L'Étranger
| Pangarang | Albert Camus |
|---|---|
| Perancang sampul | Jack Walser |
| Negara | Prancis |
| Basa | Diterjemahaké saka Basa Prancis |
| Tipe | Absurdist, Existentialist |
| Penerbit | Libraire Gallimard |
| Tanggal terbit | 1943, Prancis 1942 |
| Jinis media | Print (Hardback & Paperback) |
| Cacahing kaca | 117 p. (UK Penguin Classics paperback edition) |
| ISBN | ISBN 0-14-118250-4 (UK Penguin Classics paperback) |
L'Étranger (jroning basa Inggris: The Stranger utawa The Outsider tegesé 'Wong Asing'), iku sawijining buku roman karya Albert Camus, kababar ing taun 1942. Minangka novel pisanan saka Camus, novel iki karya sing paling misuwur, lan arupa tèks kunci tumrap filsafat abad kaping-20. Téma lan wawasan karya iki kerep dikutip minangka conto saka èksistènsialisme, senadyan Camus ora nganggep awaké golongan èktènsialis; nyatané, isi karya kasebut ngoncèki werna-werna aliran pamikiran filsafat sing béda-béda, klebu (sing paling ketara lan mligi) absurdisme, uga atheisme, determinisme, nihilisme, lan stoicisme.
Paraga utama yakuwi Meursault, wong lanang Prancis, kanthi sipat ora duwé pangrasa émosional (emotionally detached), pasif (innately passive), lan anomic, sing katoné sacara ora klebu nalar, mrejaya wong Arab sing dikenal ing Aljir. Crita iki kapérang dadi rong jilid, yakuwi jilid siji lan loro: Pangertèné Meursault sadurungé lan sawisé matèni.
Referensi [sunting]
http://www.latimes.com/entertainment/news/movies/cl-et-jarhead4nov04,1,7395593.story
Pranala njaba [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |