setungga arah tumuju dhateng Mont-Gaillard, déné arah ingkang sanesipun inggih tumuju dhateng Caucriauville[45]. Satunggaling laring ingkang nomer kalih, inggih wonten ing sak ngandhaping panaliten kanggé mecahaken perkawis wontenipun titik bosen saking jalur bis 2 lan kanggé ugi nglayani masarakat pinggiran sisih kidul[45].

Ing pungkasanipun, aglomerasi ing Le Havre wiwit taun 2001 gadhah LER, larik TER ing antawisipun Gare du Havre kanggé Rolleville saking gangsal stasiun sepur ing kitha sanèsipun[45].

Transportasi pribadi[sunting | sunting sumber]

Wiwit taun 2005, sampun dipunrembakakaken wontenipun dalan khusus kanggé pit onthèl ingkang proyek punika sampun sami ningkat, kalebet wontenipun koneksi utawi sesambungan dhateng Greenway, déné ingkang dipunjanjikaken inggih gadhah jaringan ingkang kiyat lan kanthi kualitas ingkang saé[27]. Ing antawisipun taun 2007 lan 2011, total dawanipun jalur pit onthèl ingkang dipundamel inggih sampun lipet ping kathah inggih ngantos 46 km total dawanipun margi[27]. Awit saking punika, pramila tiyang badhé langkung gampil kanggé nyéwa pit onthèl ing badan-badan océane bis utawi (Vél-H) ugi dipunsarujuki kanggé dipunampil[44]. Kanggé paring wara-wara bab panyaruwé supados masarakat sami ngginakaken pit onthel ing kitha, mila wonten pakempal pit onthel ingkang asring nyadé pit sabine ingkang dipunginakaken kanggé tindak-tindak ing dhaérah kitha[44]. Satunggaling klompok kanthi nama LH-Velorution ngupiya wiwit purwakaning taun 2012 kanggé ningkataken kasadharanipun masarakat supados sami ngginakaken pit onthèl kanggé tindakan ing dhaérah kitha lan ugi kanggé nengenaken bab polusi ingkang saweg dados perkawis ing dhaérah kitha lan ugi wontenipun implementasi kirang saé saking fasilitas ingkang dipunsamektakaken ing pit onthel piyambak[46]. Ing pungkasanipun, namung 140 taksi ingkang dipunoperasikaken wonten ing Le Havre lan kanggé nglayani namung 25 stasiun [47].

Tata ruang kitha ing Le Havre[sunting | sunting sumber]

Kitha Ngandhap[sunting | sunting sumber]

Kitha dipunbangun malih sasampunipun taun 1945[sunting | sunting sumber]

Peta Le Havre lan punjering kitha ingkang dipunbangun malih sasampunipun Perang mondiale

Sapérangan ageng kitha punika inggih sampun remuk ing sadangunipun wonten Perang Dunya kaping kalih. Kitha punika dipunbangun malih jumbuh kaliyan pangangen-angen bengkelipun Auguste Perret ing antawisipun taun 1945 lan 1964[48]. Namung Hotel Le Havre lan Greja St Joseph ing Le Havre ingkang dhuwuripun dipunrancang ngantos 107 meter déning arsitek Auguste Perret[48]. Piyambakipiun lajeng dhateng kanggé muji asiling pakaryan kangge mbangun malih bangunan punika, lan déning UNESCOlajeng kitha ngandhap ingkang dipunrekonstruksi malih punika inggih wonten ing punjering kitha Le Havre punika ing tanggal 15 Juli 2005 saged mlebet Dhaptar Warisan Dunya[48]. Ruangan punika inggih ingkang gadhah amba ngantos 133 hektar inggih minangka situs kontemporèr ingkang kacathet wonten ing Eropa[48]. Arsitèktur dhaérah punika inggih dipuntandhani déning dipunginakakenipun beton, pre pabrikasi, tata cara urutan ngginakaken kerangka modular ingkang dawanipun 6,24 meter lan garis jejeg[48] · [49].

