Kutha Kedhiri

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kutha Kedhiri
Lambang Kota Kediri.jpg
Lambang Kutha Kediri
Motto: "Djojo ing Bojo"
Locator kota kediri.png
Dina Dadi: ---
Walikutha: Abdullah Abu Bakar, S.E
Wakil Walikutha: ---
Jembar
 - Total:

63,40 km²
Kecamatan
 - Cacahe:

3 Kecamatan
Pedhunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

+/- 252.000 (2003)
+/- 3.975 jiwa/km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kejawèn, Islam, Protestan, Katolik, Hindu lan Buddha
Basa: Basa Jawa lan Basa Indonesia

Kutha Kedhiri iku salah siji kutha ing Jawa Wétan, jembar wilayah kutha iki ± 63,40 km².

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Kutha Kedhiri duwéni sejarah kang mulya. Kedhiri ing jaman biyèn dadi dhaerah wigati ing nusantara. Pusating kerajaan ing nusantara pas wektuné. Kedhiri uga dadi dhaérah cikal bakal lairé kerajaan-kerajaan gedhé kang minayungi kerajaan-kerajaan liya.

Artine Lambang Kutha Kedhiri[sunting | sunting sumber]

  1. Buta Lacaya: Buta Lacaya yaiku jeneng patih ing pamarintahan Sri Aji Jayabaya kang setia, labuh nagari utawa adaté kasebut Ki Ageng Dhoho. Penjaga Kedhiri kang teguh, lamba.
  2. Perisai: Lambang pertahanan
  3. Macan Putih: diibaratké Sri Aji Joyoboyo mumpuni nujum ing Kedhiri, lambang waspada
  4. Kembang Melati: kembang nasional (Kembang Pusaka Indonesia,) duwéni godhong lima yaiku ing lambang Pancasila
  5. Beras lan Kapas: lambang kamakmuran
  6. Dewi Kilisuci: lambang wong kang ora mentingaké dhéwéké dhéwé. Labuh marang negara lan rakyat
  7. Pitah, ana tulisan "Djojo ing Bojo": piranti kang dadi panyambung, lambang nyarujuk dadi siji
  8. Suwiwi ana wuluné, cacahé 17 lan 8, buntut ana wulu 4 lan 5: lambang Proklamasi Kamardhékaan Bangsa Indonesia [1]

Geografis[sunting | sunting sumber]

Kedhiri kuta kang ana ing pèrènging Kali Brantas. Wates-wates Kutha Kedhiri yakuwi; wates lor ana Kabupatèn Kedhiri, wates Kidul ana Blitar-Tulungagung, wates wétan ana Malang, wates kulon ana Nganjuk. Kedhiri kuwi kutha kang ngapit Kali Brantas, mula diarani kaya duwe rong pérangan yaiku Kediri Kulon Kali lan Kedhiri Wétan Kali. Yén miturut pétungan geografis, Kediri dumunung ing 111,05°-112,03° Bujur wetan lan 7,45°-7,55° Lintang kidul

Pamarêntahan[sunting | sunting sumber]

Tujuwan lan Cara[sunting | sunting sumber]

Tujuwan pamarintah Kutha Kedhiri yaiku; "Mbangun Kutha Kedhiri dadi Luwih Apik ing Ngarsa"

Kanggo ngawujudake tujuan kang kasebut ing duwur, ana peranganing cara kang dari titiane pamarintahan, kayata:

  1. Ngawujudaké kutha kang resik, lan warga takwa nganggo kemanusiaan uga pangaturan kang efektif, irit, lan terus-terusan.
  2. Ngawujudaké kutha lan warga kang sugeng ngangggo pangaturan lan olah dhaérah (pabrik usaha, dagang, jasa, papan, lan prangkat kanggo wong akèh) uga ningkataké kasejahteraan.
  3. Ngawujudaké kutha lan warga kang narik, aman, lan tentrem ing warga kutha, donyo usaha, uga dhaerah liyané.
  4. Ngawujudaké kutha lan warga kang mandiri, apik, duwèni akal kang anyar, nganggo mberdoyo warga uga ningkataké kerja wong pamarintahan.

Kutha Kediri katata saka 3 kecamatan, 46 kalurahan. Kecamatan-Kecamatan ing kutha Kediri yaiku:

Ekonomi & Sosial[sunting | sunting sumber]

Kutha iki ngembangaké kualitas ing péranganing aspek. Saka pagulawentahan, sarana rekréasi, pamarintahan, nganti olah raga.

Ing sarana wisata, kutha iki duwé akèh papan wisata kayata blumbang (patirtan), Gua, Taman Sekartaji nganti musèum. Kejaba kuwi, kutha Kedhiri uga nawarké dalan kang mligi kanggo rékréasi kayata dalan Dhoho, dalan Pattimura (punjering olèh-olèh), dalan Taman Sekartaji lan dalan Lèdjén Soeprapto (dalanan stadion Brawijaya).

Dalan Dhoho kuwi salah sajining dalan pusat ékonomi kutha Kediri. Ning kana ana atusan toko kang nawarké rena-renane klambi, tas, sepatu, jenising toko kaca mripat, obat-obat nganti piranti mangsak. Anggoné buka toko saka jam 08.00 isuk nganti jam 21.00 bengi. Bubar toko-tokoné tutup, dalan Dhoho ora banjur sepi, merga èmpèran toko wiwit dibuka kanggo dhasaran wong bakul pecel tumpang (panganan kas Kedhiri). Yèn diitung-itung, cacahé warung pecel tumpang sing ana ing Dalam Dhoho nganti atusan. Biasané warung-warung kuwi tutup jam 24.00 nganti 02.00 isuk, gumantung entèk durungé dhagangan. Sakliyané kuwi, dalan Dhoho uga dipepaki karo papan panginepan (hotel), cacahé hotel ing dalanan kang ora patia dawa kuwi nganti ana telu (3). Yèn Yogyakarta duwé dalan Malioboro, semana uga Kedhiri sing duwé dalan Dhoho. Kaya mengkana, kahanané dalan Dhoho kang ora tau turu, mesthi ramé lan digawé jujugan wisatawan saka kutha liyan.

Dalan Pattimura dalan kang diarani punjering olèh-olèh kas Kedhiri. Dalan iki dikebaki karo bakul Gethuk Gedhang, Tahu Takwa (Tahu Kuning), Stik Tahu, lan liya-liyané. Dalanan iki uga ora tau sepi, masia ora ramé banget kaya dalan Dhoho. Wong kang nguasai toko-toko ing Pattimura akèh saka turunané Cina. Bangunan-bangunan tokoné uga isih kaya bangunan kuno Cina.

Dalan Lètjén Soeprapto (dalanan Stadion Brawijaya). Dalan iki dadi punjering suporter PERSIK (Persatuan Sepak Bola Kediri) Kediri. Pèrènging dalan iki dikebaki toko, sekolahan, rumah toko lapangan bal-balan, partirtan Tirtoyoso, lan partirtan Kowak. Dalan iki ora tau sepi, uga merga kanggo dalan nyambungké Kedhiri Kutha lan kabupaten.

Dalan Taman Sekartaji yaiku dalan senengané bocah nom-noman. Dalan iki gawé kepénak wong nongkrong, merga ora patia ramé uga ana bebakulan jagung bakar. Wis adaté bocah nom-noman Kedhiri nongkrong ning dalanan iki nganti bengi.

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]


  1. ^ Lambang Kutha Kedhiri
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kutha_Kedhiri&oldid=888325"