Kudus

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

nama kepala daerah= Bupati Kudus H. Musthofa[Wakil Bupati] H. Budiyono" valign="top"

Kabupaten Kudus
Lambang Kudus.jpg

Lambang Kabupaten Kudus
Locator kabupaten kudus.png

Peta lokasi Kabupaten Kudus
Koordinat : 6°51′0″S, 110°36′0″E- 7°16′0″S, 110°50′0″E
Motto: Nagari Carta Bhakti, SEMARAK (Sehat, Elok, Maju, Aman, Rapi, Asri & Konstitusional)
Provinsi Jawa Tengah
Ibukutha KotaKudus
Jembar 425,17 km²
Pedunung  
 · Cacahé 813.000 (2003)
 · Kapadhetan 1.912 jiwa/km²
Pamérangan administratif  
 · Kecamatan 9
 · Désa/kelurahan {{{kelurahan}}}
Dhasar hukum UU No. 13/1950
Tanggal -
Dina dadi {{{hari jadi}}}
Bupati

nama kepala daerah= Bupati Kudus H. Musthofa [Wakil Bupati] H. Budiyono||{{{nama kepala daerah}}}

Kodhe area telepon 0291
APBD {{{apbd}}}
DAU {{{dau}}}
Suku bangsa {{{suku bangsa}}}
Basa {{{bahasa}}}
Agama {{{agama}}}
Flora resmi {{{flora}}}
Fauna resmi {{{fauna}}}
Zona wektu {{{zona waktu}}}
Bandhar udhara {{{bandar udhara}}}

Situs web resmi: http://www.kuduskab.go.id/

Kudus, kuwi kabupaten ing Provinsi Jawa Tengah. Ibukuthane yaiku Kudus, manggon ing jalur pantai utara timur Jawa Tengah PANTURA, yaiku manggon ing antarane (Semarang-Surabaya). Manggon ing 51 km saka wetane Kota Semarang. Kabupaten ini duweni wates karo Kabupaten Pati ing sawetane, Kabupaten Grobogan dan Kabupaten Demak ing sakidule, sarta Kabupaten Jepara ing sisih kulone. Kudus kuwi kutha kang misuwur rokok kretek kang gedhe ing Jawa Tengah. Saliyane kuwi Kudus uga misuwur kutha santri, kutha iki uga dadi pusat kembange agama Islam ana ing abad pertengahan, kuwi bisa dingerteni saka loro makam wali/sunan yaiku Sunan Kudus dan Sunan Muria.

Geografi[sunting | sunting sumber]

Sabagian gedhe ing wilayah Kabupaten Kudus kuwi dataran rendah. Sabagian wilayah ana salore ana gunung kang arane (Gunung Muria), kanthi puncak kang aran Gunung Saptorenggo kang dhuwure (1.602 meter), saliyane kuwi uga ana Gunung Rahtawu (1.522 meter), lan Gunung Argojembangan (1.410 meter). Kali kang gedhe yaiku Kali Serang kang jalure mangulon, mbatesi anatarne Kabupaten Kudus karo Kabupaten Demak.

perangan administratif[sunting | sunting sumber]

Kabupaten Kudus kaperang dadi sanga kecamatan, kang kaperang maneh dadi 123 desa lan 9 kelurahan. Pusat pemerintahan ana ing Kecamatan Kota Kudus. Kudus kuwi kalebu wilayah kang cilik dhewe lan nduweni jumlah kecamatan kang paling sithik ing Jawa Tengah. Kabupaten Kudus iku kaperang dadi telu wilayah pembantu bupati (Kawedanan), saben kawedanan kaperang dadi telung kecamatan yaiku: (1) Kawedanan Kota (Kec. Kota, Jati dan Undaan). (2) Kawedanan Cendono (Kec. Bae, Gebog dan Kaliwungu). (3) Kawedanan Tenggeles (Kec. Mejobo, Dawe dan Jekulo).

Wacana Pemekaran Kecamatan[sunting | sunting sumber]

Wacana Pemekaran Kecamatan (sing suk mben) sing ana ing wilayah Kabupaten Kudus, yaiku:

Saliyane ana pamekaran Kecamatan, uga ana wacana pemekaran Kawedanan (Pembantu Bupati), sing awitane ana telung Kawedanan (Cendono, Kudus lan Tenggeles), banjur dimekarke dadi lima wilayah, yaiku:

Industri[sunting | sunting sumber]

Perkembangan perekonomian ing kutha Kudus kuwi duweni pengaruh kang gedhe ing industri bangsa kitha Indonesia. Ing anatrane ana perusahaan industri kang gedhe yaiku PT. Djarum, PT. Petra, PR. Sukun, PT. Nojorono. PT.Hartono Istana Electronic (d/h Polytron), PT. Pura, PT. Kudos, lan akeh ewonan perusahaan industri kecil lan menengah kang kasebar ing sakabehe wilayah Kudus.

Pariwisata[sunting | sunting sumber]

Wisata religi lan budaya:

COLLECTIE TROPENMUSEUM Tempel in Kudus TMnr 60025458.jpg

COLLECTIE TROPENMUSEUM Sultansgraven in de moskee van Koedoes TMnr 10016645.jpg

  • Makam Sunan Muria (ing daerah Colo Kecamatan Dawe). Uga salah sijine walisanga (penyebar agama Islam di tanah Jawa)

Wisata alam:

  • Air Terjun Monthel ana ing Colo kecamatan Dawe.
  • Puncak Songolikur (ing Rahtawu kecamatan Gebog) Puncak sing paling dhuwur dhewe ing Gunung Muria.
  • Puncake-gunung Muria liyane asring diwasatani, kayata Puncak Argojembangan, Argowiloso. Kekarone ana ing kecamatan Dawe.
  • Air Tiga Rasa (Rejenu) dan makam Syeh Sadzili. Terdapat di Japan kecamatan Dawe.
  • Pesanggrahan Colo (Colo) Kecamatan Dawe.
  • Bumi Perkemahan Abiyoso di Menawan kecamatan Gebog.
  • Bumi Perkemahan Kajar (Kajar kecamatan Dawe)

Saliyane uga ana:

  • Museum Kretek kang dadi bukti sejarahe kutha Kudus kang dadi kutha gawe rokok kretek kang paling gedhe ing Indonesia ing antarane ana (PT Djarum, PT Nojorono, PR Sukun, PR Jambu Bol, PR Pamor, PR Djanur Kuning).
  • Kinder Garten
  • Replika Menara
  • Bangunan khas Kudus dikenal dengan nama Gebyog Kudus.

Panganan lan jajanan khas Kudus[sunting | sunting sumber]

  • Jenang Kudus: wong-wong asring ngertine "dodol" nanging duweni tekstur lan rasa kang beda karo dodol sing ana. Akeh banget pabrike PJ. (Pabrik Jenang) kayata: PJ. Mubarok, PJ. Menara, PJ. Rizqia, lsp.
  • Soto Kudus: soto ing Kudus misuwur ana rong werna yaiku, soto ayam dan soto kebo. Beda ing antarane soto-soto liyane, soto Kudus nduweni cita rasa kang manis lan sathithik luwih encer, lan daginge saka daging Kebo ora daging Sapi amarga wong Kudus nduweni kapercayan ora entuk nyembeleh Sapi. Amanate Njeng Sunan Kudus

Soto Kudus.jpg

  • Lentog: yaiku panganan khas kang gayeng ing wayah esuk. Bahan-bahane anatarane tahu semur, telur, lontong lan sayur lodeh (buah nangka muda).

Kala emben, sing dodolane ana ing Desa Tanjungkarang (Tanjung), ananging saiki wis sumebar ing sakabehane pelosok kuthaa Kudus. Sing unik utawa khase saka lentog yaiku ukuran lontonge kang gedhene sapupu / betise wong dewasa.

  • Sate Kebo: sate kang digawe saka daging kebo, sing disajike ora kaya biyasane, ananging saka daging sing dikethok-kethok lan dicincang halus, Banjur didokok ing batang sate nganggo bumbu kecap, klapa (srundeng) lan kacang, rasane meh mirip padha karo dendeng.
  • Ayam Bakar Colo: ayam bakar kampung kang duweni rasa khas sing mung ana ing Colo disajike biasane karo pecel kembang turi lan godhong pakis gunung.
  • Ayam Goreng Kepruk  : Ayam goreng kang duweni bumbu khas kudus, kang duwe sajian unik, kanthi rasa kang khas lan gurih. Ayam goreng racikan ’’’Dapur Gentong’’’ iki uga bisa dimadhang ing restaurant Gentong, Kampung Air Resto Megawon lan Roemans Resto Jl. Mangga.
  • Ayam goreng Kliwon Kasmini : Panganan ing wayah wengi iki, wong-wong Kudus kang digawe saka tahu semur lan ayam goreng kanthi bumbu kang khas, kuwi kalebu lengganane pejabat-pejabat lan wong-wong kang misuwur, sarta polisi-polisi gedhe ing kutha Kudus
  • Tahu Telur: Meh padha kaya tahu telur saka Magelang utawa tahu gimbal Semarang. Ing wayah wengi kang biasane kagelar ing sadawane jalan Sunan Kudus. Kang utama sangarepe Rumah Tahanan Negara (Rutan) Kudus. Bisa uga diarani Tahundog.
  • Opor Panggang: Opor ayam sing sabanjure dipanggang, banjur disajike kanthi tambahan sawetara lawuh. Panganan iki uga ana ing wauah esuk.
  • Lontong tahu: Panganan kang meh padha karo tahu telur. Bedane, ora ditambahi ndhog kaya tahu gimbal saka Semarang. Tahu putih khas Kudus, digoreng setengah mateng utawa mateng bajur dikethok-kethok dadu, banjur ditambahi sega utawa lontong sasenenge dhewe. Dipupuki cambah rebus lan seledri rajang sing menehi aroma kang seger. Yen ta ana sing seneng nganggo 'cungor' utawa bibir sapi sing dibacem, ngomonga wae marang bakule. Ing pungkasane diwenehi bumbu kecap sing nduweni aroma bawang putih kang sedep bajur disiramke.

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

jv:Kabupatèn Kudus

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kudus&oldid=862428"