Karya arsitèktur sanèèsipun ingkang ugi misuwur inggih punika punjering griya budaya ing Le Havre, ingkang dipunbangun malih ing taun 1982 déning arsitek saking Brasil inggih punika Oscar Niemeyer lan salajengipun dipunsebut volcano awit saking wujudipun bangunan ingkang kados gunung geni[50].

Ing taun 2012, bangunan punika inggih nembé dipundandosi malih lan ing sak njawining ruangan ugi nembé dipunéwah-éwahi kanthi langkung tumemen lan sampun dipunsarujuki déning arsitèk ingkang mbangun bangunan punika ugi kanthi damel papan ingkang langkung kebikak ingkang radi ageng dhateng sak njawining plaza[50]

Ing sakiteripun Notre Dame lan Perrey ugi sampun dipunginakaken masarakat minangka papan dumunungipun warga[50]. The Halles inggih minangka salah satunggaling punjering kitha ingkang radi komersil[50]. Wondéné distrik Saint-François, ugi sampun dipunbangun malih sasampunipun taun 1945, ananging kanthi wujud gaya arsitèktur ingkang béda kanthi sampun ngalami éwah-éwahan ingkang kathah, lan bangunan saking watu bata punika gadhah atap ingkang lancip wonten ing slate. Punika inggih kalebet dhaérah lingkungan rumah makan lan pasar iwak[50].

Lingkungan saking kitha ingkang langkung tuwa[sunting | sunting sumber]

Palataran Greja Saint Vincent

Saking sisih wétan tumuju sisih lor kitha ngandhap punika sampun dipunbangun malih sapérangan dhaérah ingkang sampun tuwa kahananipun inggih ingkang nglimputi lingkungan Danton, Saint Vincent, Graville, Massillon, lan sapanunggalanipun[51]. Bejanipun, bangunan punika inggih saged luput saking amuking bom ing perang dunya kaping kalih[51]. Toko-toko ingkang jumèjèr jèjèr wonten ing sapérangan titik margi utama ing lingkungan sakitering bunderan kitha inggih padatanipun dipundamel saking watu bata, mila bangunanipun inggih radi kiyat[51]. Ananging, ing salebeting taun 1990 nan lan 2000 nan, lingkungan punika inggih sampun dados proyèk bangunan ingkang badhé dipunbangun malih kanthi béya ingkang ageng, mliginipun kanthi wontenipun OPAH kangge ndandosi griya ingkang sampun sepuh yuswanipun adhedhasar rehabilitasi ing kitha utawi rekonstruksi kitha ingkang wonten, lajeng dipunbangun ugi fasilitas publik ingkang taksih kirang dipunjangkepi, ugi dipundandosi malih bab tata cara lumakunipun bisnis ingkang kadadosan ing kitha punika[51].

Ing pungkasanipun abad 20 lan ing purwakaning abad 21, stasiun kabupatèn inggih sampun ngalami éwah-éwahan ingkang ageng[51]. Panci leres, sejatosipun stasiun kabupatèn inggih minangka lawang gerbang menawi badhe tumuju dhateng kitha ingkang sami badhé kepanggih wonten ing papan punika lan ugi kanthi wontenipun stasiun sepur ing kitha punika[52]. Bangunan-bangunan ènggal ingkang sampun sami dipunbangun ing wekdal pungkasan punika inggih kados ta Universitas Le Havre, konservatorium, markas saking SPB (Society Provident Bank) lan General Transatlantic Managemen, hotel matmut, ingkang ènggal inggih punika kanthi sebatan CCI, ingkang sapèrangan ageng saking bangunan punika inggih dipunrancang dèning arsitèk ingkang sampun misuwur[52]. Stasiun bis, NF, inggih sampun gadhah sertifikat lan wiwit taun 2005 stasiun punika inggih ugi sampun dipundandosi malih[52]. Ing sisih loripun stasiun, wonten proyèk sanèsipun inggih punika kanthi wontenipun real estate ingkang dipunbangun ing siti tilas papan ingkang sampun bobrok tumemen ing pulo Turgot, Magellan ingkang badhé dipunwedalaken lan dipunresmèkaken ing taun 2013 punika kalebet kantor kanthi amba 12.500 m2 lan ugi hotel kanthi tingkat wolu ingkang sampun jangkep kaliyan wontenipun toko-toko ingkang pating jlèntrèk jumèjèr ing tingkat paling ngandhap bangunan punika[52].

