Lamborghini Reventón
| Prodhusèn | Lamborghini |
|---|---|
| Parusahan indhuk | Audi AG |
| Mangsa sajroning produksi | 2008-2009 20 Produced |
| Perakitan | Sant'Agata Bolognese, Italy |
| Wangun rangka | 2-door coupé |
| Layout | Mid-engine, four-wheel drive |
| Mesin | 6.5 L |
| Transmisi | 6-speed e-gear 6-speed manual transmission |
| Let sumbu rodha | 2665 mm |
| Dawa | 4700 mm |
| Amba | 2058 mm |
| Dhuwur | 1135 mm |
| Mobil sajinis | Murciélago LP640 |
Reventón Lamborghini (munine Spanyol:[reβenton]) yaiku mesin montor sport sing jaya ning Frankfurt Motor Show 2007. Iki yaiku Lamborghini sing paling larang kanggo mobil dalan saiki, biyaya sak yuta euro ((~ US $ 1,5 yuta, utawa ~ £ 840,000). Top speed nate kecathet ning Dubai, UEA yaiku 356 kilometer per jam (221,2 mph).Press relase resmi ngandharake 20 mobil kanggo umum lan 20 kanggo tambahan siji mobil (diwenehi tanda dadi 0/20) diprodhuksi kanggo Museum Lamborghini.[1]
Bab lan Paragraf |
Jeneng [sunting]
Reventón iki diwènèhi jeneng kang maknané Banthèng Padudon, sing sejalan karo tradisine Lamborghini. Banteng, digedhekake karo kaluwarga Heriberto Don Rodríguez, sing paling misuwur amarga uwis mateni matador sing misuwur yaiku Meksiko Félix Guzmán ing taun 1943. Reventón nduweni pangerten mbledhos ning basa Spanyol, ananging kanggo tembung aran. Ning Istilah otomotif nduweni makna mbledhos, ban kempis nalika digunakake dadi tembung aran. Nalika kuwi dianggo dadi jeneng banteng, mula padha ditafsirke kualitas. Ing makna liyane, Reventón nduweni makna dheweke sing ameh mbledhos.
Ikhtisar [sunting]
Interior [sunting]
Panel instrumen ning Reventón isine eneng telu display TFT kristal cair (LCD) nganggo rong modhel tampilan bedha. Instrumen kanggo papane iku ning struktur digiling saka aluminium padet, sing dilapisi karo casing serat karbon. Instrumentasi mobil kalebu h "G-Force-Meter" sing ngetokake gedhene lan arah g-gaya kerjane mobil. Werna saka kursi Reventó yaiku ireng lan coklat Alcantara.
Eksterior [sunting]
Fitur anyar Reventón diwenehi serat karbon. Kabeh Reventón nduweni werna eksterior sing padha, digambarake abu-abu buram pertengahan tanpa bersinar biasa. Lamborghini uga uwis njupuk pirang-pirang bahasa desain saka induk perusahaan Audi. Lamborghini iki pisanan sing nggabungake lampu awan sing bisa mlaku nyang ngarep. Pitu dioda cahaya (LED) ing sisih saben headlamp bi-Xenon lan tetep murup saben mlobil mlaku.Amarga suhu sing dhuwur ning sisih ngisor mburi mobil, LED tahan panas mligine digunakake kanggo lampu indikator lan bahaya, lampu abang lan lampu mburi nganggo efek panah telu optik.[2]
Cathetan suku [sunting]
- ^ (en)[>http://www.lamborghini.com/en/home/ www.lamborghini.com](diundhuh 7 Oktober 2011)
- ^ (en)www.thesupercars.org(diundhuh 8 Oktober 2011)