Kwashiorkor
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 68 dinten 71 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Kwashiorkor utawa asring diarani busung lapar yaiku penyakit kang dijalari ana gangguan gizi ing awak amarga zat protein ing awak kurang.[1] Penyakit iki umumé dialami dèning bocah cilik ing dhaérah tropis lan kahanan sing garing kang ditandhani karo edema, gagal tumbuh, depigmentasi, hiperkeratosis, lan rambut sing malih dadi abang.[1] Aran liya saka penyakit kwashiorkor yaiku obwosi (Uganda), Diboba m'buaki (Kongo), Culebrilla (Meksiko), Pellagroide beriberico (Kuba).[2]
Bab lan Paragraf |
Gejala [sunting]
Tandha sing khas saka penyakit kwashiorkor yaiku kabèh bagéyan awak aboh (edema) saéngga awak dadi katon lemu banget, praupané mbunder lan sembeb, otot dadi cilik, lengené cilik, nafsu mangan kurang, rambuté tipis lan malih dadi abang kaya rambut jagung, gampang dijabut tanpa krasa lara, lan uga asring kena infèksi.[3] Wong sing kwashiorkor uga asring ngalami anémia lan diaré.[3] Sing paling ketara yaiku wetengé dadi gedhé banget lan kekebalan awak mudhun.[3]
Sabab [sunting]
Ana sawatara sabab sing njalari awak bisa kaserang penyakit kwashiorkor.[4] Kurang protèin dadi jalaran utamané, protèin sing ana gegayutané karo tenaga lan gizi insufisiensi mikro bisa nuwuhaké kwashiorkor.[4] Sabanjuré, gangguan kasebut nalika ana dèfisit asam folat, zat besi, selenium, yodium, utawa vitamin C.[4] Yèn bocah kurang salah siji nutrisi utawa antioksidan kasebut bisa kena infèksi utawa keracunan, dhèwèké gampang banget kena panyakit kwashiorkor.[4]
Sabab utama liyané yaiku infèksi, parasit, utawa penyakit sing ngalang-alangi awak nyerep protèin kanthi gampang.[4] Kwashiorkor padatan nyerang bocah sing urip ing dhaérah garing, kurang pangan, lan dhaérah tilas bencana.[4]
Dièt vegan uga dimangertèni njalari penyakit kwashiorkor.[4] Ora anané pendhidhikan babagan gizi lan pangrumatan ing rumah sakit sing ora apik lan kurang intènsif uga bisa nggawé penyakit iki tambah parah.[4] Sabab liyané yaiku keracunan Aflatoksin, yèn mangan panganan sing wis jamuren bakal keracunan.[4] Aflatoksin sing diuculaké jamur bisa ngrusak ati.[4] Serum protein, mliginé albumin sing dikasilaké ati bisa nggawé ati rusak lan pungkasané dadi penyakit kwashiorkor.[4]
Cara Nyegah Kwashiorkor [sunting]
Ana sawatara cara kanggo nyegah tuwuhe penyakit kwashiorkor, antara liya yaiku:
- Menehi ASI eksklusif nganti anak umur 6 sasi. Sawisé kuwi, anak wiwit dikenalaké panganan tambahan kanggo pendhamping ASI sing banjur disapih nalika umure wis 2 taun.[5]
- Anak diwènèhi panganan sing manéka werana, seimbang antarané kandhutan protèin, lemak, mineral, lan vitamin. Perbandhingan komposisine yaiku lemak 10% saka kabeh kalori sing dibutuhake, dene protein 12 % lan sisane karbohidrat.[5]
- Yen gizi anak kurang, enggal diwenehi kalori sing dhuwur kanthi bentuk karbohidrat, protein, lemak, lan gula.[5]
- Anak diwènèhi suplemèn mineral lan vitamin penting liyané.[5]