Distrik-distrik ing sisih kidul[sunting | sunting sumber]

Dhaérah komersial Docks Vauban, 2009, sisih bagéyan kidul

Distrik-distrik ingkang mapan wonten ing sisih kidul saking kitha Le Havre punika inggih dipuntandhani kanthi wontenipun kegiyatan indhustri lan plabuhan[53]. Wonten set bata saking set watu bat ingkang ageng ing Chicago, kitha tenaga kerja, usaha alit, gudhang, dermaga lan fasilitas plabuhan, utawi infrastruktur transportasi[53].

Distrik-distrik ing bagéyan sisih kidul ing sadangunipun mapinten-pinten taun ingkang sampun ngalami éwah-éwahan ingkang ageng kanthi surung pambiyantu béya saking Éropa[53]. Kegiyatan punika lajeng dipunrembakakaken maih kegiyatan ingkang tersier ingkang sampun langkung rumiyin dipunlirwakaken déning kegiyatan indhustri[53]. Kanthi mekaten, dermaga punika saèstu saged dados punjering papan olahraga lan wontn ing adicara Dock Océane, ing punjering papan kanggé blanja ing Docks Vauban lan ugi paméran Docks Café[53]. Les Bains des Docks dipunrancang déning arsitek Jean Nouvel[53]. Ing pungkasanipun taun 2012, mahasiswa saking Ilmpu Politik Eropa Asia lan INSA ingkang sampun kagabung dados bangunan énggal ing sandhingipum Institut Tinggi Studi Logistik lan ENSM masa sangajengipun (Ecole Nationale Superieure Maritime)[53].

Punjering papan medis ingkang énggal ingsakitering griya sakit énggal ingkang wonten ing Perancis, inggih punika des Ormeaux ingkang dipunbangun ing sakiteripun lingkungan wonten ing pundi kathah griya ingkang ugi badhé dipunbangun malih kanggé ancas badhé dipunpromosikaken ing ancas campuran sosial[54]. Kitha Cité de la Mer lan pembangunan ingkang badhe terus-terusan dipunbangun ingkng badhe dipunadani ing sakitering menaralogam ingkang dhuwuripun satus meter ingkang dipunrancang déning Jean Nouvel[54]. Proyek punika lajeng dipunmandhegaken ing taun 2007, ananging sampun makarya kanthi tumemen malih ingkang kedah dipunwiwiti malih ing taun 2013[54]. Déné pamaréntah kitha kanthi wontenipun renovasi punika lajeng pengunjung ingkang cacahipun 300.000 tiyang saben taunipun kedah dipuntarik supados boten dhateng bangunan punika malih[55].

Kitha Nginggil[sunting | sunting sumber]

Pasaréyan Sainte-Maria

Bagéyan kitha nginggil inggih kapérang saking tigang bagéyan, inggih punika bagéyan panté, distrik pinggiran kitha ing dataran inggil, lan set perifer ingkang ageng[56]. Lingkungan ingkang wonten ing sandhingipun tebing inggih punika satunggaling komplèks griyanipun warga ingkang langkung gampil dipundamel ing bagéyan sisih kulon inggih punika wonten Les Ormeaux, Rue Felix Faure lan ingkang kitha prasaja inggih wontenipun kitha St Cecilia, Aplemont[56]. Lajeng trowongan Jenner ingkang wonten ing sak ngandhaping panté lan ngubungaken kitha nginggil lan kitha ngandhap[56]. Ing dhaérah panté ugi dipunpanggihaken kalih wujud kitha ingkang kiyat inggih punika bènteng Sainte-Adresse lan Tourneville lan wontenipun pasaréyan Sainte-Marie[56]. Kanthi ambrukipun fungsi militer kitha, mila kitha punika kanthi sekedhik maka sekedhik lajeng dipundandosi, kados ta Fort Sainte-Adresse ingkang lajeng dipungantos Taman gantung Le Havre, lan ugi kanggé benteng Tourneville ingkang dados griya utama ing taun 2013 kanggé wontenipun Tetris Project, inggih punika satunggaling punjering papan kanggé latiyan musik kontemporer kanthi wontenipun gedhung konser lan studio kanggé gladhèn[56].

