Konfrontasi Indonésia-Malaysia
| Konfrontasi Indonesia-Malaysia | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
|
|||||||||
| Pihak sing kalibat | |||||||||
| Komandhan | |||||||||
| Tunku Abdul Rahman Walter Walker |
Soekarno Omar Dani (Panglima Komando Mandala Siaga) Soeharto Abdul Haris Nasution |
||||||||
| Kakuwatan | |||||||||
| tidak diketahui | tidak diketahui | ||||||||
| Cacahé korban | |||||||||
| 114 kurban jiwa 181 cedera |
590 kurban jiwa 222 cedera |
||||||||
Konfrontasi Indonésia-Malaysia utawi langkung misuwur kanthi tetembungan Konfrontasi inggih menika satunggalipun perang babagan masa depan Malaya, Brunei, Sabah lan [[Sarawak] antawisipun Federasi Malaysia kaliyan Indonésia ing taun 1962 ngantos dumugi 1966.[1]
Perang menika dipunsababaken amargi Federasi Malaya utawi Persekutuan Tanah Melayu ing taun 1961 nggadhahi pikajengan badhe nggabungaken Brunei, Sabah lan Sarawak dhateng Federasi Malaysia ingkang njarag Pasurujukan Manila.[1] Amargi menika, pikajengan menika dipuntantang déning Présidhén Soekarno ingkang nggadhahi pamanggih menawi pembentukan Federasi Malaysia ingkang samenika dipunmangertosi kanthi nama Malaysia, minangka "bonéka Inggris" lan kalebet satunggalipun kolonialisme lan imperialisme ing wujud ingkang ènggal sarta dhukungan dhateng maneka warni gangguan kaamanan ing negari Indonésia lan pamberontakan ing Indonésia.[2][1]
Planggaran prajanjen internasional konsép THE MACAPAGAL PLAN ing antawisipun kanthi prajanjen Persekutuan Manila ing tanggal 31 Juli 1963, tanggal 3 Agustus 1963, tanggal 5 Agustus 1963 babagan dekolonisasi ingkang kedah ndherek rakyat Sarawak lan Sabah.[3]
Sababipun [sunting]
Nalika taun 1961, Kalimantan dipunperang dados sekawan wewengkon administrasi.[2] Kalimatan, satunggalipun provinsi ing Indonésia, ing sisih kidul Kalimantan.[2] Ing sisih lèr inggih menika Karajan Brunei lan kalih koloni Inggris; Sarawak lan Borneo Lèr, ingkang salajengipun nggadhahi nama Sabah.[2] Inggris nyobi nggabungaken koloni-nipun ing Kalimantan kaliyan Semenanjung Malaya, Federasi Malaya kanthi damel Federasi Malaysia.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c (en)[Mezerik, Avrahm. 1965. Malaysia-Indonesia conflict: creation of Malaysia, Indonesia's confrontation policy, Philippine and Indonesian claims, UN involvement, Indonesian withdrawal from UN, roles of UK, US, USSR, and China. Lonely Planet. USA:University of Michigan Press, International Review Service]
- ^ a b c d e (en)[Witton, Patrick. 2003. Indonesia. Lonely Planet. isbn=1740591542, 9781740591546]
- ^ (id)[http://untreaty.un.org/unts/1_60000/16/16/00030780.pdf United Nations — Treaty No. 8029 PHILIPPINES, FEDERATION OF MALAYA and INDONESIA] dipunundhuh tanggal 1 Agustus 2011)
Pranala Njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
|
|||||