Lady Gaga
| Lady Gaga | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Stefani Joanne Angelina Germanotta |
| Asal | |
| Génré | Pop Pop Dance Elektronika |
| Pegawéyan | Penyanyi Pencipta lagu Musisi Penari |
| Instrumèn | Vokal Piano Synthesizer Keytar |
| Taun aktif | 2006–saiki |
| Label | Def Jam Interscope Kon Live Streamline Cherrytree |
| Magepokan karo | Akon, Beyonce, Space Cowboy, Elton John, Madonna |
| Situs wèb | www.ladygaga.com |
Joanne Stefani Germanotta utawa kang luwih dikenal minangka Lady Gaga yaiku penyanyi lan penulis lagu saka Amerika. [1]Dhéwéké lair ing New York, 20 Maret 1986. [1]Gaga mulai kariré kawit ngetokaké album THE FAME ing taun 2008.[1] Kanthi ngusung jinis musik elektronika, album iki entuk respon positif saka kritikus musik donya. [1]Malah single Just Dance entuk nominasi Best Dance Recording ing ajang Grammy Awards.[1]
Single kapindhoné kang dirilis saka album THE FAME, Poker Face nalika taun 29 September 2008 lan kasil dadi nomor siji ing enem negara.[1]
Gaga kasil mleu ing BBC Sound of 2009 minangka Best Rising Stars nalika tanggal 5 Desember 2008.[1]Ing 12 Januari 2009, dhèwèké ngumumaké yèn dhéwéké bakal nganakake tur kang paling wiwitan, The Fame Ball Tour, kang disponsori dening Dylan George Jeans. [1]Ing tur iki, Gaga bakal ngubengi Amerika lan Kanada. [1]
Lady Gaga ngormati banget marang penggemaré. [2]Dhéwéké kerep dijuluki Mother Monster. [2]Lady tau kandha yen luwih apik kelangan kabèh bandhané tinimbang kélangan penggemaré. [2]Katresnane Lady Gaga marang penggemaré dibuktèkaké kanthi lagune kang judule Born This Way.[2]