Lapis legit
Lapis legit utawa spekkoek ya iku jinisé jajanan kang digawé saka glepung kang diuléni kang dicampur karo endhog.[1] Umumé lapis legit wernané kuning lan coklat.[1] Lapis legit biyasané dihias lan disogatké dadi kue tart kanggo jajanan acara-acara khusus kayata arisan, ngantènan, lan acara-acara liyané.[1]
Lapis legit nduwéni sejarah tumprap wong Cina. [1]Nalika taun baru Cina, biyasané wong-wong Cina mangan jajan iki.[1] Lapis legit dadi lambang kasuksésan ing taun baru Cina.[1] Saya akéh lapisan utawa trap-trapan kang ana ing kue lapis, saya gedhé kasuksèsan kang ditampa.[1] Lapis legit uga kena dipangan kanggo jajanan nalika lagi ngombé tèh.[1] Saliyané iku lapis legit uga kena diwénéhaké marang kanca utawa sedulur kanggo tanda ucapan selamat lan dadi simbol kasuksésan tanpa ndeleng sapa lan apa kapitayané.[1]
Lapis legit rasa orisinil digawé tanpa tambahan kèju, coklat, woh prum lan liya-liyané.[1] Ananging lapis legit pancèn nduwèni bentuk lan rasa kang prasaja.[1] Ananging lapis legit uga kena ditambahaké coklat, kèju, woh prum kanggo nambahake rasa ing lapis legit.[1]
Lapis legit jenengé kang sepisanan ya iku spekkoek.[2]Jeneng iki asalé saka basa Walanda.[2] Sejarah lapis legit ora bisa dipisahaké karo negara Walanda.[2] Nalika jaman kakuwasaan kolonialisme Walanda, resep asli lapis legit digawa karo nyonya-nyonya saka Holland.[2] Resép iki isih tetep dianggo nggawé lapis legit nganti saiki.[2] Lapis legit biyasané digunakaké kanggo hidangan panutup. [2]Lapis legit pada kaya bathik kang wis dadi Indonesian heritage awit jajanan iki wis dadi bagéyan kang ora bisa dipisahké saka budaya Indonésia, contoné lapis legit biyasané diwénéhaké kanggo wong-wong ing acara khusus kayata lamaran utawa dianggo jajanan ing dina kang istimewa kayata nalika lebaran, natal lan imlèk.[2]
Chatetan suku[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.