Kutha Batam
|
|
|
|
Koordinat : |
|
|
|
|
| Provinsi | Kapuloan Riau |
| Ibukutha | {{{ibukota}}} |
| Jembar | {{{luas}}} |
| Pedunung | |
| · Cacahé | {{{penduduk}}} |
| · Kapadhetan | 38.661 jiwa/km² |
| Pamérangan administratif | |
| · Kecamatan | 12 |
| · Désa/kelurahan | 64 |
| Dhasar hukum | {{{dasar hukum}}} |
| Tanggal | {{{tanggal}}} |
| Dina dadi | {{{hari jadi}}} |
| Walikutha | Drs. H. Ahmad Dahlan |
| Kodhe area telepon | 0778 dan 0770 |
| APBD | {{{apbd}}} |
| DAU | Rp. - |
| Suku bangsa | {{{suku bangsa}}} |
| Basa | {{{bahasa}}} |
| Agama | {{{agama}}} |
| Flora resmi | {{{flora}}} |
| Fauna resmi | {{{fauna}}} |
| Zona wektu | {{{zona waktu}}} |
| Bandhar udhara | {{{bandar udhara}}} |
|
Situs web resmi: http://www.batamKutha.go.id |
|
Kutha Batam iku salah satu Kutha ing provinsi Kapuloan Riau, Indonesia. Kutha Batam minangka sawijining pulo sing strategis amarga dumunung ing jalur pelayaran internasional. Kutha iki nduwèni let sing cedhak karo Singapura lan Malaysia. Kutha Batam minangka salah siji Kutha kanthi tuwuh paling cepet ing Indonesia. Nalika dibangun taun 1970-an wiwitané kutha iki mung dipanggoni watara 6.000 pedunung, lan miturut Dinas Kapedunungan lan Pencatatan Sipil Kutha Batam nganti Desember 2009 Kutha Batam wis duwé pedunung 988.555 jiwa lan dadi kutha paling gedhé lan paling padhet katelu populasiné ing Sumatra sawisé Medan lan Palembang
Bab lan Paragraf |
Geografis [sunting]
Kutha yang minangka bagéan saka Provinsi Kapuloan Riau iki nduwèni jembar wilayah dharatan watara 715 km² utawa watara 115% saka wilayah Singapura, déné jembar wilayah sakabèhané ngancik 1.570.35 km². Kutha Batam nduwèni iklim tropis kanthi suhu rata-rata 26 nganti 34 derajat celsius. Kutha iki nduwèni dhataran sing berbukit lan berlembah. Tanahé arupa lemah abang sing kurang subur.
Wates-wates kutha Batam:
- Sisih lor wewatesan karo Singapura dan Malaysia
- Sisih kidul wewatesan karo Kabupaten Daik-Lingga
- Sisih wétan wewatesan karo Pulo Bintan dan tanjung pinang
- Sisih kulon wewatesan karo Kabupaten karimun
Pamaréntahan [sunting]
Kutha Batam dumadi saka 12 (rolas) kecamatan, yaiku:
- Kecamatan Batam Kutha
- Kecamatan Nongsa
- Kecamatan Bengkong
- Kecamatan Batu Ampar
- Kecamatan Sekupang
- Kecamatan Belakang Padang
- Kecamatan Bulang
- Kecamatan Sagulung
- Kecamatan Galang
- Kecamatan Lubuk Baja
- Kecamatan Sungai Beduk
- Kecamatan Batu Aji
Pedunung [sunting]
Suku Bangsa [sunting]
Masyarakat Kutha Batam arupa masarakat heterogen sing dumadi saka manéka warna suku lan golongan. Sawetara suku sing dominan yakuwi suku Melayu, Minang, Batak, Makassar, Jawa, Florès, Tionghoa lan sapanunggalané. Kanthi payung budaya melayu lan njunjung dhuwur Bhinneka Tunggal Ika, Kutha Batam dadi kondusif jroning nggerakaké kagiatan ekonomi, sosial pulitik sarta budaya jroning masarakat. Nganti Desember 2009, Batam wis duwé pedunung kurang luwih 988.555 jiwa lan nduwèni laju tueuhing pedunung sing dhuwur banget. Jroning kurun wektu taun 2001 nganti taun 2009 nduwèni angka tuwuhing pedunung rata-rata amèh ngancik 10 persèn setaun.
