Kudis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Canine scabies mite.JPG

Kudis utawa Scabiés yaiku penyakit kulit sing disebabke dening tungau (mite) Sarcoptes scabiei sing biasane cirine ana keropeng, botak, lan gatel ing kulit [1]

Sarcoptes scabiei yaiku tungau nduweni ciri-ciri bentuk ameh bunder nduweni 8 sikil cekak, pipih, ukurane wantara (300–600 μ) x (250-400 μ) sing betina, lan (200- 240 μ) x (150-200 μ) sing jantan, biasane urip ing lapisan epidermis [2]. Permukaan dorsal teka tungau iki ditutupi dening lipatan lan lekukan bentuk garis melintang dadi bisa ngasilake sejumlah skala segitiga cilik [3]. Sakliyane kui, sing betina nduweni bulu cambuk ing pasangan sikil kaping-3 lan kaping-4 lan ning jantan, bulu cambuk ana ing pasangan sikil kaping-3 [4]

Proses Penyakit[sunting | sunting sumber]

proses penyakit kudis yaiku :[2]

  • Infeksi teka penyakit iki diawali tungau betina utawa nimfa stadium kaping2 sing aktif gawe terowongan ing epidermis utawa lapisan tanduk. Ing terowongan kui diwenehi 2-3 butir Endhog saben dina.
  • Endhog menetas wantara 2-4 dina sing sawise dadi larva sing nduweni sikil 6.
  • Wantara 1-2 dina larva jilma dadi nimfa stadium 1 lajeng berkembang dadi nimfa stadium2, sing nduweni sikil 8. * Nymfa iki dadi tungau betina muda, sing siap kawin karo tungau jantan
  • Tungau berkembang dadi tungau dewasa wantara 2-4 dina.

Kanggo nyeleseake daur hidup teka endhog nganti ngendhog manehmbutuhake wektu wantara 10-14 dina. [2] Waktu sing diperluke endhog dadi tungau dewasa wantarane 17 dina.[2] Tungau betina sing tinggal ing kantong ujung terowongan, sawise 4-5 dina sawise kopulasi, bisa ngendhok maneh nganti umure kurang luwih 3-4 minggu [2].

Gejala[sunting | sunting sumber]

Gejala sing khas ing kudis yaiku liang ing permukaan kulit, gatel, lan abang lan biasane ana infeksi sekunder, misale akibat bakteri [5]. Ing bayi, gejala sing khas yaiku anane bisul ing telapak sikil lan telapak tangan [5]

Diagnosa[sunting | sunting sumber]

Kanggo diagnosa kudis iki bisa nganggo kerokan kulit ing keropeng nganti metu darah nganggo skalpel. Hasile kerokan kulit iku ditetesi KOH 10% ben tungau pisah teka reruntuhane jaringan kulit sing digawa kui. Banjur campuran kasebut diperiksa ing ngisor mikroskop [6]

Pencegahan[sunting | sunting sumber]

ora ana vaksin kanggo kudis dadine pencegahan kudu ngindari infeksi [2]. Kabeh pihan sing ana ing cedak penderita perlu diobati ing waktu bebarengan, walaupun durung ana gejala. Sandangan, handuk, seprai lan barang-barang sing bersentuhan karo kulit apike dicuci lan disetrika kanggo ncegah panularan.

Acarodermatitis_Fuß.jpg
Acarodermatitis_Arm.jpg
Acarodermatitis_Hand.jpg
Acarodermatitis_Finger.jpg

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Barhoom S and Dalaab AH. 2009. Clinico-pathological and Control Studies of Mange Caused by sarcoptes scabie in Naturally Infected Sheep and Goats Tulkarem Governorate
  2. ^ a b c d e f Shttp://jv.wikipedia.org/wiki/Astamiwa:Perubahan_terbaruTèks gedhéubronto. 2006. Penyakit Infeksi Parasit dan Mikroba pada Anjing dan Kucing. Yogyakarja : Gadjah Mada University
  3. ^ Lapaga Goffrey. 1962. Monnig’s Veterinary Helminthology and Entomology. 5th ed. London: Bailliere, Tindall and Cox. P: 516-528
  4. ^ Iskandar T. 2000. Masalah Skabies Pada Hewan dan Manusia serta Penanggulangannya.
  5. ^ a b "Scabies". DermNet NZ. New Zealand Dermatological Society Incorporated. http://www.dermnetnz.org/arthropods/pdf/scabies-dermnetnz.pdf.
  6. ^ Hadi UK dan Soviana S. 2000. Ektoparasit: Pengenalan, Diagnosis dan Pengendaliannya. Bogor: IPB. P: 65-118
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kudis&oldid=835847"