Déné ing sisih lor dipunrembakaken wonten ing sepalih wekdal sepisanan saking abad sangalas, inggih punika dipundamel kabupatèn pinggiran kitha, kados ta Rouelles, St Cecilia, Mare au Clerc Sanvic, Bléville lan Dollemard[56]. Ing sisih lor radi kulon, ing antawisipun Belville lan bandara Octeville, ugi wonten dhaérah ingkang nembé dipunbangun, inggih punika kitha Les Hauts de Belville[57]. Dhaérah punika inggih minangka distrik eco ingkang kapérang saking standar griya kanggé warga ingkang kedah gadhah kualitas lingkungan ingkang saé utawi ingkang asring dipunsebut High Quality Environments (HQE), satunggaling BIA lan sekolah ingkang kedah konversi total cacahipun 1000 dhateng dhaérah ing griyanipun pendhudhuk[57].

Dhaérah ing sakitering pinggiring kitha inggih saged tuwuh ing wekdal sasampunipun rampung perang[57]. Punika inggih minangka satunggaling padamelan ingkang ageng saking Caucriauville, Kayu Belville, Mont-Gaillard lan Mare-merah ingkang titik fokusipun dhatng cacahipun pendhudhuk ing kitha punika kirang ngasilaken asil ingkang patos saé[57]. Ing sasi Oktober 2004, Badan Nasional Kitha (ANRU) inggih nindakaken renovasi ingkang dipuntapakasmani kaliyan pejabat kotamadya Le Havre kanthi asling serat kekancingan ingkang sepisanan inggih punika kanggé paring sumbang surung bab wragat kangge mbangun ulang bangunan ingkang sampun tuwa umuripun ing kitha punika[57]. Serat kekancingan punika inggih saged medalaken arta sumbangan ingkang agengipun 340 yuta kanggé mbangun klompok ageng ing distrik sisih inggil, minangka griya kangge 41.000 tiyang[57]Sumbangan wragat punika lajeng saged mratah kanggé dipunwedalakenipun Grand Project de Ville (GPV)[57]. Mila, perkawis punika ingkang saged ndadosaken langkung gampil kanggé mbangun malih kitha nginggil ingkang cacahipun 1700 griya énggal[58].

Toponomi[sunting | sunting sumber]

Nama kitha punika inggih sampun dipunbuktèkaken ing taun 1489, lan ugi ing wekdal sadèrèngipun inggih sampun natè dipundhirikaken dèning Francis I minangka satunggaling rahmat lan dados kitha grace[59]. Ing taun 1516, kalih taun sadèrèngipun sampun madeg yayasan punika kanthi resmi[59]. Nama ilmiah lan samantaranipun kanggé kitha p[unika inggih asalipun saking Franciscopolis[59]. Kualifikasi punika mbok bilih inggih ngrujuk dhateng wontenipun kapèl bunda Maria, ingkang mapan wonten ing katedra Notre Dame ing Le Havre[59]. Katedral punika inggih gadhah nama ingkang sami kaliyan Our Lady Grace ingkang sampun kacathet minangka satunggaling kapel ing muara sanèsipun[59].

Olahraga[sunting | sunting sumber]

Plabuhan Vauban.

