Kompor

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kompor Gas

Kompor ya iku piranti masak kang ngasilaké panas asal sakageni.[1] Kompor biyasané ditemokaké ing pawon.[1] Bahan bakar kompor werna-werna kayata: [1]

Ing laboratorium kompor biyasané digunaké kanggo manasaké sampel utawa bahan kang diuji cobaké ing percobaan.[1]

[sunting] Sajarah

Nalika jaman peradhaban, manungsa wis ngerti geni kanggo ngolah panganan mentah supaya mateng.[2] Bangsa Timur kayata Cina, Korea, lan Jepang wis luwih dhisik ngerténi kompor utawa tungku tinimbang bangsa barat.[2] Nalika ditemokaké kang sepisanan kompor bentuké kaya tungku.[2] Tungku geni wis ana ing Cina wiwit jaman Dinasti Qin (221-206/207 SM).[2] Tungku iki digawé saka lemah.[2] Desainé mirip karo kamado ing Jepang nalika periodé Kerajaan Kofun ing abad 3 nganti 6. [2]Kamado nduwéni bentuk kothak persegi kang ngurungi geni ing bolongan dhuwuré kanggo wadhah panci.[2] Kamado dhuwuré sakdhengkulé wong diwasa. [2]Bahan bakar kamado yaiku kayu utawa batubara kang dilebokaké saka bolongan ing bagéyan ngarep.[2] Kamado terus dienggo nganti periodé Kerajaan Edo ing taun 1603-1867.[2]

Pedunung Éropah ing abad pertengahan isih masak nganggo kayu baker.[2] Banjur nggawé tatakan kang luwih cendhek kanggo masak.[2] Saliyané iku ana uga kang masak nganggo perapian saka watu kang kasusun.[2] Perapian iki dhuwuré padha kaya bangkékan.[2] Perapian iki uga diwénéhi cerobong pega.[2] Kanthi cara iki masak bisa karo ngadég.[2] Panci kang kanggo masak diséléhaké persis ing sandhuwuré geni, kanthi cara digantung ing saka utawa kaki tiga.[2] Kanggo ngatur panas mung ngunggahke utawa ngedhunake panci.[2]

Kompor lenga gas portabel kang sepisanan digawé nalika taun 1849.[2] Kang nggawé kompor lenga iki jenengé Alexis Soyer.[2] Kompor gas kang sepisanan digawé taun 1820.[2] Tanggal 20 September 1859 George B. Simpson ing Washington DC, Amérika Serikat nggawé hak patén kompor listrik kang nggunakaké pemanas saka kumparan.[2] Énergi listrik bisa diowahi dadi énergi panas saka kumparan.[2] Taun 1970 ana ide kang nganti kumparan kawat karo glass-caramic, saéngga kompor saiki ora ana ambuné, ora ana pegané lan bisa ringkes, ora ngentékké panggonan.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d (id)artikata.com(dipunundhuh tanggal 5 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x (id)archive.kaskus.us(dipunundhuh tanggal 5 Juni 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kompor&oldid=680523"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès