Larry Ellison
| Larry Ellison | |
|---|---|
| Lair | Lawrence Joseph Ellison 17 Agustus 1944 (umur 68) Manhattan, New York City, A.S. |
| Pegawéyan |
Wakil Pendiri dan CEO, Oracle Corporation |
| Gaji | US $1.0 juta (2009) |
| Kasugihan resik | |
| Pasangan | Adda Quinn (m. 1967–1974) Nancy Wheeler Jenkins (m. 1977–1978) Barbara Boothe (m. 1983–1986) Melanie Craft (m. 2003–present) |
| Anak | 5 |
|
Situs |
|
Lawrence Joseph Ellison (lair ing Manhattan, New York, Amérika Serikat, 17 Agustus 1944; umur 68 taun) inggih menika satunggalipun tiyang saking Amérika ingkang kawentar minangka raja bisnis, pandiri lan chief executive Oracle Corporation, satunggalipun perusahaan ageng perangkat lunak.[1] Ing taun 2011, panjenenganipun dados tiyang paling sugih kaping gangsal sadonya,[2] kanthi kasugihanipun 39.500.000.000 dollar Amérika Serikat.[3]
Lawrence Joseph Ellison miyos ing Bronx, New York.[1] Ibunipun nitipaken Ellison dhateng bulik lan paklikipun supados dipunopèni ngantos ageng.[1] Ellison ageng ing apartemén ing kutha South Side.[1] Ngantos yuswa kalih welas taun Ellison boten ngertos menawi dipunadhopsi.[1] Bapak angkatipun kicalan bisnis real estate saéngga lajeng nyambut damel dados auditos kangge otoritas perumahan publik.[1] Wiwit alit, panjenenganipun nggadhahi bakat ing matematika lan ilmu pangetahuan.[1] Ellison sekolah matematika ing Universitas Illinois.[1]
Nalika ujian ingkang pungkasan ing taun kaping kalih kuliahipun, ibu angkatipun tilar donya saéngga panjenenganipun lajeng medal saking sekolah.[1] Panjenenganipun lajeng ndhaftar ing Universitas Chichago, ananging lajeng medal malih ing semester kapisan.[1] Rama angkatipun nggadhahi pamanggih menawi Ellison boten badhé suksés.[1] Ananging, Ellison nggadhahi bakat ing babagan dhasar-dhasar pamrograman komputer ing Chichago.[1] Panjenengan lajeng nyambut damel ing Berkeley, California.[1] Sadangunipun wolung wulan salajengipun, Ellison gantos saking padamelan setunggal ngantos padamelan sanèsipun, nyambut damel minangka téknisi ing Fireman Fund lan Wells Fargo Bank.[1]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n (en)Prophet Of Software dipunundhuh tanggal 10 September 2011)
- ^ [http://www.reuters.com/article/2011/03/09/us-billionaires-top-idUSTRE7287C720110309?pageNumber=2 Forbes top 10 richest people in the world]
- ^ [http://www.forbes.com/profile/larry-ellison Larry Ellison - Forbes], Forbes.com. Retrieved June 6, 2011.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
- Cithakan:Wikiquote-inline
- Profile ing Oracle Corporation
- Profile ing Forbes
- Biography ing BBC News