Kitha Le Havre inggih minangka kitha papanipun klub olahraga ingkang paling sepuh ingkang wonten ing Prancis, inggih punika Le Havre Rowing Society (1839)[60], Ragatta Society of Le Havre (1838) lan Le Havre Athletic Club (1872), dekan klub bal-balan Perancis lan rugby[61] · [62] · [63]. Kitha punika inggih minangka papan kempalipun tim pakempalan bal-balan saking klub Le Havre AC, ingkang musim tandhing liga taun 2011 - 2012 tandhing ing Liga kaping kalih, nomer kalih saking bal-balan Perancis[60]. Klub bal-balan punika inggih dipundhirikaken ing taun 1872, ingkang dadosaken klub punika dados klub bal-balan ingkang paling sepuh wonten ing pakempalan klub bal-balan ing Perancis[60].

Papan olahraga ingkang taksih gesang ing Le Havre inggih dipundominasi déning tigang tim olahra profesional, tim bal-balan ingkang sepisanan inggih punika CDT ingkang maén tandhing ing liga 1 kanggé ing wekdal pungkasan taun 2008-2009 lan ing wekdal salajengipun inggih tandhing ing liga nomer kalih[60]. Papan punjering pelatiyan ingkang dipunanggep sampun maujud ing Prancis ing ranah internasional ing antawisipun inggih punika Vikash Dhorasoo, Julien Faubert, Jean-Alain Boumsong, Lassana Diarra utawi Steve Mandanda, ingkang kanthi ajeg tetep saged mlebet ing ranking sedasa ageng klub ing Prancis[60]. Tim ageng ingkang angka kalih inggih punika Saint-Thomas Basket), ingkang minangka jawara basket Pro A ing Prancis[60]. Klub punika inggih saged dados jawara lan ngrebat gelar nasionalipun ingkang sepisanan inggih wonten ing kompetisi Coupe de France ing taun 2006[60]. Klub atletik rugby Le Havre ingkang minangka klub éwah-éwahan saking federal 3 ing liga champions Perancis (ingkang mèh sami kedhudhukanipun kaliyan divisi gangsal)[60]. Klub hoki ing Havre inggih sampun ngrembaka sanget ing tingkat nasional wonten ing urut-urutan nomer sekawan kanggè musim tandhing 2008-2009, mila tim punika asring dipunsebut Dock Le Havre[64]. Minangka kitha maritim mila kathah dipunpanggihaken jinising olahraga ingkang gayut kaliyan kahanan alam ingkan kados mekaten, kados ta tradisi prau layar[60]. Ing tanggal 29 Juli 1840, dipunadani pertandhingan ingkang sepisanan saking olahraga prau layar punika[61]. Ing wekdal sak punika, Le Havre inggih sampun misuwur dados stasiun tiya lan resor[61]. Plabuhan panté ingkan wonten ing panté punika inggih dipunbangun nalika jaman taksih kadadosan perang, lan sak punika sampun dados plabuhan maritim ingkang paling ageng[16]. Cacahipun 200 ali tambahan inggih ugi sampun dipunpasang wonten ing dhaérah cekungan Vauban ing taun 2011-2012[65].

The Havraise Rowing Society inggih sampun nglatih sapérangan para atlit dayung ingkang inggil, kados ta Thierry Renault[66]. Klub nautique Le Havre (CNH) inggih minangka punjering saking papan renang lan polo ing toya kanggé papan renangipun tiyang jaler[66]. Le Centre Nautique Paul Vatine inggih minangka klub nomer gangsal wonten ing cacahipun lisensi olahraga ing negara kasebut ingkang pikantuk ranking nomer kalih ing divisi liga champions noler 1 ing klub catamarans Prancis[66].

Kitha punika ugi sampun naté dados tuan rumah kanggé Olimpiade Layar ingkang dipunadani ing musim panas ing pertandhingan Olimpiade musim panas taun 1900 lan wonten ing olimpiade layar musim panas taun 1924[66].

Ékonomi[sunting | sunting sumber]

Umum[sunting | sunting sumber]

Ing taun 2006, pajak penghasilan saben griya ing Prancis saged ngasilaken arta ngantos dumugi 14.667 euro [67]. Sanajan ta ékonomi lokal ing dhaérah punika saged ngrembaka lan gadhah ragam ingkang kathah, ananging tetep kémawon sedaya asiling padamelan gumantung kaliyan papan lokasi indhustri kasebut wonten, inggih kalebet ing klompok internasional punapa usaha alit-alitan kémawon[67]. Aluring mlampah babagan ékonomi ing Le Havre inggih tebih saking papan punjering damel kaputusan ingkang mapan wonten ing dhaérah Paris[67]. Awit saking punika, perkawis punika nedahaken bilih wonten kamungkinan bilih kitha punika gadhah representasi ingkang andhap saking bab ekonomi kejawi saperangan ékonomi ingkang saged kasil saé, kados ta distributor furnitur interior, ingkang kagungan prusahaan pelayaran, Delmas (ingkang sahamipun nembé kémawon dipunkuaosi déning klompok CMA-CGM[67].

Pengusaha Mayor ing dhaérah Le Havre
Nama Kitha Séktor
Renault Sandouville Sandouville Otomotif
Griya Sakit Umum Le Havre kasarasan
Kitha Havre Le Havre Administrasi publik
Cacahipun Gonfreville Refining
Plabuhan Le Havre Le Havre Layanan plabuhan
Aircelle Gonfreville Manufaktur montor mabur
Total Pétrokimia Gonfreville Pétrokimia
SNCF Le Havre transportasi
Dresser-Rand Le Havre Pirantos mékanik
Chevron Gonfreville Pétrkimia

Plabuhan[sunting | sunting sumber]

Kanthi saged nampun barang ingkang cacahipun dumugi 68,6 yuta ton ing taun 2011, mila Plabuhan Le Havre inggih dados plabuhan bisnis ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis lan nomer seket plabuhan paling ageng ing dunyaref>Cithakan:Pdf World Port ranking 2010 sur http://aapa.files.cms-plus.com/</ref>. Ananging punika nembé 60% saking lalu lintas kontèner kanthi mèh sami kaliyan 2,2 yuta EVP ing taun 2011[68]

Ing tingkat Èropa, plabuhan punika dados plabuhan nomer wolu ingkang paling sibuk ing bagéyan lalu lintas kontènèr, lan dados nomer enem menawi dipuntétang saking kathahipun ingkang lalu lintasi ing plabuhan punika[69]. Plabuhan punika inggih nampi sapérangan ageng lisah mentah ingkan cacahipun dumugi 37,5 yuta ton lan 1,7 yuta ton produk ingkang sampun dipunolah ing taun 2011[68]. Lan ing pungkasanipun taun 2010, cacahipun kendharaan ingkang liwat terminal pelabuhan dumugi 340.500 kendharaan[69]. Ing plabuhan punika wonten 75 jalur pelayaran règulèr ingkang saged ngladosi 500 plabuhan ing sedaya bagéyan dunya[69]. Kathah-kathahipun mitra dagang ingakng paling ageng ing plabuhan Le Havre inggih asalipun saking benua Asia lan menawi dipunétang cacahipun 58% saking ngimpor barang lan 39,6% kanggé ngekspor barang[69]. Déné turahan arus lalu lintas ing plabuhan Le Havre inggih dipuntujokaken dhateng arah Éropa lan Amérika[69].

Le Havre inggih mapan wonten ing sisih lor saking muaranipun kali Seine[70]. Papan punika inggih sanget damel untung pamaréntah Le Havre kanthi mapinten-pinten alsesan[71]. Ingkang sepisanan, amargi kali Seine inggih minangka papan ingkang misuwur ing dunya, lajeng papan punika minangka plabuhan ingkang paling sepisanan lan kaping pungaksan madeg ing Èropa sisih lor[72]. Lan ugi plabuhan punika minangka bageyan paling ngajeng kanthi sak pro sekawan padamelan dol tinuku dagang maritim ing Èropa inggih dipuntindakaken ing mriki[73].

