Kreteg Alexandre-III

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kreteg Alexandre-III
Kreteg Alexandre-III
Suwasana sore ing kreteg Alexandre III,kanthi latar mburi Grand Palais
Ngangkut 2 lajur
Lokasi Kutha Paris, Prancis
Desain Cassien-Bernard, Sepupu,
Résal, Alby
Gunggung rentangan 1 (kreteg utama)
1 (Omah Seni)
Tanggal pambukaan 1.896 - 1900
Koordinat 02/18/49/E

Kreteg Alexandre III iku jeneng kreteg lengkungan tunggal dèning telu artikulasi kanggo nggandhèngaké Champs-Élysées, Invalides lan Menara Eiffel. Uga dadi salah sijiné kreteg ing Prancis kanthi hiasan patung kang dumunung ana ing sisih kiwa tengené kali Seine, kagolong dadi kaajaiban teknik abad ka-19. [1].Kreteg Pont Alexandre III dirancang kanthi gaya Art Nouveau dèning panjenengané Résal lan Alby ing taun 1896-1900 ndhuweni jembar 6 mèter, dhawa 107 mèter lan wiyar 40 mèter.Kreteg kang ndhuweni 4 kolom granit lan patung ing sisih ndhuwur lelapis emas ngambarake kamisuwran kutha paris ing jaman paperangan [1] [2] . Jroning ekstremitas kreteg Pont Alexandre ndhuweni saka kanthi dedeg 17m,lan patung Pegasus kang ndhuweni mahkota disepuh dèning bahan perunggu dadi pratandha kawisuwuran kutha Paris,Prancing babagan Seni, Èlmu Pengetahuan, Perdagangan lan Industri.Dalanan kreteg kan ndhuweni jobin marmer meetandhaké seni kontemporer saka sajarah Renaissance lan Prancis Louis XIV [1] [2]. Kreteg iki uga ngubungaké Hotel des Invalides, Grand serta Petit.[2]. Ing tengah kreteg kawengkar dumadi loro komposisi saka tembaga,lan ing sisih hulu kawengkar dumadi patung widadari Seine serta sisih hilir kawengkar dèning patung nimfa Neva .[2]


Sajarah[sunting | sunting sumber]

Kreteg Pont Alexandre III kang diwiwiti pambangunané wulan Mei 1897,lan diresmiaké minangka pambuka Pamèran Universal ing Paris taun 1902, watu kapisanan disemelehake dèning panjenengané Tsar Nicolas II saka Rusia taun 1896, tumuju pralambang kerja bareng Franco-Rusia, dimadegaké kanthi tapak asma aliansi watara taun 1891. bapaké Tsar Alexander III (1845-1894) lan Présidèn Républik Prancis Sadi Carnot[1]. Pambangunan kreteg karya seni panjenengané insinyur Résal Jean Amédée Alby, serta arsitek Cassien-Bernard lan Gaston Cousin3 [1].

Dibangun dèning sumbu Esplanade des Invalides asring kasebut Invalides, panjenengané mimpin menyang Petit Palais lan Grand Palace [1].Pambangunan kreteg ugu ndhuweni mupangat kanggo Pameran Universal [1].Kababr ing tembok sisih tengen kali, ndhuweni prasasti tètulis: "Ing tanggal 14 April 1900, Émile Loubet Présidèn Prancis mbuka lan miwiwiti Expo Pont Alexandre III [1].

Struktur[sunting | sunting sumber]

sket kreteg simetris.

Kawiwitan taun 1824, panjenengané Navier miwiti ngawé kreteg gantung Champs-Élysées. Asebab kontruksi kang kurang migunani lan durung kuat kanggo panyebrangan, kapeksa dipugar sadurungé kreteg dadi kurang lueih taun 1828 [3] Minangka kaputusan kutha Paris dadi panyelenggara Pameran Dunia taun 1900, Panjenengané Navier mutusake mugar Palais de l'Industrie minangka didadekake istana ing sakiwa tengené dalan kanggo ngalang des Invalides [3].Galangan kreteg kang dnhuweni amba 50m, disempitake dè ukuran 40 m kang tumuju ngelancarake transportasi darat lan kali. Kreteg kang ndhuweni ornamen, patung motif dekoratif diwujudake kanthi simetris ing kiwa tengené dalan [4].

