Kwik Kian Gie
|
Kwik Kian Gie
|
|
| Kwik Kian Gie |
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 9 Agustus 2001 – 20 Oktober 2004 |
|
| Pejabat sadurungé | Boediono |
| Pengganti | Sri Mulyani Indrawati |
|
|
|
| Mangsa jabatan 15 Juli 1999 – 23 Agustus 2000 |
|
| Pejabat sadurungé | Ginandjar Kartasasmita |
| Pengganti | Rizal Ramli |
|
|
|
| Lair | 11 Januari 1935 (umur 78) |
| Agama | Kong Hu Cu |
Kwik Kian Gie (Hanzi: 郭建義, pinyin: Guo Jianyi) (lair ing Juwana, Pati, Jawa Tengah, 11 Januari 1935; umur 78 taun) inggih menika satunggalipun ahli èkonomi lan politikus Indonésia ingkang taksih nggadhahi trah Tionghoa.[1][2] Panjenenganipun njabat dados Mentri Koordinator Ekonomi (1999-2000) lan Mentri Perencanaan Pembangunan Nasional & Ketua Bappenas (2001-2004).[1] Panjenenganipun kalebet funsionaris PDI-Perjuangan.[1] Kwik nate kuliyah ing Fakultas Ekonomi Universitas Indonésia. Salajengipun Kwik kuliyah ing Nederlandsche Economische Hogeschool, Rotterdam, Belanda.[1] Ing kutha menika panjenengaipun kepanggih kaliyan Dirkje Johanna de Widt, priyantun èstri Rotterdam ingkang salajengipun dados garwanipun.[1] Kalih saking tiga putranipun miyos ing kutha kasebat.[1]
Lulus saking Nederlandsche Economische Hogeschool nalika taun 1963, panjenenganipun langsung kondur dhateng Indonésia, ananging nyambut damel rumiyin minangka asistén atase kabudayan lan panerangan ing kadutaan ageng Républik Indonésia ing Den Haag.[1] Panjenenganipun nyabut damel ing mrika namung satunggal taun dangunipun.[1] Salajengipun, panjenenganipun dados dhirektur NV Handelsonderneming IPILO, Amsterdam.[1] Taun 1970 panjenenganipun kondur dhateng Indonésia, lan naté nganggur ngantos satunggal taun sadèrèngipun nyobi jagad bisnis lan damel PT Indonesian Financing & Investment Company.[1] Panjenenganipun ugi naté dados pandheganipun parusahaan sanèsipun. Salajengipun panjenenganipun nilar jagad bisnis ing taun 1987, sanajan ngantos taun 1990 asmanipun taksih kaserat minangka dhirektur utami PT Altron Niagatama Nusa.[1]
Pranala Njawi [sunting]
(id)Kwik Kian Gie
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