Menara Kembar[sunting | sunting sumber]

Le Havre inggih minangka kitha kembar utawi gadhah satunggaling sedhèrèk kitha putri sanèsipun ingkang kembar kaliyan kitha Le Havre punika:[74]

Tokoh[sunting | sunting sumber]

Le Havre inggih minangka kitha miyosipun para tokoh-tokoh inkang misuwur kados ing ngandhap punika[1]:

Galeri[sunting | sunting sumber]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g [1](dipunundhuh tanggal 21/04/2013)
  2. ^ a b c d Editorial, CODAH
  3. ^ a b c d e f g h "Narrative of Le Moyne- TheNewWorld.us". TheNewWorld.us. http://www.thenewworld.us/narrative-of-le-moyne/3/.
  4. ^ a b c d e f g h Ambrose, Stephen. Citizen Soldiers, kaca 274-277.
  5. ^ a b c d e f g h i (Kuhl, Lowis & Thiel-Siling 2008, kaca 61)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l (UNESCO 2005, kaca 5)
  7. ^ a b c d e f g h i j k l m n (Collins 2004, kaca 273)
  8. ^ a b c d Claire Etienne-Steiner, Frédéric Saunier, Le Havre un port des villes neuves, Paris, 2005, kaca 21
  9. ^ a b C. Étienne-Steiner, Le Havre. Ville, port et agglomération, Rouen, 1999, kaca 15
  10. ^ Isabelle Letélié, Le Havre, itinéraires insolites, Louviers, 2010, kaca 14
  11. ^ J. Ragot, M. Ragot, Guidé de la nature en pays de Caux, 2005, kaca 6
  12. ^ a b c d e P. Auger, G. Granier, Le guidé du Pays de Caux, 1993, kaca 33
  13. ^ "Insee - Thèmes - Territoire - DUIC - Agglomération (unité urbaine) : Le Havre". Insee.fr. http://www.insee.fr/fr/ppp/bases-de-donnees/donnees-detaillees/duicq/uu.asp?reg=23&uu=76701.
  14. ^ [2] Alam ing kali Seine (dipunundhuh tanggal=19/07/2012)
  15. ^ "Weatherbase". June 2011. http://www.weatherbase.com/weather/weather.php3?s=082070&refer=.
  16. ^ a b c d e f Chiffres clés et statistiques, Le Havre Développement
  17. ^ a b Cap de la Hève, Seine-Maritime (76), 100m - [1961-1990], Infoclimat
  18. ^ Pierre Le Hir, Ricardo Silva Jacinto, « Courants, vagues et marées : les mouvements de l'eau », Ifremer
  19. ^ Météo en Seine-Maritime, Météo France
  20. ^ P. Auger, G. Granier, Le guidé du Pays de Caux, 1993, kaca 42
  21. ^ a b c d e Données nature et paysage sur l'estuaire de la Seine, Carmen, Haute-Normandie
  22. ^ Cap de la Hève, Seine maritime(76), Cithakan:Unité - [1961-1990] sur Infoclimat
  23. ^ Gaëlle Dupont, « Il est difficile de mobiliser les politiques sur le problème de la pollution de l'air »
  24. ^ Laurence Perrin, « L'heure du bilan carbone », dans Océanes Le Havre, Cithakan:Numéro, décembre 2011-janvier 2012, kaca 31
  25. ^ a b Lutter contre le changement climatique, Ville du Havre
  26. ^ a b c Résultats de mesures 2011, Air Normand
  27. ^ a b c d e Rapport annuel du développement durable de la ville du Havre 2010-2011, Ville du Havre
  28. ^ a b c d La plage du Havre denouveau certifiée Pavillon bleu
  29. ^ [3] Préserver la biodiversité, les écosystèmes et les milieux naturels (dipunundhuh tanggal=21/04/2013)
  30. ^ a b c d e f [4]|76351 Le Havre (dipunundhuh tanggal=21/04/2013)
  31. ^ Insee - Résultats du recensement de la population - 2009 - Le Havre, INSEE
  32. ^ Insee - Résultats du recensement de la population - 2009 - Le Havre, INSEE
  33. ^ In Le Havre(dipunundhuh tanggal 22 April 2013)
  34. ^ a b c d e f [5]
  35. ^ [6]
  36. ^ [7]
  37. ^ a b c d e [8]
