Krokot
| Portulaca | |
|---|---|
| Portulaca villosa Cham. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Caryophyllales |
| kulawarga: | Portulacaceae |
| Genus: | Portulaca L. |
| Spesies | |
|
watara 40-100, pirsani tèks |
|
Krokot (jroning basa Latin katelah Portulaca) iku genus tanduran saka suku Portulacaceae. Ana watara 40-100 spesies sing ditemokaké ing tlatah tropis lan tlatah mawa patang mangsa.
Salah siji spesies yaiku Portulaca oleracea dikenal minangka tanduran sing bisa dipangan lan dikenal ing sawetara dhaérah minangka tanduran ama. Sawetara spesies Portulaca uga dadi panganan tumrap uler, ngengat lan kupu-kupu.
- Sawetara spesies
- Portulaca amilis Portulaca saka Paraguay
- Portulaca andicola
- Portulaca biloba Portulaca saka Kuba
- Portulaca boliviensis
- Portulaca caulerpoides Portulaca saka Puerto Rico
- Portulaca cryptopetala
- Portulaca elatior
- Portulaca elongata
- Portulaca eruca
- Portulaca fluvialis
- Portulaca fragilis
- Portulaca gilliesii
- Portulaca gracilis
- Portulaca grandiflora (Portulaka)
- Portulaca halimoides
- Portulaca insularis
- Portulaca lanuginosa
- Portulaca longiusculotuberculata
- Portulaca lutea
- Portulaca molokiniensis
- Portulaca mucronata
- Portulaca oleracea
- Portulaca papulosa
- Portulaca pedicellata
- Portulaca perennis
- Portulaca pilosa
- Portulaca psammotropha
- Portulaca quadrifida
- Portulaca rotundifolia
- Portulaca rubricaulis
- Portulaca sclerocarpa
- Portulaca smallii
- Portulaca suffrutescens
- Portulaca teretifolia
- Portulaca umbraticola
- Portulaca villosa
Bab lan Paragraf |
[sunting] Mumpangaté Krokot
[sunting] Kanggo tamba radang, keputihan lab jantung dheg-dhegan
Krokot klebu tanduran bangsane suket, thukul saengon-enggon ing sadhengah papan. Ora ana sing nggatekake lan dianggep tanduran ora ana gunane. Kangmangka, krokot kuwi nduwni kasiyat oabt lan gizine becik kanggo ngobati lara TBC, radang paru-paru, kencing darah, radang usus buntu lan keputihan.Yen ora doyan jamu, krokot bisa dimasak oseng-oseng (tumis) kaya yen masak tumis kangkung. Bumbune brambang bawang, jahe, gula lan uyah sacukupe. Tanduran iki thukul mepet lemah, godhonge bunder-bunder gilap. Kembange kuning, nanging ana sing putih, thukul ing pucuke pang. Seneng urip ing panggonan sing rada eyub lan rada teles. Jeneng Latine Portulaka Oleraca utawa Portulaca Laevis Wall.Krokot ngandung gizi sing becik. Saben krokot 100 gram ngandhut vitamin A 2.550 SL, Vitamin C-25 gram, protein 1.7 gram, kalsium 103 mg, fosfor 39 mg. Mula yen kanggo masakan (lawuh) uga becik.Krokot ngandhut zat-zat sing ndhuweni kasiyat bisa ngedhunake panas awak, ngilangi rasa lara, mbancarake seni, ngedhunake kadar gula ing getih, nguwatake jantung, ngempesake abuh, nglancarake peredaran darah, ati sariawan lan nambani lara keputihan tumprape wanita. Kang dienggo jamu (obat) wite kabeh, oyod, godhong nganti kembange. Krokot bisa kanggo tamba lara kuning (liver), radang usus buntu, lan kencing darah.
[sunting] Resep usus buntu
Krokot 100gram ditambah phu kung 100 gram (bisa mundhut Phu kung ing toko obat Cina, ditambah gula pasir 25 gram digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone, disaring, yen wis adhem diombe.
[sunting] Resep lara kuning lan radang gusi
Krokot 200 gram digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone, disaring terus di saring lan diombe.
[sunting] Resep Keputihan
Krokot sak cukupe di-jus, diperses dijupuk banyune ditambah putihe endhog pitik kampung , diudak banjur ditim nganti mateng. Anget-anget didhahar.
[sunting] Resep Jantung rasane dheg-dhegan
Krokot 4 wit dikumbang resik terus dipipis, ditambah banyu mateng setengah cangkir lan madu sasendhok, disaring banju diombe esuk lan sore.