Agama [sunting]
Islam arupa agama mayoritas ing kutha Batam. Mesjid Raya Batam sing dumunung ing tengah kutha, cedhak karo alun-alun, kantor walikutha lan kantor DPRD dadi simbol masyarakat Batam sing agamis. Agama Kristen lan Katulik uga akèh dianut déning masarakat Batam, utamané sing asal saka suku Batak lan Florès. Agama Buddha akèh-akèhé dianut déning warga Tionghoa. Batam nduwèni Vihara sing kabaré paling gedhé ing Asia Tenggara, yaiku Vihara Duta Maitreya.
Basa [sunting]
Basa Indonesia dipigunakaké minangka basa pengantar sadina-dina. Basa dhaérah uga dipigunakaké déning para pedunung sing asal saka dhaérah liya, kaya basa Minang, basa Batak, basa Jawa, basa Makassar, lan uga basa Tionghoa. NBab iki amarga Batam minangka panggonan manéka suku bangsa
Komunikasi, Media & Entertainment [sunting]
Perkembangan Telekomunikasi ing Batam klebu cepet. Ing ngisor iki sawetara media sing ana ing Batam.
- Stasiun Televisi:
- Batam TV - 53 UHF
- Semenanjung Televisi - 39 UHF
- Urban TV - 61 UHF
- Barelang TV - TV Berlangganan
- Hang Tuah TV - TV Komunitas (Sekolah Hang Tuah)
- Stasiun Radio:
- Radio Aljabar 91.7 FM
- Radio Kei 102.3 FM
- Radio Be 107 FM
- Radio Batam FM 100.7
- Radio Zoo 101.6 FM
- Radio DISCOVERY Minang 87.6 FM
- Radio Sheila 104.3 FM
- Radio BIGS 104.7 FM
- Radio Alfa Omega 107.7 FM
- Radio Sing 105.5 FM
- Radio Era Baru 106.5 FM
- Radio Salam 102.7 FM
- Radio Hang 106 FM
- Radio Kita 107.9 FM
- Radio Idola FM
- Radio Gress FM
- Radio M3 FM
- Radio G-Fan FM
- Artist & Entertainer:
- Oki Setiana Dewi - Ketika Cinta Bertasbih Cast (Aktris & Model)
- Arief Yusmita - Unggulan 2 Coverboy Aneka Yess! 2009 (Model & Broadcaster)
- Serly Ernawati - Finalist Puteri Indonesia 2009 (Model)
- Yonaldo Fachrisma (Presenter)
- Gabriel - Idola Cilik RCTI (Penyanyi)
- Renold (Batam TV News Presenter)
- Usvim Varadila (Batam TV News Presenter)
- Sony Sugriwa (Batam FM Broadcaster)
- Band Asal Batam:
- Brownis Band
- Cleo Band
- Superhero
Pariwisata [sunting]
Papan wisata ing Batam:
- Jembatan Barelang (Ikon Kutha Batam)
- Bekas kamp pengungsi Vietnam ing pulo Galang
- Pantai Nongsa
- Pantai Melur
- Pantai Melayu (dumunung ing Pulo Galang)
- Pantai Sekilak
- Pantai Marina City
- Tanjung Pinggir (terdapat patung Dewi Kwan-Im raksasa)
- Manéka resort standar internasional sing nyadiakaké fasilitas hotèl, golf lll.
Papan wisata blanja:
- Komplek Nagoya
- Komplek Jodoh
- Mega Mall
- Nagoya Hill Mall
- Batam City Square(BCS) Mall
- Top 100 Penuin
- Diamond City(DC) Mall
- Lucky Plaza (Pusat penjualan HP)
- Mymart (Pusat penjualan Komputer)
- SP Plaza
- Panbil Mall
- Plaza Batamindo (terdapat di dalam Kawasan Industri Batamindo)
- Plaza Aviari
- Sagulung Mall
- Lll.
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- Situs Pemerintah Kutha Batam
- Situs Suratkabar Batam
- Situs Suratkabar Batam
- Situs Berita Online Batam
- Situs Pulo Batam
- Situs Berita Pemerintah Kutha Batam
- Situs Badan Otorita Batam
- Situs Lowongan Kerja Batam
- Situs Direktori Komersial dan Industrial Pulo Batam
- Situs Kampong Online Batam
- Situs Informasi Bisnis dan Event di Batam
- ekonomi batam, internet business
|
|||||||
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||