  38. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s “Koleksi Musèum Biologi sadèrèngipun kènging memala ing tanggal 5 Septembre 1944.” Buletin Geological Society of Normandia and Frinds of Museum Le Havre. Volume 40. 1936-1950. Kaca 12, 17, 22.
  39. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Réseaux de communication
  40. ^ "Le Havre Portsmouth Timetables | Cross Channel Ferry". LD Lines. http://ldlines.co.uk/timetables/le-havre-portsmouth.
  41. ^ a b c d [9]Le Havre, métropole d'avenir(dipunundhuh tanggal=21/04/2013)
  42. ^ a b c d e f g h i j [10] Rapport d'activité 2007 (dipunundhuh=21/04/2013)
  43. ^ a b c d sommes-nous ? (dipunundhuh tanggal=22/04/2013)
  44. ^ a b c d e f Guide de la mobilité 2011, Ville du Havre
  45. ^ a b c d Les chiffres-clés, Le site du tramway de l'agglomération du Havre
  46. ^ Site LH-Vélorution
  47. ^ Océanes Le Havre, n°156, mai 2012, kaca 14
  48. ^ a b c d e Le Havre, la ville reconstruite par Auguste Perret, UNESCO
  49. ^ Isabelle Letélié, Le Havre, itinéraires insolites, Louviers, Ysec éditions, 2010, kaca 31
  50. ^ a b c d e Isabelle Letélié, Le Havre, itinéraires insolites, Louviers, Ysec éditions, 2010, kaca 32
  51. ^ a b c d e Un centre ancien en cours de rénovation, Ville du Havre
  52. ^ a b c d Ilot Turgot Magellan par le cabinet d'architectes Paumier
  53. ^ a b c d e f g Parcs et jardins de la ville du Havre, Sciences Po et l'INSA
  54. ^ a b c Gras 2010, p. 238
  55. ^ Gras 2010, p. 239
  56. ^ a b c d e f Le fort de Tourneville, Ville du Havre
  57. ^ a b c d e f g L'éco quartier « Les Hauts de Bléville », Ville du Havre
  58. ^ Elisabeth Ridel, les Vikings et les mots : L'apport de l'ancien scandinave à la langue française, éditions errance, Paris, 2009, kaca 203 - 226 - 227 - 228.
  59. ^ a b c d e François de Beaurepaire (préf. Marianne Mulon), Les Noms des communes et anciennes paroisses de la Seine-Maritime, Paris, A. et J. Picard, 1979, 180 p. (Cithakan:ISBN) (OCLC 6403150), kaca 92-93
  60. ^ a b c d e f g h i Depuis 1838, Société française de l'Aviron
  61. ^ a b c Plaquette Nautisme, havredeveloppement.com
  62. ^ Archives municipales du Havre, Ville du Havre. Consulté le 23/04/2013
  63. ^ Coll., 1872-1972, centenaire Havre Athletic Club, Le Havre, HAC, 1972, kaca 19–23
  64. ^ Présentation du club, FFHG
  65. ^ Océanes Le Havre, avril 2011, Cithakan:Numéro, kaca 30
  66. ^ a b c d Présentation, centre nautique Paul Vatine
  67. ^ a b c d CC-Résumé statistique/com,dep,zone empl sur site de l'INSEE
  68. ^ a b Statistiques définitives, année 2011, Port du Havre
  69. ^ a b c d e Le port du Havre, Le Havre développement
  70. ^ Les emplois liés aux activités maritimes et portuaires dans la zone d'emploi du Havre (hors industrie)
  71. ^ Le port de plaisance, Ville du Havre
  72. ^ Economie Renault/Sandouville : jours non-travaillés, Le Figaro
  73. ^ Le port aujourd'hui, Grand Port Maritime du Havre
  74. ^ a b c d e f g h "Le Havre Website - Twin Towns". lehavre.eu. http://www.lehavre.eu/#Twin_towns.
  75. ^ "Saint Petersburg in figures - International and Interregional Ties". Saint Petersburg City Government. http://eng.gov.spb.ru/figures/ities.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Le_Havre&oldid=885037"