Kahanan Kreteg Alexandre III saka Avenue du Marechal Gallieni
Karya seni patung lelapis emas saka watu counterweights

Kreteg kang ndhuweni bahan utama waja cor lan dijangkepi dèning abutment.Pondasi kang di duduk kang ditandur ing ngisor kali, nyebabake kontruksi kurang apik, kahanan kaya mengkana iku ndadikake kontruksi kurang apik lan ora fatal[5].

Jembatan Alexandre III. Canvas Georges Souillet, kang dikerjake pungkasan abad XIX ×10{{{1}}} (Carnavalet Museum, Paris)

.

Kreteg kang kagolong ing klasifikasik sajarah monumen tanggal 29 April 1975 banjur diwenehi tandha Warisan saka abad ka-rongpuluh utawa asring sinebut Warisan saka abad XX lan minangka primeter saka pamarèntah dhaerah dilindungi saka arondisemen 7 Paris [6]..

Treteg Alexandre III kagolong treteg logam, ndhuweni jembar 40m kontruksi lengkungan tunggal kanthi dawa 107 m dèning cacahè telu saka artikulasi, treteg kang nyebrangi Seine ndhuweni cacahé trowongan loro ing sisih kiwa tengené.[7]. treteg kang ndhuweni werna dasar abu-abu, ijo, soklat dèning kadadean restorasi taun 1998 [7].

  • Jinis Konteruksi; Kreteg ndhuweni saka lengkung
  • Madeg (dibangun):Taun 1897 - 1900
  • Diresmikake):Taun tanggal 14 April 1900
  • Arsitek :Cassien-Bernard dan Gaston Cousin
  • Insinyur:Jean Amédée Alby dan Résal
  • Dekorasi:Karya George Récipon Emmanuel Fremiet, Jules Félix Coutan, Henri Désiré Gauquié, Grandzlin Pierre Granet, Alfred Lenoir, Laurent Honoré Marqueste André Paul Arthur Massoulle, Gustave Michel, Léopold Morice, Abel Poulin, Clément Steiner[8]..
  • Bahan: Waja
  • Dawa total: 160 meter
  • Dawa sakabean: 107.50 meter
  • Beam width: 40 meter
  • Panah: 1/17 ratio (tinggi / jangkauan)
  • Perusahaan : Groupe Fives-Lille antara lain
  • Monumen Sejarah: 1975

Karana jarak kang amba dèning dhuwur kreteg, Pont Alexandre III nduweni teknik surung lateral kang penting marang kakuatan kreteg. Minangka ngindari kapal kang nyebrang panjenengané ngerancang dag kreteg dikuatake dèning blok beton, lan pondasi[9].. dekorasi


Dumunung[sunting | sunting sumber]

Kreteg kang dumunung ing Seine:

Kreteg swa
Hilir:
Pont des Invalides

Paris-Ponts-AlexandreIII.png || align="center" |menyang hulu:
Pont de la Concorde

Dekorasi[sunting | sunting sumber]

Arsitèk Joseph Cassien Bernard dlan Gaston Cousin, diangkat ing taun 1896-an lankalebu ing kaprésidhènan AS Maret 1897, sawisé kasil bebungah dèning karya logam [10]. Pambangunan kreteg, arsitek ndhuweni tanggung jawab minangka ngerjakake babagan ornamen dekoratif kang ana ing motif lan patung, pambageyan struktur diputusake minangka taun 1895, saduruné kalaksanan pambangunan kreteg Alexandre-III[10]. Dèning bageyan kang ngurusi pameran dipasrahake insinyur Résal lan Alby.[10]

Karakter dekorasi kang ana ing sakubengé kreteg minangka dijupuk saka buku kanggo referensi Pameran Universal [11].Kaloro Arsitèk nyampurake dekorasi simetris ing saben-saben ornamen kang ana kanthi wujud simetris, bageyan patung uga digambarake sacara gamblang anané draperi lan pebandhing patung sacara proposional dèning wujud asliné [11].Bageyan-bageyan utama patung kang utama digarap lan dilapisi emas lan logam, minangka nyimbolake katrenteman serta kasugihan negara Prancis [11]. Kahanan pangarapan ornamen lan patung ora luput saka konstruksi logam lan aneka werna kanggo wujudake kaendahan. [11]

Papat bageyan kretek mlebu lawang menara yaiku:

  • Sisih tengen, hulu:Digarap dèning panjenenganè Emmanuel Fremiet, kanthi judul La renommée des [[art] [12],
  • Bageyan hilir: digarap dèning panjenenganè Emmanuel Fremiet,kanthi judul La renommée des sciences[12]
  • Bageyan kiwa, hulu:digarap dèning panjenenganè Pierre Granet;kanthi judulLa renommée au combat[12]
  • Kiwa sisih hilir: digarap dèning panjenenganè Pégase , kanthi judul Renommée de la Guerre[12]
The Renaissance France karya dèning panjenenganè Jules-Félix Coutan

Dekorasi treteg bageyan menara kanthi cacahé papat ndhuweni tema-tema kayata:

Patung wujud singa kang ana ing sisih kiwa lan tengen kreteg dijupuk saka buku karya pnulis:

  • Patung singa bageyan kiwa treteg dijupuk saka buku karya: Jules Dalou;
  • Patung singa bageyan kiwa treteg dijupuk saka buku karya: Georges Gardet


Wujud patung dèning bahan utawa perunggu lan tembaga ing sisih kiwa tengen pilar kreteg yaiku:

  • Les amours soutenant les quatre lampadaires papat lampu pratanda katresnanan karya panjenengané Henri Désiré Gauquié;
  • Papat patung wujud pangeran jenius minangka numpak iwak lan kerang, karya panjenengané Léopold Morice dan André Massoulle;
  • Bageyan Hulu: Patung Nymphs saka Neva Rusia, karya panjenengané George Récipon;
  • Pusat Hilir: Nymphs saka Seine dèning tangan Paris,karya panjenengané Georges Récipon.

Bageyan patung siji lan patung liyané ndhuweni konsep ngubungake antara Tarot saka Marseille lan Kreteg Alexandre III.Cacahé wujud 21 Arcan nunjukake dèning wanitaing sakubengé mandorla lan dikubengi papat patung kang ndhuweni karakter beda.Kapapat karakter misterius mawakili arca minor Tarot. Pedang diwakili dèning manuk elang, tongkat singa, lan sapi (interpretasi Alejandro Jodorowsky. Patung kang ana ing kreteg kanthi lelapis emas dipadukake dening papat saka kang tumuju ngangkat gaya lateral.

Film[sunting | sunting sumber]

Diangkat dadi judul film ing taun 2012 : Les Saveurs du palais'


Pont-Alexandre-III-et-Invalides.jpg

Galeri[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]


Kategory:Pangunjung objek wisata ing Paris

Coordinates: 48°51′49″N 2°18′49″E / 48.86361°N 2.31361°E / 48.86361; 2.31361

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h Pont Alexandre-III sur www.insecula.com. Consulté le 03 April 2013.
  2. ^ a b c d (fr) Pont Alexander III - Pont Alexander III information and pictures (diunduh tanggal 06 April 2013
  3. ^ a b (fr) [Le site naturel inscrit Ensemble urbain à Paris englobe les 11 premiers arrondissements, ainsi que les 16×10{{{1}}} et 17×10{{{1}}} arrondissements et une partie des autres arrondissements extérieurs].
  4. ^ Anne Burnel, 1995 p. 140 tanggal 3 Maret 2013).
  5. ^ Narration Pont Alexandre-III sur www.otua.org, Office Technique pour l'Utilisation de l'Acier. Consulté le 27 août 2010.
  6. ^ Narration Pont Alexandre-III sur www.otua.org, Office Technique pour l'Utilisation de l'Acier. Consulté le 27 août 2010.
  7. ^ a b ]
  8. ^ Sites inscrits sur www.ile-de-france.ecologie.gouv.fr.
  9. ^ Narration Pont Alexandre-III sur www.otua.org, Office Technique pour l'Utilisation de l'Acier.
  10. ^ a b c Jean Résal, Considérations sur 'esthétique des constructions métalliques, p. 253-272, Annales des ponts et chaussées, 1918 Gallica
  11. ^ a b c d Jean Résal, Considérations sur 'esthétique des constructions métalliques, p. 253-272, Annales des ponts et chaussées, 1918 Gallica
  12. ^ a b c d Notice sur la base e-monumen
  13. ^ (fr) Gallica.Jean Résal, Amédée Alby, Notes sur la construction du pont Alexandre III - Première partie, p. 165-214 et planches 4 à 8, Annales des ponts et chaussées, Dunod, Paris, 1898, 1Cithakan:Er trimestre (diunduh 03 April 2013]