Kue mangkok

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 pebruari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Kuwé mangkok

Kué Mangkok inggih punika salah satunggaling dhedhaharan tradisional ingkang kadamel saking glepung beras. Dipunwastani kué mangkok amargi wujudipun kué ingkang mekrok kados mangkok. Kué mangkok ingkang kalebet jajanan pasar punika dipunbiwarakaken kaping pisan dening imigran saking Tiongkok sisih kidul.
Déné bahan dasar kanggé damel kué mangkok inggih punika glepung beras ingkang dipuncampur kaliyan glepung terigu, tapé saking téla, gendhis, lan sapanunggalanipun.

Bahan-bahan kangge damel kue mangkok [sunting]

  • 175 gram glepung beras
  • 175cc toya adhem
  • 100 gram tape saking tela (dipunpilih ingkang empuk)
  • 150 gram gendhis palem
  • 75 gram tepung terigu
  • 50 gram gendhis pasir
  • 125cc jarang panas
  • 125cc soda/sprite
  • 1 sdt baking powder
  • Cithakan kué mangkok/ron gedhang [1][2]

Caranipun damel kué mangkok [sunting]

  1. Ingkang sepisan, glepung beras dipuncampur kaliyan toya adhem.
  2. Sasampunipun, dipunlebetaken tapé kaliyan gendhis palem ingkang saderèngipun sampun dipun udak ngantos rata.
  3. Menawi sampun, lajeng dipunlebetaken glepung terigu saha gendhis pasir. Lajeng adonan dipun udak nganggé séndok ngantos rata.
  4. Lebetaken jarang panas ingkang langkung rumiyin dipunadhemaken rumiyin 2-3 menit, lajeng dipun udak ngantos rata adonan ingkang wonten.
  5. Salajengipun lebetaken soda saha baking powder wonten ing adonan, dipun udak ngantos rata.
  6. Menawi sampun, adonan dipunsaring nganggé saringan kawat.
  7. Menawi adonan sampun dados, lajeng cithakan kue mangkok ingkang sampun wonten dipunpanasaken rumiyin nganggé dandang ingkang sampun umub.
  8. Salajengipun, adonan saged dipunlebetaken wonten ing cithakan ngantos cithakanipun kebak. Utawi menawi cithakanipun ngangge ron gedhang, adonan saged langsung dipuncithak wonten ing ron gedhang ingkang sampun dipundamel kados mangkok, nembe dipundang adonanipun.
  9. Adonan dipundang sadangunipun 25 menit. Menawi sampun, asiling kue ampun dipunbikak rumiyin ngantos 20 menit. [3]

Referensi [sunting]

  1. ^ (id)Tim Tabloid Nova. "Seri Resep Unggulan Aneka Snack Nova". PT Primamedia Pustaka. Jakarta: 2002
  2. ^ (id)kue mangkok 1(kaundhuh tanggal 27 Agustus 2012)
  3. ^ (id)kue mangkok 2(kaundhuh tanggal 27 Agustus 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kue_mangkok&oldid=834141"