Laszlo Yosef Biro
Laszlo Yosef Biro yaiku penemu polpen. [1]Dheweke luwih dikenal kanthi aran Laszlo Biro.[1] Laszlo Biro lair ing Budapest, Hongaria tanggal 29 September 1899. [1] Mula bukane polpen yaiku taun 1938 nalika Biro isih nyambut gawe minangka wartawan ing koran Elotte ing Hongaria. [1] Sawijining dina Biro, ngemati mangsi kang digunakake kanggo nyetak koran kang cepet garing. [1] Ngerti kedadeyan mau dheweke kepengin gawe polpen kang luwih ringkes.[1] Kanggo wujudake polpen mau, Biro njaluk tulung marang George, sedulure kang ahli kimia.[1] Wong sakloron ngupaya nemokake mangsi kang ora gampang garing. [1] Ora suwe, wong sakloron kasil anggone matenake polpen ing Paris. [1]
Nalika ana Perang Dunia, Biro lan sedulure ngalih ana ing Argentian. [2]Ing kono dheweke nyoba gawe polpen asil panemone.[2] Nanging, ora suwe, utusan pemerintah Inggis nawani supaya ngedol hak cipta polpene. [2] Pungkasane, Biro lan sedulure gelem ngedol hak ciptane mau. [2] Ing tangane Inggris, polpen bisa sukses.[2] Nalika sasi Mei 1945, Eversharp, kang bekerja sama karo Eberhard-Faber, kasil anggone entuk hak eksklusif masarake polpen Biro. [2] Polpen kae diarani Evershap CA (singkatan saka capillary action), lan mulai masarake ing Argentina.[2] Kawit kuwi, polpen dikenal ing donya.[2] Emane, Biro lan sedulure kang minangka penemune, malah ora bisa ngicipi duwit saka asil dodolan polpen.[2] Laszlo Biro tinggal donya ing taun 1985 ing Buenos Aires, Argentina.[2] Kanggo mengeti jasane, pemerintah Argentina ndadekake dina laire Laszlo Biro yaiku 29 September, minangka Hari Penemu Argentina.