Kul
| "Kubis bunder"/krop kubis lan irisan | |
| Species | Brassica oleracea |
|---|---|
| Cultivar group | Kelompok Capitata |
| Origin | pesisir Laut Tengah bagean wétan, abad kapisan ing Masehi |
| Cultivar group members | Lihat teks |
Kul uga diarani kubis, kobis, kobis bunder. Kul nduwéni jeneng latin Brassica oleracea L.[1] Tanduran iki kalebu kalompok Capitata.[1] Kul dimanfaatké godhongé kanggo sayuran. Godhong kul kasusun urut mbentuk bunderan utawa bunderan kan trepes. [1]Bunderan iki diarani krop, kop utawa kepala déné capitata tegesé berkepala.[1] Kul asalé saka Éropa Selatan lan Éropa Barat.[1] Kol dianggep asil saka pemuliaan kubis liar B. oleracea var. sylvestris.[1]
Jeneng kubis dijupuk saka bahasa Perancis, chou cabus kang tegese kubis kepala.[1] Kol dikenalké wong Eropa kang manggon ing Hindia-Belanda. Jeneng kul dijupuk saka bahasa Belanda kool.[1]
Sauerkraut[sunting]
Sauerkraut yaiku kol asam.[1] Panganan iki kalebu panganan khas Jerman kang bahan dhasaré digawé saka kul.[1] Sauerkaut digawé saka kul kang diiris alus lan difermentasi karo baktéri asam laktat kang kabentuk nalika gula ing sayuran diferméntasi.[1]
Kena ing Guna[sunting]
Kul nduwéni khasiat kanggo kaséhatan.[2] Kul bisa kanggo tamba penyakit kulit, tatu utawa nyeri ing kulit amarga dicokot srangga utawa kebakar, jerawat, pecah kulit, bisul, infeksi, lan aboh.[2] Mangan kul mentah kang cacahé 25-30 gram kanggo lalapan utawa digodhog bisa kanggo njaga kaséhatan awak.[2] Kul ngandhut zat aktif kayata sulforafan lan histidine.[2] Zat iki bisa ngalang-alangi thukulé tumor, ncegah kanker lan rektun, detoksikasi senyawa kimia kang mbebayani, kayata kobalt, nikel, tembaga kang luwih ing awak, lan ningkataké daya tahan awak kanggo nglawan kanker.[2] Kol uga ngandhut asam amino lan sulfur kang nduwéni khasiat kanggo ngurangi kolésterol, nenangaké saraf, lan ningkataké energi.[2]
Cthetan suku[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.